Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 109

Tresna saka Ati

Tresna saka Ati

(1 Pétrus 1:22)

  1. 1. Tresnané Yéhuwah Gusti

    kuwi katresnan sejati.

    Umaté kudu nresnani

    tulus saka ati.

    Nèk tresnané saka ati,

    Nemokké kanca sejati,

    Merga terus rendah hati,

    Kabèh diajèni.

    Pas ana sing mbutuhké

    bantuané awaké dhéwé,

    Bantuan diwènèhké,

    Katresnan dibuktèkké.

    Yah mbantu awaké dhéwé

    liwat contoné Anaké,

    Dadi ngerti katresnané.

    Ayo niru sifaté,

    Saka ati tresnané.