Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 139

Bayangna Donya Anyar

Bayangna Donya Anyar

(Wahyu 21:1-5)

  1. 1. Oh bayangna, aku kowé,

    Bareng-bareng bakalé ngrasakké

    donya anyar sing nyenengké,

    Bakal damai keadaané.

    Wong sing jahat disingkirké,

    Gusti Allah mréntah s’lawasé.

    Kabèh kelakon liwat K’rajaané,

    Kabèh kelakon persis kaya janjiné.

    (REFREIN)

    Maturnuwunku, Allah Yéhuwah,

    ’Nggo berkah-Mu ing donya sing anyar.

    Aku bakal nyanyi merga bahagia,

    Kabèh pujianku iki kanggo Huwah.

  2. 2. Tak bayangké firdausé,

    Lan tak bayangké pemandangané,

    Kabèh indah lan nyenengké,

    Kabèh bakal seneng atiné.

    Janjiné Yah ’nggo umaté,

    Susah bakal Huwah singkirké,

    Wong-wong sing mati bakal diuripké,

    Terus mengkoné mèlu muji Allahé.

    (REFREIN)

    Maturnuwunku, Allah Yéhuwah,

    ’Nggo berkah-Mu ing donya sing anyar.

    Aku bakal nyanyi merga bahagia,

    Kabèh pujianku iki kanggo Huwah.