BAGÉAN 3
Hukum lan Pathokan—Ngutamakké sing Bener Miturut Allah
PANJENENGAN nyapa tanggané panjenengan pas liwat nèng ngarep omahé. Akir-akir iki, dhèwèké seneng nggatèkké panjenengan lan keluarga. Dhèwèké mbales nyapa terus ngongkon panjenengan mampir nèng omahé. Dhèwèké takon, ”Nèk tak gatèkké, kowé lan keluargamu kok béda ya?” Panjenengan takon, ”Maksudé apané sing béda?” Dhèwèké njawab, ”Aku ngerti kowé Seksi-Seksi Yéhuwah. Kowé béda karo wong liyané. Kowé ora ngrayakké riyaya apa-apa, ora mèlu-mèlu politik, lan perang. Kowé ya ora ngrokok, lan keluargamu mentingké banget bab moral. Ngapa kok kowé béda?”
Panjenengan ngerti jawabané lan kuwi cetha banget: Awaké dhéwé urip manut karo hukum lan pathokané Kratoné Allah. Yésus Sang Raja terus nggawé murni awaké dhéwé. Yésus mbantu awaké dhéwé niru contoné bèn isa béda karo wong-wong umumé. Ing bagéan iki, bakal dirembug piyé Kratoné Sang Mèsih nggawé murni pakumpulan lan umaté Allah ing bab rohani lan moral. Kabèh ditindakké kanggo kamulyané Yéhuwah.
ING BAGÉAN IKI
BAB 11
Murni bab Moral—Niru Sipat Suciné Gusti Allah
Kamar jaga lan dalan mlebu ing wahyu sing ditampa Yéheskièl nduwé makna sing istiméwa kanggo umaté Allah wiwit taun 1914.
BAB 12
Diatur kanggo Nglayani ’Allah Tentrem-Rahayu’
Alkitab mbandhingké kisruh ora karo tertib, ning dibandhingké karo tentrem? Lan apa pengaruh saka jawaban kuwi kanggo wong Kristen saiki?

