Langsung mlebu

Apa Bisa Metu saka Pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah?

Apa Bisa Metu saka Pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah?

 Bisa. Wong bisa metu saka Seksi-Seksi Yéhuwah yèn:

  •   Njaluk metu. Wong bisa nggawé keputusan kanggo metu saka Seksi-Seksi Yéhuwah, liwat omongan langsung utawa surat.

  •   Saka tumindaké. Wong bisa nindakaké apa waé sing nggawé dhèwèké ora dadi bagéan saka pasedulurané Seksi-Seksi Yéhuwah sakdonya manèh. (1 Pétrus 5:9) Contoné, wong kuwi nggabung karo agama liya lan kandha yèn dhèwèké péngin dadi anggotané agama kuwi.​—1 Yokanan 2:​19.

Yèn salah siji anggota ora mèlu nginjil utawa ora teka ngibadah manèh, apa wong kuwi dianggep metu?

 Ora. Wong sing metu utawa ditokaké saka jemaat kuwi béda karo wong sing nglokro imané. Kadhang kala, wong sing jarang utawa ora tau mèlu ibadah manèh kuwi merga dhèwèké nglokro, dudu merga ora nduwé iman. Dadi, ketimbang ngedohi wong sing kaya ngono, Seksi-Seksi Yéhuwah seneng nglipur lan ndhukung wong kuwi. (1 Tésalonika 5:​14; Yudas 22) Yèn ana sing mbutuhaké bantuan, para pinituwa ing jemaat kudu dadi conto anggoné mbantu wong kuwi ing bab rohani.​—Galati 6:1; 1 Pétrus 5:​1-3.

 Ning, para pinituwa ora olèh meksa wong liya supaya tetep dadi anggotané Seksi-Seksi Yéhuwah. Saben wong kudu nggawé keputusan dhéwé bab ibadahé. (Yusak 24:15) Ibadahé wong marang Gusti Allah kuduné tulus saka ati.​—Jabur 110:3; Matéus 22:37.