Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Kraton Panjenengan Mugi Rawuh”—Akèh Wong sing Ndongakké Kuwi

”Kraton Panjenengan Mugi Rawuh”—Akèh Wong sing Ndongakké Kuwi

Apa njenengan tau ndongakké bèn Kratoné Allah teka? Kèt mbiyèn, akèh wong sing nyebutké ”Kraton Panjenengan mugi rawuh” ing dongané. Apa sebabé akèh sing ndongakké kuwi? Merga Yésus ngongkon para muridé kanggo ndongakké Kratoné Allah.

Mauné, para muridé Yésus ora pati ngerti soal Kratoné Allah. Wong-wong kuwi tau takon, ”Gusti, apa panjenengan arep nggawé kerajaan Israèl pulih manèh ing jaman iki?” Ning, Yésus ora ngandhani kapan Kratoné Allah bakal teka. (Kisah 1:6, 7) Apa kuwi berarti awaké dhéwé ora bakal isa ngerti soal Kratoné Allah lan kapan kuwi bakal teka? Ora ngono.

Majalah Warta Penting iki bakal ngrembug pitakonan-pitakonan:

  • Kratoné Allah kuwi apa?

  • Apa sebabé awaké dhéwé butuh Kratoné Allah?

  • Sapa sing dadi Raja ing Kratoné Allah?

  • Kapan Kratoné Allah mulai mréntah bumi?

  • Apa sing bakal ditindakké Kratoné Allah?

  • Apa sebabé kudu ndhukung Kratoné Allah mulai saiki?