Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | YÉRÉMIA 44-48

Aja Nggolèk ”Prakara kang Muluk-Muluk” kanggo Panjenengan Dhéwé

Aja Nggolèk ”Prakara kang Muluk-Muluk” kanggo Panjenengan Dhéwé

45:2-5

Barukh kuwi kétoké salah siji pejabat kraton sing pendhidhikané dhuwur. Senajan dadi abdiné Yéhuwah lan setya mbantu Yérémia, Barukh wis tau dadi ora seimbang merga nggolèk ”prakara kang muluk-muluk”. Isa waé kuwi klebu jabatan sing luwih dhuwur utawa bandha sing luwih akèh. Barukh perlu ngowahi pikirané bèn isa slamet wektu Yérusalèm diancurké.