Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Hiburan Kaya Apa sing Kuduné Tak Pilih?

Hiburan Kaya Apa sing Kuduné Tak Pilih?

Apa sebabé awaké dhéwé kudu ati-ati wektu milih hiburan? Merga film, lagu, situs web, utawa game sing awaké dhéwé pilih kuwi ana pengaruhé kanggo pikiran lan tumindaké awaké dhéwé. Terus, akèh-akèhé hiburan sing ana saiki isiné ora cocog karo apa sing dikarepké Yéhuwah. (Ms 11:5; Gal 5:19-21) Mula, Alkitab ngongkon bèn awaké dhéwé terus mikirké apa sing isa ngluhurké Yéhuwah.​—Flp 4:8.

DELOKEN VIDEO HIBURAN SING KUDUNÉ TAK PILIH, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sebabé pertunjukan gladiator pas jaman Roma mbiyèn padha karo akèh hiburan sing ana saiki?

  • Piyé carané para sedulur ing jemaat isa mbantu cah enom bèn luwih ati-ati wektu milih hiburan?

  • Piyé pathokan sing ana ing Roma 12:9 isa mbantu awaké dhéwé wektu arep milih hiburan?

  • Apa waé conto-conto hiburan ing dhaérahé njenengan sing ora nglanggar pathokané Yéhuwah?