Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kiwa: Pakumpulan ibadah nèng njaba ing London, Inggris, taun 1945; tengen: Kebaktian istiméwa ing Malawi, Afrika, taun 2012

BAGÉAN 5

Pendhidhikan Kratoné Allah—Sang Raja Nglatih Umaté

Pendhidhikan Kratoné Allah—Sang Raja Nglatih Umaté

ANA sedulur sing isih enom saka jemaat panjenengan lagi ceramah sing sepisanan ing kebaktian. Panjenengan mèsem lan bangga wektu ndeloki dhèwèké. Karo ngrungokké ceramahé, panjenengan mikir, ’Yéhuwah maringi pelatihan sing apik banget marang umaté. Buktiné ya sedulur iki. Dhèwèké wis nggawé akèh kemajuan wiwit ceramahé sing sepisanan.’ Sedulur kuwi nggawé kemajuan sing apik sakwisé mèlu Sekolah kanggo Perintis. Akir-akir iki, dhèwèké lan bojoné mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah. Wektu kabèh sing teka padha keplok-keplok merga ceramahé apik banget, panjenengan ndelok sakiwa tengené panjenengan lan mikirké tuntunan sing wis ditampa umaté Allah.

Alkitab ngramalké nèk umaté Allah bakal ”dadi siswaning Yéhuwah”. (Yé. 54:13) Awaké dhéwé saiki urip ing jaman wektu ramalan iki kelakon. Awaké dhéwé didhidhik ora mung liwat wacan-wacan, ning uga liwat pakumpulan ibadah, kebaktian, lan akèh sekolah sing dirancang bèn awaké dhéwé siyap nindakké tugas saka pakumpulané Yéhuwah. Ing bagéan iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé kabèh pendhidhikan iki dadi bukti sing nyata nèk Kratoné Allah saiki wis mréntah.

ING BAGÉAN IKI

BAB 16

Ngumpul Bareng kanggo Ngibadah

Piyé bèn éntuk paédah saka pakumpulan ibadah kanggo nyembah Yéhuwah?

BAB 17

Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah

Piyé sekolah-sekolah téokratis wis mbantu para penginjil Kratoné Allah bèn isa nindakké tugasé?