Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Aja Gampang Percaya karo Kabèh Informasi

Aja Gampang Percaya karo Kabèh Informasi

 Saiki éntuk informasi kuwi gampang banget, termasuk informasi sing bermanfaat. Tapi, kudu ngati-ati soalé ana:

  •   Berita sing isa marahi wong salah paham

  •   Berita sing ora bener

  •    Téori konspirasi

 Contoné, sekretaris-jénderal PBB ngomong nèk selama pandemi COVID-19, ana akèh banget berita sing ora bener. Dhèwèké ngomong, ”Ana akèh informasi soal perawatan keséhatan sing ora bener lan malah berbahaya. Ing TV, radio, lan Internèt ya akèh banget berita sing ora bener. Akibaté, wong-wong dadi ora percaya, terus malah nganti sengit karo wong liya.”

 Mémang, kèt mbiyèn wis ana wong-wong sing senengané nyebarké berita sing ora bener. Tapi saiki ”wong-wong sing jahat lan tukang ngapusi bakal dadi saya jahat. Wong-wong kuwi bakal ngapusi wong-wong lan diapusi karo wong liya”. (2 Timotius 3:1, 13) Berita sing ora bener isa gampang banget nyebaré. Terus merga ngira berita kuwi bener, awaké dhéwé ya isa waé nyebarké kuwi karo wong liya. Akibaté, ana akèh banget informasi sing ora bener ing e-mail, média sosial, lan berita.

 Piyé carané bèn awaké dhéwé ora kapusan karo berita sing ora bener lan téori konspirasi? Ing Alkitab ana saran-saran sing apik.

  •   Aja gampang percaya

     Ayat: ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”​—Wulang Bebasan 14:15.

     Nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa gampang kapusan. Misalé, ana wong sing seneng nyebarké gambar sing dikèki tulisan utawa vidéo sing tujuané kanggo nglucu, sing biasané disebut meme. Meme biasané disebarké liwat média sosial. Tapi, kuwi isa waé digawé-gawé. Akibaté, wong sing ndelok isa salah paham.

     ”Menurut para peneliti, informasi sing ana ing média sosial kuwi biasané wis digawé-gawé, contoné meme.”​—Axios Media.

     Pikirna: ’Apa informasi iki isa dipercaya, utawa apa iki mung digawé-gawé?’

  •   Kudu mastèkké sumber lan isiné

     Ayat: ”Kowé kudu mastèkké apa sing bener.”​—1 Tésalonika 5:21.

     Aja gampang percaya utawa mèlu-mèlu nyebarké berita meskipun kuwi wis ana ing endi-endi. Dadi, awaké dhéwé kudu piyé?

     Pikirna apa sumberé isa dipercaya. Kantor berita utawa liyané isa waé nggawé keterangan sing salah dadi kétok bener merga terpengaruh karo pemimpin politik, utawa merga péngin bèn beritané dadi menarik. Bandhingna berita kuwi karo sumber liya. Nèk njenengan dikirimi berita sing ora bener liwat média sosial utawa e-mail, aja langsung percaya. Kuwi kudu dicèk sik sumberé.

     Pastèkna apa isi berita kuwi bener lan wis sing paling anyar. Deloken tanggalé, lan pastèkna bukti-buktiné. Aja langsung percaya karo berita sing digedhèk-gedhèkké utawa sing ora lengkap, apa manèh nèk keterangan sing penting-penting malah ora disebutké.

     ”Nèk éntuk berita, kuwi kudu dipastèkké sik. Kuwi padha pentingé karo cuci tangan.”​—Sridhar Dharmapuri, Petugas Senior PBB Bidang Keamanan Makanan dan Nutrisi.

     Pikirna: ’Apa berita iki bener lan sesuai karo kenyataané? Apa keterangan ing berita iki wis lengkap, ora mung sepihak?’

  •   Aja gampang percaya mung merga péngin krungu kuwi

     Ayat: ”Wong sing percaya karo dhèwèké dhéwé kuwi bodho.”​—Wulang Bebasan 28:26.

     Biasané awaké dhéwé gampang percaya berita merga isiné kaya sing dipéngini. Terus, sing kerep digolèki kuwi biasané sing bakal njedhul pas awaké dhéwé mbukak Internèt. Padahal, berita sing awaké dhéwé senengi kuwi durung mesthi bener.

     ”Manungsa ki sakjané isa mikir, tapi kadhang luwih seneng ngrungokké sing dipéngini, terus nganggep nèk kuwi bener.”​—Peter Ditto, psikolog sosial.

     Pikirna: ’Apa aku percaya berita kuwi merga isiné kaya sing tak péngini?’

  •   Aja nyebarké informasi sing ora bener

     Ayat: ”Aja nyebarké kabar sing ora bener.”​—Pangentasan 23:1.

     Aja seneng nyebarké berita sing durung dipastèkké, soalé wong isa waé dadi percaya. Meskipun karepé apik, nèk ternyata berita kuwi ora bener, mesthi ana akibaté.

     ”Sakdurungé nyebarké berita, awaké dhéwé kudu mikir sik beritané iki bener apa ora. Nèk kabèh wong ngono, berita-berita sing ora bener ing Internèt ora bakal dadi tambah akèh.”​—Peter Adams, wakil presiden senior ing News Literacy Project.

     Pikirna: ’Berita sing mèh tak sebarké iki bener apa ora?’