Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 17

Gampang Dingertèni

Gampang Dingertèni

1 Korintus 14:9

RINGKESAN: Mbantu sing ngrungokké bèn isa paham omongané awaké dhéwé.

CARANÉ:

  • Persiapan. Kudu ngerti tenan bahané bèn awaké dhéwé isa njelaské nganggo kata-katané dhéwé lan nganggo cara sing sederhana.

  • Nggunakké kalimat sing singkat. Gunakna kalimat sing singkat bèn gagasané langsung dipahami karo sing ngrungokké.

  • Nerangké kata-kata sing angèl dingertèni. Aja kakèhan nggunakké kata-kata sing ora gampang dingertèni. Nèk pancèn kudu digunakké, terangna maksudé. Misalé, awaké dhéwé isa nerangké kata-kata sing jarang digunakké, tokoh Alkitab, kebiasaan ing jaman Alkitab, lan ukuran sing digunakké wektu kuwi.