Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Isa Kabèh Wong Ora Sengit Manèh?

Apa Isa Kabèh Wong Ora Sengit Manèh?

Apa njenengan tau disengiti?

Meskipun durung tau ngalami dhéwé, tapi njenengan mesthi ngerti nèk akèh sing disengiti merga béda negarané, sukuné, utawa merga wong kuwi homosèks. Pamréntah nganti nggawé peraturan nèk ana sing nyilakani wong liya merga sengit, wong kuwi kudu dihukum.

Nèk awaké dhéwé sengit karo wong liya, wong kuwi isa dendam, terus nyengiti liyané. Wong liyané sing disengiti kuwi ya bakal nyengiti sing liyané manèh. Ngono terus ora ana mandhegé. Kuwi diumpamakké kaya ranté sing ora isa pedhot.

Merga sengit, wong dadi nduwé prasangka, seneng ngelokké, ngrèmèhké, ngécé, lan ngancem wong liya. Malah merga sengit, wong isa ngrusak barangé wong liya, nglècèhké, memperkosa, bahkan matèni.

Ing majalah iki ana keterangan soal pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok akèh sing sengit karo liyané?

  • Piyé bèn ora terus nduwé rasa sengit?

  • Apa mungkin kabèh wong ora nduwé rasa sengit manèh, lan piyé kuwi kelakoné?