Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 20

Anak-Mu Wis Dikorbanké

Anak-Mu Wis Dikorbanké

(1 Yohanes 4:9)

  1. 1. Yéhuwah, Bapakku,

    Maturnuwun aku.

    Tebusan anak-Mu

    nylametké aku.

    Kanggo Yah uripku,

    ’Ku dadi abdi-Mu.

    Wong liya tak bantu

    bèn ngerti tresna-Mu.

    (REFREIN)

    Huwah tak luhurké

    nganti saklawasé.

    Tresnané Huwah gedhé,

    Anaké wis dikorbanké.

  2. 2. Jeneng-Mu, sifat-Mu,

    Nggawé seneng aku.

    Kepéngin t’rus aku

    dadi kanca-Mu.

    Berharga kanggoku,

    Tebusan anak-Mu.

    Hadiah ’nggo aku,

    Bukti katresnan-Mu.

    (REFREIN)

    Huwah tak luhurké

    nganti saklawasé.

    Tresnané Huwah gedhé,

    Anaké wis dikorbanké.

    (AKHIR)

    Yéhuwah, Bapakku, rungokna dongaku,

    Lan nuwun Yéhuwah ’nggo tebusan anak-Mu.

(Deloken Yoh. 3:16; 15:13.)