URIPÉ WONG KRISTEN
Tetep Nawakké Majalah
Kèt 2018, saben majalah édhisi umum topiké mung siji. Majalah-majalah kuwi termasuk Alat-Alat kanggo Mulang lan isa ditawakké pas nginjil. Majalah-majalah kuwi isa digawa pas lunga utawa blanja. Majalah-majalah kuwi ora dienggo sinau Alkitab, tapi kuwi digunakké bèn sing maca péngin ngerti soal Yéhuwah.
Pas omong-omongan, rembugen isiné ayat Alkitab lan sebutna topik majalah sing mungkin menarik kanggo wong sing dijak omong. Nèk wongé nduwé anak utawa sedhih ditinggal mati utawa lagi strès, njenengan mungkin isa ngomong, ”Aku tau maca majalah soal kuwi. Njenengan gelem tak duduhi?” Senajan lagi pertama ketemu, nèk wongé minat, majalahé isa diwènèhké utawa dikirim ing HP-né. Tujuan utamané awaké dhéwé ora mung mbagi-mbagi majalah thok, tapi bèn isa ketemu karo wong sing gelem ngetrapké Alkitab.—Kis 13:48.
2018
2019
2020
Wong-wong ing sekitaré njenengan seneng ngobrol soal apa?