Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kasangsaran​—⁠Apa Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?

Kasangsaran​—⁠Apa Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?

LUZIA CACAD SIKIL KIWANÉ. Wektu cilik, Luzia kena polio, penyakit sing nular lan nyerang sistem saraf. Wektu umur 16 taun, majikané kandha, ”Kowé cacad merga dihukum Gusti Allah, soalé kowé nakal lan ora manut karo ibumu.” Nganti pirang-pirang taun sakbanjuré, Luzia isih kelara-lara nèk kèlingan kuwi.

WEKTU DAMARIS NGERTI NÈK DHÈWÈKÉ KENA KANKER OTAK, bapaké takon, ”Apa sing wis kok tindakké? Kowé mesthi nindakké sing ala. Mulané kowé diukum Gusti Allah.” Atiné Damaris ngrasa kelara-lara merga omongan kuwi.

Kèt mbiyèn wong-wong wis mikir nèk lara kuwi hukuman saka Gusti Allah. Buku Manners and Customs of Bible Lands kandha nèk akèh wong ing jamané Kristus percaya nèk ”penyakit kuwi hukuman merga wong kuwi utawa keluargané wis nindakké dosa”. Buku Medieval Medicine and the Plague kandha nèk ing Abad Pertengahan (476 M-1500 M), ”ana sing percaya nèk Gusti Allah ngukum wong-wong sing dosa nganggo wabah penyakit”. Ing abad ke-14, ana wabah penyakit ing Eropa sing nyebabké jutaan wong mati. Apa kuwi hukuman saka Gusti Allah? Utawa, apa kuwi mung merga bakteri kaya kesimpulané para peneliti medis? Mbokmenawa ana sing takon, apa Gusti Allah pancèn nggunakké penyakit bèn wong-wong sengsara merga dosané? *

COBA DIPIKIR: Nèk penyakit lan kasangsaran kuwi hukuman saka Gusti Allah, lha ngapa kok Yésus, Putrané Gusti Allah, marèkké wong-wong sing lara? Apa kuwi ora padha karo nglawan keputusané Gusti Allah? (Matius 4:23, 24) Padahal Yésus ora tau nglawan Gusti Allah. Yésus kandha, ”Aku mesthi nindakké perkara-perkara sing nyenengké Panjenengané,” lan ”Aku mung nindakké apa sing dipréntahké Bapak marang aku.”​—Yohanes 8:29; 14:31.

Alkitab cetha nduduhké nèk Yéhuwah kuwi ”bener lan adil”. (Pangandharing Torèt 32:4) Contoné, Gusti Allah ora mungkin nyebabké kecelakaan pesawat lan matèni atusan wong sing ora salah, mung merga arep ngukum salah siji wong sing ana ing pesawat kuwi. Gusti Allah kuwi adil. Mula, Abraham, abdiné sing setya, kandha nèk Gusti Allah ora bakal ”numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka”. Abraham uga kandha, ”Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?” (Purwaning Dumadi 18:23, 25) Alkitab uga kandha nèk Gusti Allah ”ora tumindak luput” utawa ”tumindak culika”.​—Ayub 34:10-12.

APA KANDHANÉ ALKITAB?

Kasangsaran kuwi dudu hukuman kanggo kesalahan sing kita tindakké. Yésus dhéwé njelaské bab kuwi wektu dhèwèké lan para muridé ndelok wong sing wuta wiwit lair. ”Murid-muridé takon, ’Rabi, sapa sing dosa, wong iki apa wong tuwané, kok nganti dhèwèké wuta wiwit lair?’ Yésus njawab, ’Dudu merga dosané wong iki utawa dosané wong tuwané, nanging iki kelakon supaya wong-wong isa weruh kuwasané Gusti Allah liwat wong kuwi.’”​—Yohanes 9:1-3.

Para murid mesthi kagèt wektu Yésus kandha nèk wong lanang kuwi lara dudu merga dosané dhéwé utawa wong tuwané, soalé kuwi béda karo pandhangan sing umum wektu kuwi. Yésus ora mung marèkké wong lanang kuwi, ning uga nduduhké nèk kasangsarané wong kuwi dudu hukuman saka Gusti Allah. (Yohanes 9:6, 7) Dadi, wong-wong sing saiki lagi ngadhepi penyakit sing parah isa lega merga ngerti nèk dudu Gusti Allah sing nyebabké.

Apa sebabé Yésus marèkké wong-wong sing lara nèk penyakit kuwi hukuman saka Gusti Allah?

Ayat-ayat sing dadi jaminan

  • ”Gusti Allah ora isa dicoba, lan Panjenengané uga ora nyoba sapa waé nganggo bab-bab sing jahat.” (YAKOBUS 1:13) Malah, ”bab-bab sing jahat” sing wis suwé dialami manungsa, klebu penyakit, kasangsaran, lan kematian, ora suwé manèh bakal disingkirké.

  • Yésus Kristus ”marèkké kabèh sing lara”. (MATIUS 8:16) Kuwi sakjané nduduhké apa sing bakal ditindakké Kratoné Allah kanggo kabèh manungsa.

  • ”Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh. Perkara-perkara sing mbiyèn kelakon wis ora ana manèh.”​—WAHYU 21:3-5.

SAPA SING KUDUNÉ DISALAHKÉ?

Dadi, apa sebabé manungsa ngalami akèh kasangsaran? Nèk dudu Gusti Allah sing nyebabké, lha terus sapa? Kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

^ par. 4 Pancèn mbiyèn Gusti Allah tau ngukum wong merga dosa-dosa sing ditindakké. Ning, ora ana katrangan ing Alkitab sing nduduhké nèk Yéhuwah saiki nggunakké penyakit utawa musibah kanggo ngukum wong-wong.