Langsung mlebu

PENJELASAN AYAT ALKITAB

Mazmur 46:11, ”Menenga, lan Padha Weruha Yèn Aku Iki Allah”

Mazmur 46:11, ”Menenga, lan Padha Weruha Yèn Aku Iki Allah”

 ”Kowé kudu nyerah lan kudu ngerti nèk aku iki Gusti Allah. Aku bakal diluhurké ing antarané bangsa-bangsa. Aku bakal diluhurké ing bumi.”—Mazmur 46:10 a, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Menenga, lan padha weruha yèn Aku iki Allah! Kang luhur dhéwé ing antarané bangsa-bangsa iya luhur dhéwé ana ing bumi.”—Mazmur 46:11, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan.

Artiné Mazmur 46:10 [11]

 Gusti Allah ngandhani wong-wong nèk kudu nyembah Dhèwèké lan ngakoni nèk Dhèwèké sing berhak mréntah bumi. Nèk kaya ngono, awaké dhéwé isa urip saklawasé.—Wahyu 4:11.

 ”Kowé kudu nyerah lan kudu ngerti nèk aku iki Gusti Allah.” Ing beberapa terjemahan Alkitab, bagéan pertama saka kalimat kuwi diterjemahké ”menenga”. Kuwi nggawé wong-wong salah paham karo artiné, meréka mikiré nèk kudu sopan lan tetep meneng pas ing gréja. Tapi sakjané arti ing basa Ibraniné kuwi ”kudu nyerah lan kudu ngerti nèk aku iki Gusti Allah”. Kuwi kata-katané Yéhuwah b kanggo wong-wong saka kabèh bangsa. Dadi, Yéhuwah péngin wong-wong manut lan mung nyembah Dhèwèké.

 Ing Mazmur 2, Gusti Allah ya ngomong nèk bakal ngukum wong-wong sing ora manut Dhèwèké. Tapi, wong-wong sing ”nggolèk perlindungan marang Dhèwèké” bakal bahagia lan aman meskipun keadaané susah. (Mazmur 2:9-12) Soalé meréka ngakoni nèk mung Gusti Allah sing berhak mréntah, isa ngekèki tuntunan, kekuwatan, lan kawicaksanan.

 ”Aku bakal diluhurké ing antarané bangsa-bangsa. Aku bakal diluhurké ing bumi.” Mbiyèn wektu Yéhuwah nggunakké kekuwatané kanggo nglindhungi umaté, Yéhuwah diluhurké. (Pangentasan 15:1-3) Sukmbèn Yéhuwah ya bakal diluhurké pas kabèh wong ing bumi manut lan mung nyembah Dhèwèké.—Mazmur 86:9, 10; Yésaya 2:11.

Latar Belakangé Mazmur 46:10 [11]

 Ana keterangan sing nyebutké nèk isiné Mazmur 46 kuwi ”lagu pujian kanggo Gusti Allah sing Mahakuwasa lan sing nglindhungi umaté”. Wektu nyanyèkké Mazmur 46, umaté Yéhuwah nduduhké nèk meréka percaya Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nglindhungi lan mbantu meréka. (Mazmur 46:1, 2) Kata-kata kuwi ya ngyakinké meréka nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké meréka.—Mazmur 46:7, 11.

 Ing isiné Mazmur kuwi ya disebutké nèk umaté kudu ngéling-éling carané Yéhuwah mbantu meréka, bèn meréka tambah yakin karo kuwasané Yéhuwah sing isa nglindhungi. (Mazmur 46:8) Lagu kuwi ya nduduhké nèk Yéhuwah sanggup ngendhegké perang. (Mazmur 46:9) Jaman mbiyèn kuwi kelakon pas Yéhuwah nglindhungi umaté saka serangan mungsuh. Tapi nèk sukmbèn Yéhuwah bakal bener-bener ngendhegké perang ing bumi.—Yésaya 2:4.

 Jaman saiki Yéhuwah bakal terus nglindhungi lan mbantu umaté. Makané Rasul Paulus ngandhani bèn awaké dhéwé njaluk bantuan lan ngendelké Yéhuwah. (Ibrani 13:6) Kata-kata ing Mazmur 46 nggawé awaké dhéwé tambah yakin nèk Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nglindhungi awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah kuwi ”kekuwatanku lan sing nglindhungi aku”.—Mazmur 46:1.

 Deloken vidéo soal buku Mazmur.

a Ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, superskripsi Mazmur 46 ora dianggep ayat pertama. Makané nomer ayat ing Mazmur 46 ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar béda karo terjemahan Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?