Langsung mlebu

Kapan Gusti Allah Nyiptakké Alam Semesta?

Kapan Gusti Allah Nyiptakké Alam Semesta?

Jawabané Alkitab

Alkitab ora nyebutké kapan lan sepira suwéné Gusti Allah nyiptakké alam semesta. Alkitab mung kandha, ”Awalé Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.” (Purwaning Dumadi 1:1, Terjemahan Dunia Baru (NWT)) Alkitab ora nyebutké kapan persisé ’awal’ kuwi ana. Ning, nèk awaké dhéwé ndelok urutan penciptaan ing buku Purwaning Dumadi, alam semesta wis ana sakdurungé enem dina penciptaan.

 Apa enem dina penciptaan kuwi maksudé enem ping 24 jam?

Ora. Ing Alkitab, kata ”dina” kuwi ora mesthi 24 jam. Malah, salah siji ayat nyebut enem dina penciptaan kuwi sedina.​—Purwaning Dumadi 2:4.

 Apa waé sing diciptakké ing enem dina penciptaan?

Gusti Allah nggawé bumi sing ”campur bawur lan suwung” dadi panggonan sing isa dienggoni. (Purwaning Dumadi 1:2) Terus, Gusti Allah nyiptakké makhluk hidup ing bumi. Alkitab njelaské enem kelompok sing diciptakké ing dina penciptaan yaiku:

  • Dina pertama: Gusti Allah nggawé cahaya bèn awan lan bengi isa dibédakké.​—Purwaning Dumadi 1:3-5.

  • Dina keloro: Gusti Allah misahké banyu sing ana ing permukaan bumi. Sebagéan tetep ana ing permukaan bumi lan sing liyané munggah ing ndhuwuré permukaan bumi.​—Purwaning Dumadi 1:6-8.

  • Dina ketelu: Gusti Allah nggawé daratan mulai kétok lan nyiptakké tumbuhan.​—Purwaning Dumadi 1:9-13.

  • Dina kepapat: Gusti Allah nggawé bèn matahari, bulan, lan bintang kétok saka bumi.​—Purwaning Dumadi 1:14-19.

  • Dina kelima: Gusti Allah nggawé kéwan sing urip ing banyu lan kéwan sing isa mabur.​—Purwaning Dumadi 1:20-23.

  • Dina keenem: Gusti Allah nggawé kéwan sing ana ing daratan lan manungsa.​—Purwaning Dumadi 1:24-31.

Sakwisé dina keenem rampung, Gusti Allah istirahat.​—Purwaning Dumadi 2:1, 2.

 Apa katrangan ing buku Purwaning Dumadi cocog karo ilmu pengetahuan?

Alkitab ora mènèhi akèh katrangan soal ilmu pengetahuan. Ning, katrangan Alkitab soal penciptaan kuwi sederhana. Dadi, wong-wong ing jaman Alkitab isa langsung ngerti piyé urutané penciptaan. Ahli Astronomi sing jenengé Robert Jastrow nulis, ”Senajan perinciané béda, ning ana katrangan penting ing ilmu astronomi lan ing buku Purwaning Dumadi sing padha, yaiku urutan peristiwa sing ujug-ujug ana nganti penciptaan manungsa.”

 Kapan matahari, bulan, lan bintang diciptakké?

Matahari, bulan, lan bintang wis ana ing ”langit” kèt kuwi diciptakké ing ’awal’. (Purwaning Dumadi 1:1) Ning, merga lapisan atmosfér bumi kuwi kandel banget, cahaya ora isa mlebu ing permukaan bumi. (Purwaning Dumadi 1:2) Senajan cahayané wis mulai kétok ing dina pertama, ning sumber cahayané durung kétok. Ing dina kepapat, atmosféré dadi saya jernih. Alkitab kandha nèk matahari, bulan, lan bintang mulai ”madhangi bumi”. Kata-kata kuwi njelaské piyé benda-benda penerang kuwi mulai kétok saka bumi.​—Purwaning Dumadi 1:17.

 Nurut Alkitab, pira umuré bumi?

Alkitab ora nyebutké pira umuré bumi. Purwaning Dumadi 1:1 mung kandha nèk alam semesta, termasuk bumi, kuwi ana awalé. Kata-kata iki ora bertentangan karo ilmu pengetahuan lan para ilmuwan.