Langsung mlebu

”Siji Tumindak Jujur”

”Siji Tumindak Jujur”

 Salah siji Seksi Yéhuwah ing Afrika Selatan sing jenengé Danielle nemokké tasé wong lanang sing ketinggalan ing kafé. Ing njeroné, ana dompèt sing isiné dhuwit lan kartu krédit. Danielle péngin mbalèkké tas kuwi. Mula, dhèwèké nggolèki alamat utawa nomer télpon, ning jebulé dhèwèké mung nemokké jenengé sing nduwé tas kuwi. Danielle nyoba nggolèk nomeré wong lanang kuwi liwat bank asalé kartu krédit kuwi, ning ora berhasil. Danielle ora nyerah. Dhèwèké nélpon nomer sing ana ing resèp dokter sing ditemokké ing tasé wong lanang kuwi. Resèpsionis sing ngangkat télponé gelem mènèhi nomer télponé Danielle ing wong lanang kuwi.

 Wong lanang kuwi kagèt wektu nampa télpon saka kantor dokteré. Dhèwèké dikandhani nèk Danielle nemokké tasé lan péngin mbalèkké kuwi. Wektu wong lanang kuwi teka, dhèwèké langsung disambut Danielle lan bapaké. Danielle lan bapaké nggunakké kesempatan iki kanggo njelaské kenapa kok gelem ngupaya mbalèkké tas kuwi. Danielle lan bapaké njelaské nèk dhèwèké lan bapaké kuwi Seksi Yéhuwah sing manut karo pathokané Alkitab. Kuwi sebabé wong loro kuwi ngupaya kanggo terus jujur.​—Ibrani 13:18.

 Pirang-pirang jam sakwisé, wong lanang kuwi ngirim pesan kanggo ngucapké matur nuwun manèh merga Danielle lan bapaké wis mbalèkké tas lan dompèté. Dhèwèké nulis, ”Maturnuwun banget ya wis ngupaya nggolèki aku. Aku seneng banget isa ketemu karo njenengan lan keluargané njenengan. Njenengan lan keluarga wis apikan lan ramah banget karo aku. Mula, aku péngin mènèhi dhuwit kanggo ndhukung pelayanané njenengan. Apa sing njenengan tindakké, nduduhké nèk njenengan kuwi wong sing apik, jujur, lan manut karo Gusti Allah. Sepisan manèh matur nuwun ya muga-muga Gusti Allah mberkahi pelayanané njenengan.”

 Pirang-pirang sasi bar kuwi, bapaké Danielle dihubungi manèh karo wong lanang kuwi. Dhèwèké crita nèk durung suwé iki, dhèwèké ya nemu dompèt wektu lagi blanja. Wektu mbalèkké dompèt kuwi, dhèwèké njelaské karo wong wédok sing nduwé dompèt kuwi alesané dhèwèké gelem mbalèkké dompèté. Dhèwèké ngomong nèk dhèwèké ya tau kélangan dompèt lan ana wong jujur sing mbalèkké dompèté. Dhèwèké ngomong, ”Siji tumindak jujur lan apikan kuwi isa mengaruhi wong liya lan nggawé keadaan isa luwih apik.”