Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB

Apa Paédahé Alkitab kanggo Urip Kita?

Apa Paédahé Alkitab kanggo Urip Kita?

Alkitab kuwi dudu buku biyasa, merga isiné naséhat saka sing nggawé urip. (2 Timotéus 3:16) Mula, isiné Alkitab mesthi ana paédahé kanggo uripé awaké dhéwé. Alkitab kandha nèk ”pangandikané Gusti Allah iku gesang lan santosa”. (Ibrani 4:12) Tuntunané Alkitab kuwi gedhé kuwasané kanggo urip kita saben dina sarta isa mbantu kita sinau luwih akèh bab Gusti Allah lan janji-janjiné.1 Timotéus 4:8; Yakobus 4:8.

Tuntunan kanggo urip panjenengan. Naséhaté Alkitab kuwi migunani kanggo urip kita saben dina. Contoné:

Ana wong lanang sing isih enom saka Asia sing jenengé Vicent crita nèk dhèwèké lan bojoné ngajèni banget tuntunan saka Alkitab. Merga lagi waé nikah, Vicent lan bojoné, sing jenengé Annalou, ngalami masalah sing umum diadhepi wong bebojoan. Masalah kuwi isa ana merga béda sipaté utawa angèl komunikasi. Ning, wong loro kuwi mulai ngetrapké isiné Alkitab. Apa hasilé? Vicent kandha, ”Apa sing tak waca saka Alkitab mbantu aku tetep nduduhké katresnan senajan ngadhepi masalah ing urip bebojoan. Dadi, keluargaku isa tetep urip bungah.” Annalou uga setuju. Dhèwèké kandha, ”Maca pengalaman-pengalaman ing Alkitab isa mbantu uripé keluargaku dadi luwih marem lan nyenengké.”

Sinau luwih akèh bab Gusti Allah. Vicent uga kandha, ”Maca Alkitab mbantu aku dadi luwih cedhak marang Yéhuwah.” Saka pengalamané Vicent mau cetha nèk Alkitab kuwi isa mbantu awaké dhéwé dadi luwih akrab karo Gusti Allah. Dadi, panjenengan ora mung isa éntuk paédah saka naséhaté, ning uga isa dadi kanca akrabé. Panjenengan uga isa ngerti kersané Gusti Allah, yaiku ”urip kang sanyata” sing bakal kelakon ing donya mbésuk kanggo saklawasé. (1 Timotéus 6:19) Mung Alkitab sing isa mènèhi paédah kaya ngono.

Nèk panjenengan sinau lan ngetrapké tuntunané Alkitab, panjenengan isa ngrasakké urip sing luwih kepénak saiki lan dadi cedhak karo Gusti Allah. Ning, mbokmenawa pas maca Alkitab panjenengan nduwé pitakonan-pitakonan bab isiné Alkitab. Panjenengan isa niru contoné pejabat saka Étiopia sing urip 2.000 taun kepungkur. Dhèwèké nduwé akèh pitakonan bab Alkitab. Wektu ditakoni apa dhèwèké ngerti maksudé sing diwaca, dhèwèké njawab, ”Kadospundi anggèn kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” * Dhèwèké banjur gelem nampa bantuan saka Filipus, muridé Yésus ing abad kapisan sing wis ngerti akèh bab Alkitab. (Para Rasul 8:30, 31, 34) Semono uga, nèk péngin ngerti luwih akèh bab isiné Alkitab, panjenengan isa ngirim surat menyang alamat sing ana ing majalah iki utawa isa uga liwat situs wèb jw.org. Panjenengan uga isa ngubungi Seksi-Seksi Yéhuwah utawa mara ing Balé Ibadah sing ana ing dhaérah panjenengan. Dadi, saiki panjenengan isa mulai maca Alkitab lan ngrasakké dhéwé paédah saka tuntunané Alkitab.

Nèk panjenengan péngin ngerti apa Alkitab kuwi isa dipercaya tenan, deloken vidhéo sing judhulé Apa Buktiné Nèk Alkitab Kuwi Bener? Panjenengan uga isa scan kode utawa mbukak situs jw.org/jv, lan ndelok ing bagéan PUBLIKASI > VIDHÉO > ALKITAB

^ par. 8 Kanggo katrangan luwih akèh bab tuntunan-tuntunan saka Alkitab, deloken situs wèb jw.org/id. Deloken ing bagéan AJARAN ALKITAB > PERTANYAAN ALKITAB DIJAWAB.

^ par. 11 Deloken uga artikel ing majalah iki sing judhulé ”Apa Iki Mung Salah Paham Sing Sepélé?