Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa panjenengan péngin banget ndelok janji Kratoné Allah kelakon?

BAGÉAN 7

Janji Kratoné Allah​—⁠Nggawé Kabèh Dadi Anyar

Janji Kratoné Allah​—⁠Nggawé Kabèh Dadi Anyar

PANJENENGAN methik buah apel sing gedhé. Sakdurungé nglebokké nèng kranjang, panjenengan ngambu dhisik aromané sing arum. Wis suwé kerja, ning panjenengan ora kesel malah luwih semangat. Ora adoh saka kono, ibuné panjenengan kerja kanthi sumringah karo ngobrol-ngobrol bareng keluarga lan kanca liyané sing mbantu methik apel. Wajahé ibu kétok enom banget, kaya sing panjenengan delok wektu panjenengan isih cilik. Rasané ora percaya. Ing donya sing lawas, panjenengan ndelok ibu saya tuwa lan lara. Kahanané saya lemes lan akiré séda. Pas arep séda, panjenengan nyekeli tangané. Panjenengan uga nangis nèng kuburané. Ning saiki, ibuné panjenengan urip manèh, bareng karo akèh wong liyané sing urip manèh lan awaké séhat.

Gambaran kuwi ora mung mimpi, merga awaké dhéwé yakin nèk janjiné Allah mesthi kelakon. Ing bagéan iki, awaké dhéwé bakal ngrembug janji-janjiné Kraton sing bakal ditindakké ora suwé manèh, nganti perang Armagédhon teka. Terus bakal dirembug berkah-berkah sing diwènèhké Kratoné Allah sakwisé kuwi. Bayangna senengé wektu Kratoné Allah mréntah saklumahing bumi. Wektu kuwi, kabèh sing digawé bakal dadi anyar.

ING BAGÉAN IKI

BAB 21

Kratoné Allah Nyingkirké Mungsuhé

Panjenengan isa siyap-siyap saiki kanggo ngadhepi perang Armagédhon.

BAB 22

Kratoné Allah Mujudké Kersané Allah ing Bumi

Piyé panjenengan isa yakin nèk janjiné Yéhuwah bakal dadi nyata?