Gusti Allah Nduwé Émpati

Gusti Allah Nduwé Émpati

SINAU SAKA CARANÉ MANUNGSA DICIPTAKKÉ

Dr. Rick Hanson, ahli keséhatan méntal ngomong, ”Wektu lair awaké dhéwé wis nduwé émpati.” Émpati kuwi ”kemampuan kanggo ngrasakké perasaané wong liya lan mbayangké piyé rasané nèk awaké dhéwé sing ngalami kuwi”.

COBA DIPIKIR: Ing bumi, mung manungsa sing nduwé émpati. Kok isa? Ing Alkitab disebutké nèk manungsa digawé mirip gambaré Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 1:26) Awaké dhéwé nduwé kemampuan kanggo nduduhké sifat-sifat sing diduwèni Gusti Allah. Dadi, wektu awaké dhéwé nulungi wong liya merga nduwé rasa émpati, kuwi sakjané niru Yéhuwah sing apikan.​—Wulang Bebasan 14:31.

ANA KETERANGAN APA ING ALKITAB?

Gusti Allah ora seneng ndelok awaké dhéwé susah lan isa ngerti rasané susah. Contoné, mbiyèn bangsa Israèl dadi budhak lan disiksa ing Mesir, terus ngalami kesusahan ing padhang belantara nganti 40 taun. Ing Alkitab disebutké, ”Dhèwèké susah wektu wong-wong kuwi susah.” (Yésaya 63:9) Gusti Allah isa ngrasakké kesusahan sing dialami umaté. Gusti Allah ngomong, ”Aku ngerti banget kesusahané wong-wong kuwi.” (Pangentasan 3:7) Gusti Allah ya ngomong, ”Sapa waé sing nglarani kowé berarti nglarani mripat-Ku.” (Zakharia 2:8) Dadi wektu awaké dhéwé susah, Gusti Allah ya ngrasakké kuwi.

Isa waé awaké dhéwé rumangsa ora pantes disayangi lan digatèkké Gusti Allah. Tapi, ing Alkitab disebutké, ”Gusti Allah luwih unggul timbang atiné awaké dhéwé, lan Dhèwèké ngerti kabèh.” (1 Yohanes 3:19, 20) Gusti Allah ngerti tenan soal awaké dhéwé, termasuk keadaan, pikiran, lan perasaané awaké dhéwé. Mula, Gusti Allah ya isa ngrasakké kesusahan sing awaké dhéwé alami.

Awaké dhéwé isa ngrasa terhibur meskipun ngalami kesusahan merga éntuk kawicaksanan lan dhukungan saka Gusti Allah

Ayat-ayat sing nguwatké

  • ”Nèk kowé ngundang, Aku, Yéhuwah, bakal njawab. Nèk kowé njaluk tulung, Aku bakal ngomong, ’Kéné Tak tulungi.’”​—YÉSAYA 58:9.

  • ”Yéhuwah kandha, ’Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan. Kowé bakal njaluk tulung lan ndonga marang Aku, lan Aku bakal ngrungokké kowé.’”​—YÉRÉMIA 29:11, 12.

  • ”Air mataku mbok simpen ing wadhah banyu. Kabèh kuwi mbok tulis ing buku-Mu.”​—MAZMUR 56:8.

GUSTI ALLAH NGERTI PERASAANÉ AWAKÉ DHÉWÉ

Apa manfaaté ngerti nèk Gusti Allah kuwi isa ngrasakké kesusahané awaké dhéwé? Gatèkna pengalamané Maria:

”Aku ngrasa urip iki abot lan ora adil. Sakwisé lara kanker rong taun, anakku lanang mati wektu umuré 18 taun. Aku nesu karo Yéhuwah merga ora nulungi lan marèkké anakku.

”Enem taun bar kuwi, ana sedulur seiman sing apikan lan gelem ngrungokké wektu aku nyritakké perasaanku soal Yéhuwah nganti pirang-pirang jam. Sakwisé kuwi, dhèwèké ngutip 1 Yohanes 3:19, 20 sing isiné, ’Gusti Allah luwih unggul timbang atiné awaké dhéwé, lan Dhèwèké ngerti kabèh.’ Terus dhèwèké ngomong nèk Yéhuwah ngerti kesusahané awaké dhéwé.

”Tapi, aku tetep nesu karo Yéhuwah. Terus, aku maca Mazmur 94:19, sing isiné, ’Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.’ Aku ngrasa nèk ayat iki ditulis khusus kanggo aku. Aku dadi lega wektu nyritakké kabèh sing tak rasakké karo Yéhuwah. Aku yakin Yéhuwah ngrungokké lan ngerti kesusahanku.”

Lega banget rasané merga ngerti nèk Yéhuwah isa ngrasakké kesusahané awaké dhéwé. Nèk ngono, ngapa kok ana akèh kesusahan? Apa kuwi hukuman saka Gusti Allah? Apa Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan? Kuwi bakal dirembug ing artikel-artikel berikuté.