Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Buku Anyar kanggo Sinau Alkitab

Buku Anyar kanggo Sinau Alkitab

1 APRIL 2022

 Sasi Januari 2021 Pengurus Pusat ngumumké nèk ana buku sing anyar dienggo sinau Alkitab, judhulé Bahagia Saklawasé. a Apa njenengan seneng karo buku iki? Matthew saka Kanada ngomong, ”Aku seneng banget. Terus pas Pengurus Pusat njelaské ngapa kok nggawé buku iki lan nyritakké pengalamané sedulur-sedulur sing wis nganggo buku iki, aku ya dadi ora sabar péngin ndang nganggo.”

 Sinau nganggo buku Bahagia Saklawasé iki luwih gampang lan nyenengké. Terus bahan bukuné ya luwih apik timbang buku-buku liyané. Apa waé sing nggawé buku iki luwih apik?

Buku sing Apik Banget

 Kertasé luwih kandel. Lha ngapa kok kudu luwih kandel? Ing buku Wulangan Alkitab, gambaré ora nganti 60. Tapi ing buku Bahagia Saklawasé ana luwih saka 600 gambar sing berwarna. Terus ing buku kuwi ya ana akèh bagéan sing kosong, mung putih thok. Dadi nèk kertasé tipis, mengko gambaré isa tembus ing halaman mburiné. Makané para sedulur ing Departemèn Percétakan Internasional ing Wallkill, New York, Amerika Serikat ngetès patang jenis kertas sing biasané dienggo ing buku-buku liyané. Terus Panitia Penulisan saka Pengurus Pusat sing milih endi kertas sing paling apik. Meskipun kertasé luwih larang timbang sing dienggo buku-buku liyané, tapi hasilé luwih apik.

Sing kanan kuwi kertas sing dienggo ing buku Bahagia Saklawasé

 Sampulé luwih apik. Kualitas sampulé sing dipilih sing apik. Nèk biasané bukuné awaké dhéwé sampulé mengkilap, tapi nèk buku Bahagia Saklawasé ora. Dadi gambar ing sampulé dadi luwih jelas. Merga bahané apik, sampulé ya dadi luwih awèt. Mémang sampul sing iki luwih larang timbang sampul sing mengkilap. Makané beberapa kantor cabang tukuné bareng-bareng bèn isa éntuk rega sing luwih murah.

Sampulé dilaminating

 Ngapa kok sing dipilih bahan-bahan sing larang? Sedulur sing kerja ing Departemèn Percétakan Internasional ngomong, ”Buku iki bakalé dienggo terus, makané kudu milih bahan sing luwih awèt.” Sedulur Eduardo ing Kantor Percétakan ing cabang Brasil ngomong, ”Aku seneng banget merga organisasi nganggo bahan-bahan sing apik lan awèt, dadi ya isa hémat dhuwit sumbangan.”

Nyétak Pas Pandemi

 Buku Bahagia Saklawasé mulai dicétak sasi Maret 2021. Pas kuwi lagi pandemi, dadi Bètel lagi lockdown. Ing percétakan dadi kekurangan tenaga, soalé wis ora ana komuter Bètel sing teka, terus ya ora isa ngundang sedulur-sedulur kanggo nglayani ing Bètel. Malah, ana beberapa percétakan sing ditutup merga ana pembatasan saka pemerintah.

 Terus akhiré piyé? Anggota Bètel saka departemèn liya ditugaské mbantu ing percétakan. Sedulur Joel sing kerja ing Departemèn Percétakan Internasional ngomong, ”Gawéan iki akhiré isa rampung merga meréka réla belajar hal sing baru bèn isa ngéwangi ing kéné.”

 Meskipun ana tantangan, akhiré organisasi isa nyétak jutaan buku Bahagia Saklawasé. Saka sasi Maret nganti Juli 2021, organisasi wis ngetokké luwih saka 33 milyar rupiah kanggo tuku plat cétak, plastik laminating, kertas, tinta, karo lém. Bèn isa hémat, organisasi mung nyétak sesuai pesenané jemaat.

”Pokoké Apik Banget”

 Piyé tanggepané para sedulur lan sing sinau Alkitab? Sedulur Paul ing Australia ngomong, ”Ngejak wong sinau Alkitab nganggo buku Bahagia Saklawasé iki mesthi pénak banget. Bukuné tampilané apik, isi karo pertanyaané jelas. Terus ing kono ya ana vidéo, gambar, tabèl, lan kothak rencana kanggo sing sinau. Pokoké apik banget. Aku dadi péngin luwih trampil nganggo buku iki.”

 Ana bapak-bapak ing Amerika Serikat sing sinau Alkitab ngomong, ”Aku seneng banget karo buku sing anyar iki. Saka gambar karo vidéoné aku dadi ngerti intiné lan apa sing kudu tak upayakké.” Bapak-bapak kuwi sinau Alkitab seminggu ping pindho lan rajin teka ing pertemuan ibadah.

 Pengurus Pusat setuju nèk buku Bahagia Saklawasé dicétak ing 710 basa. Iki luwih akèh timbang buku Wulangan Alkitab sing mung ana ing 370 basa.

 Dhuwit kanggo nyétak kuwi saka endi? Saka sumbangané njenengan kabèh liwat situs donate.jw.org. Maturnuwun banget merga njenengan wis murah hati, dadi organisasi isa nggawé buku kanggo sinau Alkitab bèn wong-wong isa kenal karo Yéhuwah lan ”urip saklawasé”.—Mazmur 22:26.

a Pengumumané kuwi pas Pertemuan Tahunan.