Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Wong Wuta

Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Wong Wuta

PENTING MERGA: Wong wuta biasané ngrasa ora nyaman omong-omongan karo wong sing ora dikenal. Mula, butuh ketrampilan kanggo mènèhi kesaksian marang wong wuta. Merga tresna, Yéhuwah nggatèkké wong wuta. (Km 19:14) Awaké dhéwé ya isa niru Yéhuwah nèk ngupaya mbantu wong wuta bèn isa dadi kancané Yéhuwah.

CARANÉ:

  • ʼNggolèki’ wong wuta. (Mat 10:11) Apa awaké dhéwé kenal karo wong sing nduwé keluarga utawa sedulur sing wuta? Apa ing dhaérahé awaké dhéwé ana sekolah-sekolah, panggonan-panggonan kanggo ngurus wong-wong sing lemah fisik, utawa panggonan-panggonan liyané sing gelem nampa publikasi khusus kanggo wong wuta?

  • Nduduhké nèk perduli. Wong wuta isa ngrasa nyaman nèk awaké dhéwé ramah lan perduli. Awaké dhéwé isa nyoba kanggo ngobrol soal topik sing disenengi akèh wong ing dhaérah kono

  • Mènèhi bantuan rohani. Kanggo mbantu wong-wong sing wuta utawa sing penglihatané terbatas, organisasi nggawé publikasi ing akèh format. Awaké dhéwé kudu takon karo wong wuta kuwi soal publikasi sing dipéngini. Pengawas penginjilan kudu mastèkké nèk hamba lèktur wis pesen publikasi ing format sing dipéngini karo wong wuta kuwi