Piyé Sikapé Seksi Yéhuwah karo Wong sing Wis Ora Dadi Seksi Yéhuwah Manèh?
Kami ngupaya apikan, sayang, lan menghormati kabèh wong. Nèk ana Seksi Yéhuwah sing jarang utawa malah ora tau teka ngibadah manèh, kami bakal nyoba ngubungi dhèwèké lan ngekèki bantuan sing dibutuhké. Tujuané bèn dhèwèké ngerti nèk kami tetep sayang lan akhiré isa semangat ngibadah manèh.—Lukas 15:4-7.
Tapi mémang, ana kesalahan sing isa marakké Seksi Yéhuwah ditokké saka jemaat. (1 Korintus 5:13) Nah, nèk ana Seksi Yéhuwah sing nggawé kesalahan kaya ngono, kami bakal mbantu dhèwèké dhisik bèn ora ditokké saka jemaat. Kuwi merga kami sayang karo dhèwèké. Bahkan nèk akhiré kudu ditokké, kami bakal tetep sayang lan ngajèni dhèwèké.—Markus 12:31; 1 Pétrus 2:17.
Apa sing marakké Seksi Yéhuwah isa ditokké saka jemaat?
Ing Alkitab jelas disebutké nèk wong Kristen sing nggawé dosa gedhé lan ora gelem bertobat kudu ditokké saka jemaat. a (1 Korintus 5:11-13) Dadi, kesalahané kuwi dudu kesalahan sing sepélé. Contoné apa? Hubungan sèks sing ora pantes, seneng mabuk, matèni wong liya, KDRT, lan nyolong.—1 Korintus 6:9, 10; Galatia 5:19-21; 1 Timotius 1:9, 10.
Tapi, Seksi Yéhuwah sing nggawé dosa gedhé ora langsung ditokké saka jemaat. Para pinituwa b bakal mbantu dhèwèké dhisik bèn bertobat. (Roma 2:4) Para pinituwa bakal tetep alus lan apikan bèn sing nggawé dosa kuwi sadhar karo kesalahané lan gelem bertobat. (Galatia 6:1; 2 Timotius 2:24-26) Tapi nèk wongé tetep ora gelem berubah meskipun wis bola-bali dibantu, ya dhèwèké kudu ditokké saka jemaat. Para pinituwa bakal nyampèkké pengumuman singkat ing jemaat nèk wong kuwi wis dudu Seksi Yéhuwah manèh.
Para pinituwa bakal tetep alus lan apikan wektu mbantu wong sing nggawé dosa
Nah, apa waé manfaaté nèk wong kuwi ditokké saka jemaat? Pertama, jemaat isa tetep resik utawa suci. (1 Pétrus 1:16) Keloro, Seksi Yéhuwah liyané ora kepengaruh wong sing nggawé dosa kuwi. (1 Korintus 5:6; 15:33) Ketelu, wong kuwi isa waé ora nggawé dosa manèh lan gelem bertobat.—Ibrani 12:11.
Piyé sikapé Seksi Yéhuwah karo wong sing ditokké saka jemaat?
Ing Alkitab disebutké nèk wong Kristen kudu ”mandheg bergaul” karo wong sing ditokké saka jemaat, bahkan ”mangan bareng” waé ora éntuk. (1 Korintus 5:11) Dadi, kami ora bakal akrab karo wong kuwi. Tapi kuwi ora berarti babar blas ora omongan karo dhèwèké. Kami bakal tetep ngajèni dhèwèké. Wong sing wis ditokké saka jemaat tetep éntuk teka ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah lan isa disapa karo Seksi Yéhuwah. c Dhèwèké ya éntuk njaluk dikunjungi karo para pinituwa.
Sing wis ditokké saka jemaat tetep éntuk teka ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah
Piyé nèk ana wong sing ditokké saka jemaat, tapi bojo lan anak-anaké isih Seksi Yéhuwah lan manggon sak omah? Meréka tetep isa komunikasi kaya biasané, merga iki ora mempengaruhi hubungan keluarga. Tapi mémang, dhèwèké ora isa mbahas hal-hal rohani karo bojo lan anak-anaké.
Nèk wong sing ditokké saka jemaat njaluk dikunjungi para pinituwa, dhèwèké bakal dibantu bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (Zakharia 1:3) Terus nèk gelem bertobat lan gelem manut pathokané Alkitab, dhèwèké isa dadi Seksi Yéhuwah manèh. Kaya wong-wong ing jemaat Korintus mbiyèn, Seksi Yéhuwah liyané mesthi bakal seneng lan gelem nyambut wong sing wis bertobat kuwi.—2 Korintus 2:6-8.
Piyé koméntaré Seksi Yéhuwah sing tau ditokké saka jemaat?
Iki koméntar saka telu Seksi Yéhuwah sing tau ditokké saka jemaat lan saiki wis dadi Seksi Yéhuwah manèh.
”Pikirku bakal diinterogasi karo para pinituwa aku wis ngapa waé selama ditokké saka jemaat. Tapi jebulé ora. Meréka malah ngandhani aku, ’Ora usah mikirké sing mbiyèn-mbiyèn, saiki fokus waé bèn kowé isa akrab manèh karo Yéhuwah.’ Rasané lega banget.”—Maria, Amerika Serikat.
”Sedulur-sedulur ing jemaat seneng banget pas aku dadi Seksi Yéhuwah manèh. Meréka gelem nyambut aku. Aku dadi ngrasa ditampa lan ora terus-terusan ngrasa bersalah. Para pinituwa selalu ana kanggo aku. Meréka ngyakinké nèk Yéhuwah isih sayang karo aku. Terus meréka ya mbantu aku bèn isa akrab manèh karo Yéhuwah.”—Malcom, Sierra Leone.
”Mungkin kanggoné wong-wong sing ora paham, pengaturan iki kétoké kejem. Tapi kuwi justru bukti nèk Yéhuwah sayang umaté, Yéhuwah péngin njaga bèn umaté tetep resik moralé. Terus nèk sing ditokké kuwi gelem bertobat, Yéhuwah mesthi ya gelem ngampuni. Aku bersyukur banget merga Yéhuwah sayang karo umaté.”—Sandi, Amerika Serikat.
a Mbiyèn kami nganggo istilah dipecat, tapi saiki kami nganggo istilah ditokké saka jemaat bèn sesuai karo kata-kata ing Alkitab.
b Pinituwa kuwi wong lanang sing ditugaské kanggo mbantu lan nguwatké jemaat. Meréka trampil mulang nggunakké Alkitab. Meréka ya ora dibayar.—1 Pétrus 5:1-3.
c Nèk wong sing ditokké saka jemaat kuwi sengaja mempengaruhi Seksi Yéhuwah liyané bèn dadi ragu-ragu karo organisasi utawa ngojok-ojoki wong liya bèn nggawé dosa, kami ora bakal omongan karo wong kuwi, bahkan ”ngucapké salam” waé ora.—2 Yohanes 9-11.