SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 8-9

Firaun sing Sombong Malah Nggawé Tujuané Yéhuwah Kelakon

Firaun sing Sombong Malah Nggawé Tujuané Yéhuwah Kelakon

8:15, 18, 19; 9:15-17

Firaun rumangsa nèk dhèwèké kuwi allah. Kuwi sebabé Firaun ora gelem ngrungokké Musa lan Harun. Malah dhèwèké ya ora gelem ngrungokké para ahli ilmu gaibé.

Apa njenengan gelem ngrungokké wektu ana sing mènèhi saran? Apa njenengan gelem nampa naséhat? Apa njenengan malah rumangsa dadi sing paling bener dhéwé? ”Piangkuh kuwi nuntun marang karusakan.” (WB 16:18, Basa Jawi Padintenan) Dadi, awaké dhéwé aja nganti sombong.