Langsung mlebu

Ngapa Kok Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Ngrayakké Hari Raya Tertentu?

 Apa sing dipikirké Seksi-Seksi Yéhuwah sakdurungé ngrayakké hari raya tertentu?

Seksi-Seksi Yéhuwah mikirké pathokané Alkitab sakdurungé ngrayakké hari-hari raya tertentu. Beberapa hari raya jelas-jelas nglanggar pathokané Alkitab. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem mèlu ngrayakké. Tapi ya ana beberapa hari raya sing kudu diputuské dhéwé bèn hati nuraniné awaké dhéwé isa ”tetep resik ing ngarepé Gusti Allah lan manungsa”.​—Kisah 24:16.

Ayo dibahas beberapa pertanyaan sing dipikirké Seksi-Seksi Yéhuwah sakdurungé ngrayakké hari-hari raya tertentu. *

  • Apa hari raya kuwi asalé saka ajaran sing ora sesuai karo Alkitab?

    Ayat: ”’Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu metu lan misah saka wong-wong kuwi. Aja nyekel apa waé sing najis.”’”​—2 Korintus 6:​15-​17.

    Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem manut karo ajaran sing ora sesuai karo Alkitab. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem ngrayakké hari-hari raya sing kaya ngéné:

    Hari raya sing asalé saka penyembahan déwa-déwa. Yésus ngomong, ”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.” (Matius 4:​10) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké Natal, Paskah, utawa May Day, merga hari-hari raya kuwi asalé saka penyembahan déwa-déwa. Sakliyané kuwi, Seksi-Seksi Yéhuwah ya ora ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Kwanzaa. Kwanzaa kuwi ”asalé saka basa Swahili matunda ya kwanza, sing artiné ’buah-buah sing pertama’. Kuwi berarti perayaan iki asalé saka perayaan hasil panèn pertama sing wis biasa dirayakké ing Afrika”. (Encyclopedia of Black Studies) Ana sing nganggep nèk Kwanzaa kuwi perayaan biasa. Tapi, menurut Encyclopedia of African Religion, Kwanzaa kuwi dipadhakké karo perayaan ing Afrika, yaiku mènèhké hasil panèn pertama ”marang déwa-déwa lan para leluhur merga wis diberkahi”.

      Kwanzaa

    • Perayaan Kue Bulan. Perayaan iki dianakké sasi September utawa Oktober ”kanggo nyembah déwa bulan”. (Holidays, Festivals, and Celebrations of the World Dictionary) Pas perayaan kuwi ”wong-wong wédok kudu sujud ing ngarepé déwa-déwa”.​—Religions of the World​—A Comprehensive Encyclopedia of Beliefs and Practices.

    • Nowruz (Tahun Baru Persia). ”Beberapa kebiasaan ing perayaan iki asalé saka Zoroastrianisme. Dina kuwi dianggep dina sing paling suci ing kalènder Zoroaster. . . . Wektu kuwi, wong-wong nyambut déwa musim panas sing disebut [Rapitwin]. Dadi ceritané pas musim dingin, déwa musim panas diusir karo déwa musim dingin. Terus, déwa musim panas muncul manèh pas musim panas. Dadi pas perayaan Nowruz, wong-wong nyambut manèh déwa musim panas sesuai karo tradhisi Zoroaster.”​—Organisasi Pendidikan, Ilmu Pengetahuan, lan Kebudayaan PBB (UNESCO).

    • Shab-e Yalda. Menurut buku Sufism in the Secret History of Persia, perayaan iki ”ana hubungané karo penyembahan Déwa Mitra”, yaiku déwa cahaya. Perayaan iki ya ana hubungané karo penyembahan déwa matahariné wong Romawi lan Yunani. *

    • Hari Pengucapan Syukur (Thanksgiving). Kaya perayaan Kwanzaa mau, perayaan iki asalé saka perayaan panèn jaman mbiyèn kanggo nyembah déwa-déwa. Suwé-suwé, ”tradhisi ing perayaan iki ya dadi tradhisiné wong-wong ing Gréja”.​—A Great and Godly Adventure​—The Pilgrims and the Myth of the First Thanksgiving.

    Hari raya sing asalé saka takhayul. Menurut Alkitab, wong-wong sing ”mènèhké sajèn marang déwa sing mènèhi keberuntungan . . . wis ninggalké Yéhuwah”. (Yésaya 65:11) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Ivan Kupala. Menurut buku The A to Z of Belarus, ”pas perayaan Ivan Kupala, alam bakal ngetokké kekuwatan gaib. Nèk awaké dhéwé kendel lan beruntung, awaké dhéwé isa éntuk kekuwatan kuwi”. Perayaan iki asalé saka perayaan kafir sing biasané dirayakké sasi Juni. Tapi menurut Encyclopedia of Contemporary Russian Culture, perayaan iki ”wis dicampur karo perayaan Gréja [yaiku, ”hari Santo” Yohanes Pembaptis] sakwisé wong-wong sing nyembah brahala dadi Kristen”.

    • Imlek lan Tahun Baru Korea. ”Pas perayaan Imlek, keluarga utawa kanca nyembah déwa-déwa bèn isa éntuk keberuntungan lan ndonga bèn isa éntuk berkah ing taun berikuté.” (Mooncakes and Hungry Ghosts​—Festivals of China) Pas perayan Tahun Baru Korea, ’wong-wong ya nyembah leluhur, ngusir roh jahat bèn isa éntuk keberuntungan ing taun sing anyar, lan nggolèk ramalan’.​—Encyclopedia of New Year’s Holidays Worldwide.

      Imlek

    Hari raya sing asalé saka kepercayaan nèk jiwa kuwi ora isa mati. Ing Alkitab disebutké nèk jiwa kuwi isa mati. (Yèhèzkièl 18:4) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Hari Arwah. Menurut New Catholic Encyclopedia, perayaan iki dienggo ”memperingati wong-wong sing wis mati. Saka taun 500 M nganti 1500 M, wong-wong percaya nèk pas dina kuwi arwahé wong-wong sing ana ing api penyucian bakal dadi hantu, penyihir, siluman kodok, lan liya-liyané kanggo ngganggu wong-wong sing mbiyèn tau jahat karo meréka”.

    • Perayaan Ceng Beng lan Perayaan Arwah Lapar. Perayaan-perayaan iki dirayakké kanggo menghormati para leluhur. Menurut buku Celebrating Life Customs Around the World​—From Baby Showers to Funerals, ”selama Perayaan Ceng Beng wong-wong bakal ngobong panganan, minuman, lan dhuwit-dhuwitan bèn wong sing mati ora luwé, ngelak, utawa kekurangan dhuwit”. Ing buku kuwi ya disebutké nèk ”selama Perayaan Arwah Lapar, biasané pas bulan purnama, hubungané wong sing mati karo wong sing isih urip dadi cedhak banget. Mula, wong sing isih urip kudu menghormati para leluhur bèn arwahé isa tenang”.

    • Chuseok. Menurut The Korean Tradition of Religion, Society, and Ethics, pas perayaan iki wong-wong ”mènèhké panganan lan anggur marang para arwah”. Wong-wong ngrayakké kuwi merga ”percaya nèk jiwa ora isa mati”.

    Hari raya sing ana hubungané karo ilmu gaib. Ing Alkitab disebutké, ”Ing antaramu aja nganti ana . . . wong sing ngramal, dhukun, wong sing nggunakké ilmu gaib kanggo nggolèk tandha, ahli ilmu gaib, wong sing nggunakké guna-guna marang wong liya, wong sing takon karo dhukun sing ngundang arwah utawa wong sing isa ndelok masa depan, lan wong sing takon karo wong mati. Yéhuwah jijik karo sapa waé sing nindakké kuwi.” (Pangandharing Torèt 18:10-​12) Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem nggunakké ilmu gaib, termasuk ramalan bintang. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké Halloween utawa perayaan-perayaan iki:

    • Tahun Baru Sinhala lan Tahun Baru Tamil. Menurut Encyclopedia of Sri Lanka, ”pas perayaan iki, wong-wong nindakké beberapa tradhisi tertentu . . . sesuai petunjuk saka ahli ramal bintang bèn isa éntuk keberuntungan”.

    • Songkran. Perayaan iki terkenal ing Asia. Jeneng Songkran ”asalé saka kata Sansekerta . . . sing artiné ’bergerak’ utawa ’berubah’. Pas perayaan iki, wong-wong ngrayakké pergerakan matahari ing konstelasi bintang Aries”.​—Food, Feasts, and Faith​—An Encyclopedia of Food Culture in World Religions.

    Hari raya sing ana hubungané karo Hukum Musa sing wis ora berlaku manèh merga wis ana korban tebusané Yésus. Ing Alkitab disebutké, ”Kristus nggawé Hukum Musa ora berlaku manèh.” (Roma 10:4) Mémang, pathokan-pathokan ing Hukum Musa isih ana manfaaté kanggo wong-wong Kristen saiki. Tapi, wong Kristen ora ngrayakké manèh perayaan-perayaan sing ana ing Hukum Musa. Apa manèh beberapa perayaan ing Hukum Musa kuwi ana hubungané karo Mésias, lan wong Kristen yakin nèk Mésias kuwi wis teka. Ing Alkitab disebutké, ”Kabèh kuwi mung bayangan saka apa sing bakal teka, ning wujud sing nyata kuwi Kristus.” (Kolose 2:​17) Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké perayaan-perayaan sing ora sesuai karo Alkitab. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Hari Raya Pentahbisan (Hanukah). Perayaan iki kanggo memperingati penahbisan ulang baité wong Yahudi ing Yérusalèm. Tapi menurut Alkitab, Yésus wis dadi Imam Agung ”ing kémah [bait] sing luwih hébat lan luwih sampurna, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan ora ana ing bumi”. (Ibrani 9:​11) Wong Kristen percaya nèk bait ing Yérusalèm wis diganti karo bait rohani kuwi.

    • Rosh Hashanah. Iki dina pertama ing kalènder Yahudi. Ing perayaan iki, wong-wong Yahudi jaman mbiyèn mènèhké persembahan istiméwa kanggo Gusti Allah. (Wilangan 29:​1-6) Tapi Yésus Kristus, yaiku Mésias, wis ”ngendhegké korban lan persembahan”. (Danièl 9:​26, 27) Mula, persembahan kaya ngono mau wis ora ana gunané manèh kanggo Gusti Allah.

  • Apa hari raya iki asalé saka gabungan beberapa agama?

    Ayat: ”Apa wong sing nduwé iman lan sing ora nduwé iman kuwi padha? Apa ana brahala ing baité Gusti Allah?”​—2 Korintus 6:​15-​17.

    Seksi-Seksi Yéhuwah péngin bèn isa rukun karo kabèh wong lan ya menghargai kepercayaané wong liya. Tapi, Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem ngrayakké hari-hari raya sing asalé saka gabungan beberapa agama.

    Perayaan kanggo memperingati tokoh agama utawa perayaan sing isa dirayakké karo beberapa agama. Wektu umaté Gusti Allah mbiyèn manggon ing negara sing penduduké nyembah déwa-déwa, Gusti Allah ngomong, ”Aja nganti kowé nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi utawa karo déwa-déwané. . . . Nèk kowé nyembah déwa-déwané, uripmu mesthi bakal sengsara.” (Pangentasan 23:32, 33) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Loy Krathong. Iki perayaan sing dianakké ing Thailand. Biasané ”wong-wong nggawé mangkok saka godhong, terus ing njeroné dikèki lilin utawa dupa, bar kuwi mangkoké didèlèhké ing banyu. Wong-wong kuwi percaya nèk mangkok-mangkok sing ngapung kaya kapal kuwi isa mbuwang sial. Ing perayaan iki, wong-wong ngéling-éling jejak kakiné Sang Budha.”​—Encyclopedia of Buddhism.

    • Hari Pertobatan Nasional (National Repentance Day). Menurut koméntar pejabat pemerintah ing koran Papua Nugini, wong-wong sing mèlu ngrayakké acara iki ”setuju karo ajaran Kristen”. Menurut pejabat kuwi, perayaan iki ”isa mbantu wong-wong ngerti ajaran Kristen”.

    • Waisak. Menurut Holidays, Festivals, and Celebrations of the World Dictionary, ”iki perayaané wong Budha sing paling suci. Ing perayaan kuwi, wong-wong memperingati waktu Budha lair, éntuk pencerahan, lan mati, utawa tekan ing Nirwana”.

      Waisak

    Hari raya sing asalé saka tradhisi agama sing ora sesuai karo ajaran Alkitab. Yésus ngomong karo para pemimpin agama, ”Kowé ngrèmèhké omongané Gusti Allah merga tradhisimu.” Yésus ya ngomong nèk ibadahé wong-wong kuwi ora ana gunané merga wong-wong kuwi ”mulangké préntahé manungsa”. (Matius 15:​6, 9) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Hari Raya Penampakan Tuhan (Epifani, Hari Raya Tiga Raja, Timkat utawa Los Reyes Magos). Perayaan iki kanggo memperingati ahli ramal bintang sing nekani Yésus utawa memperingati baptisané Yésus. Mbiyèn, perayaan iki sakjané perayaané wong kafir ”sing dianakké pas musim semi kanggo nyembah déwa-déwa sungai”. (The Christmas Encyclopedia) Perayaan sing mirip karo kuwi, yaiku Timkat. Perayaan iki asalé saka ”tradhisi turun temurun”.​—Encyclopedia of Society and Culture in the Ancient World.

    • Hari Raya Perawan Maria Diangkat ke Surga. Perayaan iki kanggo memperingati ibuné Yésus sing diangkat menyang swarga. Menurut Religion and Society​—Encyclopedia of Fundamentalism, ”perayaan iki ora dirayakké karo wong-wong Kristen jaman mbiyèn, lan perayaan iki ya ora disebutké ing Alkitab”.

    • Hari Raya Perawan Maria Dikandung Tanpa Noda Dosa. Menurut New Catholic Encyclopedia, ’ing Alkitab ora disebutké nèk Maria kuwi ora nduwé dosa. . . . Ajaran iki asalé saka Gréja’.

    • Prapaskah. Ing perayaan iki wong-wong bertobat lan padha pasa. Perayaan iki mulai ana ”ing abad kepapat”, 200 taun luwih sakwisé Alkitab rampung ditulis. Perayaan Prapaskah iki dimulai pas ”dina Rabu Abu wektu wong-wong diwènèhi abu ing bathuké. Kebiasaan iki mulai ana kèt Sinode Benevento taun 1091”.​—New Catholic Encyclopedia.

    • Meskel. Perayaan iki dianakké ing Etiopia. Menurut Encyclopedia of Society and Culture in the Medieval World; ”perayaan iki kanggo memperingati penemuan salib sing dienggo nyalib Yésus. Pas perayaan iki wong-wong padha ngurubké api unggun lan nari”. Tapi Seksi-Seksi Yéhuwah ora nggunakké salib wektu ngibadah.

  • Apa hari raya iki nyembah manungsa, organisasi, utawa lambang negara?

    Ayat: ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Wong sing percaya marang manungsa, sing ngendelké kekuwatané manungsa, lan sing atiné ninggalké Yéhuwah, bakal dikutuk.’”​—Yérémia 17:5.

    Seksi-Seksi Yéhuwah menghargai wong liya lan malah ya ndongakké wong-wong kuwi. Tapi, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari-hari raya iki:

    Hari raya kanggo menghormati penguasa tertentu. Ing Alkitab disebutké, ”Aja percaya manèh karo manungsa, sing kudu ambegan bèn isa tetep urip. Apa gunané percaya karo manungsa?” (Yésaya 2:​22) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari-hari raya sing tujuané kanggo menghormati penguasa tertentu, misalé ngrayakké ulang tauné para penguasa.

    Perayaan kanggo nyembah bendéra negara. Ing Alkitab ditulis, ”Kowé kudu ngedohi brahala.” (1 Yohanes 5:​21) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké Hari Bendera. Mémang ana sing nganggep nèk bendéra kuwi dudu brahala. Tapi sejarawan Carlton Hayes nulis, ”Bendéra kuwi dadi lambang lan obyèk pemujaan nasionalisme.”

    Hari raya kanggo nyembah santo. Wektu Rasul Pétrus arep disembah, dhèwèké ngomong, ”Ngadega, awaké dhéwé iki kan padha-padha manungsa.” (Kisah 10:25, 26) Pétrus utawa rasul-rasul liyané ora gelem disembah. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Hari Raya Semua Orang Kudus. Menurut New Catholic Encyclopedia, ”perayaan iki kanggo nyembah kabèh santo . . . Tapi, asal usulé perayaan iki ora jelas”.

    • Perayaan Bunda dari Guadalupe. Perayaan iki kanggo nyembah ”santa pelindung Meksiko”. Wong-wong nganggep nèk kuwi Maria, ibuné Yésus. Wong-wong percaya nèk pas taun 1531 Maria nemoni petani.​—The Greenwood Encyclopedia of Latino Literature.

      Perayaan Bunda dari Guadalupe

    • Hari Nama (Name Day). Menurut Celebrating Life Customs Around the World​—From Baby Showers to Funerals, ”perayaan iki kanggo memperingati santo utawa santa sing jenengé digunakké dadi jeneng baptis utawa jeneng penguatan. Perayaan iki ana hubungané karo agama”.

    Hari raya sing ndhukung gerakan politik utawa sosial. Ing Alkitab disebutké, ”Mendhing berlindung marang Yéhuwah timbang percaya marang manungsa.” (Mazmur 118:​8, 9) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari raya sing ndhukung gerakan politik utawa sosial, misalé Hari Pemuda lan Hari Perempuan. Seksi-Seksi Yéhuwah ya ora ngrayakké Hari Emansipasi (Emancipation Day). Seksi-Seksi Yéhuwah percaya nèk wektu Kerajaané Gusti Allah mréntah sukmbèn, ora ana manèh sing mbédak-mbédakké wong lan kabèh bakal adil.​—Roma 2:​11; 8:​21.

  • Apa hari raya iki ngunggulké negara utawa ras tertentu?

    Ayat: ”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​—Kisah 10:34, 35.

    Meskipun Seksi-Seksi Yéhuwah seneng karo dhaérah asalé, tapi wong-wong kuwi ora ngrayakké hari raya sing ngunggulké negara utawa ras tertentu.

    Hari raya kanggo menghormati tentara. Yésus ora tau ngongkon murid-muridé perang. Malah Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu lan ndongakké wong-wong sing nganiaya kowé.” (Matius 5:​44) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Hari Anzac. Menurut Historical Dictionary of Australia, ”Anzac kuwi pasukan tentara ing Australia lan Selandia Baru . . . Belakangan, Hari Anzac dienggo memperingati para tentara sing mati wektu perang”.

    • Hari Veteran lan Hari Peringatan (Remembrance Day). Menurut Encyclopædia Britannica, ”perayaan iki kanggo menghormati para tentara lan wong-wong sing mati wektu perang”.

    Hari raya kanggo memperingati sejarah utawa kemerdékaan negara. Yésus ngomong soal murid-muridé, ”Wong-wong kuwi ora padha kaya wong-wong ing donya iki, kaya aku ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki.” (Yohanes 17:16) Meskipun Seksi-Seksi Yéhuwah menghargai sejarah negara, tapi wong-wong kuwi ora ngrayakké hari-hari raya iki:

    • Hari Australia. Menurut Worldmark Encyclopedia of Cultures and Daily Life, perayaan iki kanggo memperingati ”peristiwa pas taun 1788, wektu tentara Inggris ngibarké bendéra lan ngumumké nèk Australia dadi dhaérah jajahan sing anyar”.

    • Hari Guy Fawkes. Menurut A Dictionary of English Folklore, ”perayaan iki kanggo memperingati kegagalan Guy Fawkes lan pendhukung Katolik liyané wektu arep matèni Raja James I lan anggota pamréntahan [Inggris] pas taun 1605”.

    • Hari Kemerdékaan. Menurut Merriam-Webster’s Unabridged Dictionary, ing beberapa negara wong-wong ngrayakké perayaan iki ”kanggo memperingati kemerdékaan negarané”.

  • Apa pas perayaan iki wong-wong kelakuané padha bejat utawa cabul?

    Ayat: ”Mbiyèn, kowé nuruti kepénginané wong-wong ing donya iki, yaiku tumindak kurang ajar, nuruti hawa nafsu, ngombé minuman keras nganti akèh banget, pésta bébas, pésta minuman keras, lan nyembah brahala sing njijiki.”​—1 Pétrus 4:3.

    Sesuai karo ayat kuwi, Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngrayakké perayaan sing acarané ngombé-ngombé minuman keras nganti mabuk lan pésta bébas. Tapi, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep gelem ngumpul karo kanca lan ngombé minuman keras tapi ora nganti mabuk. Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo naséhat iki, ”Ora soal kowé mangan, ngombé, utawa nindakké apa waé, kowé kudu nindakké kabèh demi kemuliaané Gusti Allah.”​—1 Korintus 10:31.

    Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu ngrayakké pawai utawa perayaan sing isiné ora sesuai karo Alkitab. Contoné yaiku Perayaan Purim Yahudi Perayaan iki awalé dienggo memperingati bangsa Yahudi sing dibébaské ing abad kelima SM. Tapi menurut buku Essential Judaism, ”perayaan kuwi saiki wis berubah dadi Mardi Gras utawa pawai”. Wong-wong sing mèlu ing perayaan kuwi biasané ”nganggo kostum (wong lanang nganggo klambiné wong wédok), kelakuané bejat, mabuk-mabukan, lan berisik”.

 Apa Seksi-Seksi Yéhuwah tetep sayang karo keluargané meskipun ora ngrayakké hari-hari raya tertentu?

Ya. Menurut Alkitab awaké dhéwé kudu sayang lan menghormati keluarga. (1 Pétrus 3:​1, 2, 7) Mémang, wektu Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari raya tertentu, mungkin ana anggota keluargané sing ora seneng utawa nesu. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha njelaské alesané lan tetep nduduhké nèk sayang karo keluargané. Sakliyané kuwi, Seksi-Seksi Yéhuwah ya tetep gelem marani anggota keluargané ing kesempatan liya.

 Apa Seksi-Seksi Yéhuwah meksa wong liya bèn ora ngrayakké hari-hari raya tertentu?

Ora. Seksi-Seksi Yéhuwah ngerti nèk saben wong kudu nggawé keputusan dhéwé-dhéwé. (Yosua 24:15) Seksi-Seksi Yéhuwah ”ngajèni kabèh wong” ora soal agamané.​—1 Pétrus 2:​17.

^ par. 2 Ing artikel iki ora dibahas kabèh perayaan sing ora dirayakké Seksi-Seksi Yéhuwah lan ya ora mbahas kabèh pathokan ing Alkitab sing mungkin isa ditrapké.

^ par. 10 Mithra, Mithraism, Christmas Day & Yalda, karya K. E. Eduljee, halaman 31-33.