Langsung mlebu

”Luwih Apik saka Film”

”Luwih Apik saka Film”

Saben taun, Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé akèh video kanggo disetèl ing kebaktian. Akèh-akèhé, videoné digawé ing basa Inggris. Dadi, kepriyé hadirin kebaktian ing atusan basa liyané isa mudheng isiné video kuwi? Video-video kuwi direkam ing akèh basa, nganggo cara di-dubbing, yaiku ngisi swara nganggo basa liyané. Apa pengaruhé video iki kanggo para hadirin?

Tanggepané sing Nonton

Gatèkna perasaané wong-wong sing dudu Seksi Yéhuwah sing nekani kebaktian ing Meksiko lan Amerika Tengah :

  • ”Aku ora mung ngerti isi film-é, ning rasané aku kaya ana ing film kuwi. Isiné film isa mlebu atiku.” ​—Hadirin kebaktian basa Popoluca, Veracruz, Meksiko.

  • ”Rasané kaya lagi ing kampungku dhéwé, kaya lagi ngobrol karo kanca akrabku. Iki luwih apik timbang film-film liyané, merga aku ngerti kabèh isiné.”​—Hadirin kebaktian basa Nahuatl, Nuevo León, Meksiko.

  • ”Wektu ndelok videoné ing basaku dhéwé, aku ngrasa wong-wongé kaya lagi omongan karo aku.”​—Hadirin kebaktian basa Chol, Tabasco, Meksiko.

  • ”Organisasi iki seneng mbantu wong-wong sinau nganggo basané dhéwé. Ora ana organisasi kaya organisasi iki!”​—Hadirin kebaktian basa Cakchiquel, Sololá, Guatemala.

Seksi-Seksi Yéhuwah ora mbayar tèknisi utawa aktor kanggo ngisi swara. Videoné kadhang kala direkam ing lokasi sing adoh lan nganggo alat-alat sing sederhana. Mula, piyé carané isa nggawé video sing mutuné apik?

”Iki Gawéan sing Luhur”

Durung suwé iki, kantor cabang Seksi-Seksi Yéhuwah ing Amerika Tengah ngatur kegiatan rekaman ngisi swara kanggo video-video kebaktian ing basa Spanyol lan 38 basa dhaérah. Ana 2.500 rélawan sing mbantu proyèk iki. Tim tèknisi lan penerjemah lokal ngrekam video ing kantor cabang, kantor penerjemahan jarak jauh, utawa ing panggonan sing didadèkké studio sementara. Ana 20 lokasi rekaman ing Belize, Guatemala, Honduras, Meksiko, lan Panama.

Rekaman ing Kantor Cabang Amerika Tengah

Butuh kerja keras lan sumber daya kanggo mbangun studio sementara. Ruangan kedap swara digawé nggunakké bahan-bahan sing wis ana, klebu selimut lan kasur busa.

Akèh rélawan pengisi swara basa dhaérah kuwi wong sing sederhana, ning nggawé pangurbanan sing gedhé kanggo teka ing studio rekaman. Malah ana sing perjalanané butuh wektu 14 jam. Contoné, ana bapak lan anaké mlaku menyang studio kira-kira nganti wolung jam.

Naomi mbantu keluargané mbangun studio-studio rekaman sementara. Dhèwèké kandha, ”Aku lan keluargaku ndhukung wektu ana rekaman. Bapakku kerja keras kanggo ngatur kabèh sing dibutuhké. Wektu kuwi, ibuku uga masak kanggo 30 rélawan.” Saiki, Naomi dadi rélawan ing kantor penerjemahan Meksiko. Dhèwèké kandha, ”Aku seneng banget nggunakké wektuku kanggo mbantu wong-wong ngrungokké wulangané Alkitab ing basané dhéwé. Iki gawéan sing luhur sing isa taktindakké.”

Kebaktian taunan Seksi-Seksi Yéhuwah dianakké ing akèh panggonan lan dibukak kanggo umum. Deloken bagéan KEBAKTIAN kanggo informasi tambahan.