PERTANYAAN SOAL SEKSI-SEKSI YÉHUWAH

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Alkitab Dhéwé?

Jawa
Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Alkitab Dhéwé?
https://cms-imgp.jw-cdn.org/img/p/502014131/univ/art/502014131_univ_sqr_xl.jpg
ijwfq artikel 34

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Alkitab Dhéwé?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Alkitab Dhéwé?

 Seksi-Seksi Yéhuwah sakjané ya nggunakké terjemahan Alkitab liyané pas sinau Alkitab. Tapi, kami mémang luwih seneng nganggo Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, nèk kuwi wis ana ing basa sing kami pahami. Lha ngapa? Merga ing kono disebutké jenengé Gusti Allah, terus terjemahané ya sesuai karo makna ing tèks asliné lan gampang dipahami.

  •   Ana jenengé Gusti Allah. Beberapa penerbit Alkitab ora ngajèni Sing Ngarang Alkitab. Misalé, ana terjemahan Alkitab sing nyebutké luwih saka 70 jenengé wong-wong sing mèlu nggarap Alkitab kuwi, ning ora nyebutké jenengé Sing Ngarang Alkitab, yaiku Yéhuwah.

     Tapi, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar nyebutké jenengé Gusti Allah, sing muncul ping éwonan ing tèks asliné. Malah, wong-wong sing nerjemahké ora disebutké jenengé.

  •   Sesuai karo makna ing tèks asliné. Ora kabèh terjemahan Alkitab nyampèkké makna sing sesuai karo tèks asliné. Misalé, ana sing nerjemahké Matius 27:40 dadi, ”Manawa kowé Putraning Allah, mudhuna saka ing salib!” Padahal, ing basa asliné kata sing diterjemahké dadi ”salib” kuwi sakjané artiné ”cagak”. Mungkin meréka nggunakké kata ”salib” merga percaya nèk Yésus matiné ing salib. Tapi, kuwi ora cocog karo sing diajarké ing Alkitab. Nah, ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, ayat kuwi diterjemahké sesuai karo makna ing tèks asliné. Terjemahané dadi, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, mudhuna saka cagak hukuman.”

  •   Gampang dipahami. Sakliyané maknané kudu sesuai karo tèks asliné, terjemahan sing apik ya kudu jelas lan gampang dipahami. Misalé, ana sing nerjemahké Matius 5:3 dadi, ”Rahayu wong kang mlarat ing budi.” Terjemahan kuwi sakjané bener, tapi ora gampang dipahami. Makané, ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, ayat kuwi diterjemahké dadi, ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia.”

 Sakliyané sing wis disebutké mau, ana manèh sing mbédakké Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar karo terjemahan liyané. Nèk péngin nduwé Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, ora kudu mbayar. Dadi, akèh wong, termasuk sing ora mampu tuku Alkitab, isa maca Alkitab ing basa sing meréka pahami.