Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Carané Bèn Anak-Anak Seneng Maca—Bagéan 1: Pilih Maca utawa Nonton?

Carané Bèn Anak-Anak Seneng Maca—Bagéan 1: Pilih Maca utawa Nonton?

 Apa anaké njenengan seneng maca buku utawa apa dhèwèké luwih seneng nonton TV lan dolanan HP?

 Merga ana TV lan Internèt, wong-wong dadi ora seneng maca. Ing buku Endangered Minds sing diterbitké taun 1990, Jane Healy nulis, ”Palingan sukmbèn wis ora ana manèh wong sing seneng maca.”

 Pas jaman semana, wong-wong mikiré kuwi ora mungkin. Tapi, akèh guru ngomong nèk cah-cah enom saiki wis ora seneng maca.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Manfaaté nèk anak-anak seneng maca

  •   Isa berimajinasi. Misalé, nèk lagi maca crita awaké dhéwé biasané mbayangké kaya apa suara wong-wongé, piyé penampilané, lan kaya apa panggonané. Mémang, mungkin ing crita kuwi wis ana keterangané. Tapi, awaké dhéwé ya kudu mbayangké dhéwé.

     Ana ibu-ibu sing jenengé Laura ngomong, ”Nèk nonton film, kuwi awaké dhéwé mung ndelok imajinasiné wong liya. Tapi nèk maca isa nganggo imajinasiné dhéwé.”

  •   Isa nduwé sipat sing apik. Maca kuwi butuh konsèntrasi lan kudu mikir. Anak-anak isa dilatih nggawé keputusan sing bener. Hasilé, anak-anak isa luwih sabar, ora gampang nesu, lan mikirké wong liya.

     Apa anak-anak sing seneng maca dadi luwih mikirké wong liya? Ya. Menurut beberapa peneliti, nèk macané ora kesusu, anak-anak isa luwih ngerti perasaané tokoh-tokoh ing crita kuwi. Hasilé, meréka isa luwih mikirké perasaané wong liya.

  •   Isa mikir sing jero. Mémang ana anak-anak sing pas maca isa langsung mudheng. Tapi, ya ana sing macané kudu alon-alon utawa dibolan-balèni bèn isa mudheng. Dadi, sing penting macané ora kesusu bèn isa paham.​—1 Timotius 4:15.

     Ana bapak-bapak sing jenengé Joseph ngomong, ”Nèk maca, awaké dhéwé kudu mikirké maksudé kalimat-kalimaté. Bar kuwi, isa waé awaké dhéwé kèlingan karo sesuatu sing ana hubungané karo topik kuwi. Terus, akhiré isa ngerti intiné. Nèk nonton film, biasané ora perlu mikir jero kaya ngono.”

 Intiné: Mémang nonton vidéo kuwi ana manfaaté, tapi nèk maca manfaaté luwih akèh.

 Carané mbantu bèn anak-anak seneng maca

  •   Diajari kèt cilik. Contoné Chloe, sing anaké loro, crita, ”Kèt anak-anakku isih ing njero weteng nganti lair, kami kerep maca kanggo meréka. Hasilé, saiki meréka seneng maca.”

     Ayat: ”Kèt bayi, kowé wis diwulang soal Kitab Suci.”​—2 Timotius 3:15.

  •   Dicepaki akèh buku. Nèk ing omah ana akèh buku, anak-anak dadi luwih tertarik maca. Tamara, sing anaké papat, ngomong, ”Cepakana buku sing disenengi anak-anak ing cedhak kasuré.”

     Ayat: ”Cah enom kudu mbok ajari bèn isa nindakké sing bener. Nganti tuwa dhèwèké ora bakal nindakké sing ora bener.”​—Wulang Bebasan 22:6.

  •   Ora éntuk kakèhan nganggo Internèt. Ana bapak-bapak sing jenengé Daniel ngomong, ”Seminggu pisan, keluargaku nduwé wektu khusus kanggo maca. Macané arep bareng-bareng utawa dhéwé-dhéwé terserah. Sing penting, pas kuwi ora ana sing dolanan HP utawa nonton TV.”

     Ayat: ”[Kudu] mastèkké endi sing luwih penting.”​—Filipi 1:10.

  •   Dadi conto. Karina, sing anaké loro, ngomong, ”Wektu macakké crita kanggo anak-anak, macané kudu semangat. Nèk njenengan seneng maca, mengko anak-anak ya bakal niru.”

     Ayat: ”Kowé kudu terus ngupaya nindakké sing paling apik wektu maca ing ngarepé wong akèh”—1 Timotius 4:13.

 Mémang, ora kabèh anak akhiré bakal seneng maca. Ning, nèk njenengan terus mbantu bèn anak-anak seneng maca, kuwi mesthi ana manfaaté. David, sing nduwé anak loro, ngomong, ”Aku seneng maca apa sing diwaca karo anakku. Aku dadi isa ngerti sing disenengi anakku, lan ngobrolé isa nyambung.”