Njaga Cagar Alam ing Chelmsford

Njaga Cagar Alam ing Chelmsford

Seksi-Seksi Yéhuwah ing Inggris wis mulai mbangun kantor cabang sing anyar ing cedhaké kutha Chelmsford, ing wilayah Essex. Dhaérah kuwi dienggoni kéwan-kéwan sing dilindhungi Kerajaan Inggris léwat undang-undang Wildlife and Countryside Act taun 1981. Piyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah njaga kéwan-kéwan sing dilindhungi undang-undang mau wektu ana proyèk pembangunan?

Mbangun jembatan kanggo tikus dormice

Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakaké kayu sing wis ora dienggo kanggo nggawé kothak-kothak cilik kanggo sarang tikus dormice bèn tikus-tikus kuwi ora keganggu proyèk pembangunan. Seksi-Seksi Yéhuwah uga nggawé jembatan kusus kanggo tikus dormice ing dalan mlebu kantor cabang. Jembatan kuwi digawé kanggo nyambungaké wit-witan sing dadi omahé tikus dormice lan pager tanduran. Seksi-Seksi Yéhuwah uga nduwé program perawatan pager tanduran kanggo kepentingané tikus kuwi. Wektu tikus-tikus kuwi turu ing sarangé saksuwéné musim dingin, utawa hibernasi, pager tanduran mau bisa dikethoki. Cara iki digunakaké bèn ora ngganggu tikus dormice, nglindhungi omahé, lan bèn tikus mau tetep bisa mangan saka kono.

Masang kothak sarang tikus dormice

Seksi-Seksi Yéhuwah uga nglindhungi ula, kadal, lan blindworms (sejenis kadal). Ahli ekologi nglumpukaké kéwan-kéwan mau saka ngisor atap sing digawé kanggo panggonan sementara, terus dipindhahaké ing panggonan sing adoh saka proyèk pembangunan. Panggonan sing anyar kuwi ana ruang-ruang kanggo hibernasi lan pager pengaman kusus. Seksi-Seksi Yéhuwah ajeg mriksa aja nganti kéwan-kéwan mau mlebu manèh ing proyèk pembangunan, merga kuwi bahaya kanggo kéwan-kéwan mau.

Tikus hazel dormice

Bèn ora ngganggu lawa vespertilionid, dhaérah ing kantor cabang nggunakakè lampu LED sing bisa diatur padhangé. Lampu-lampu kuwi lagi urip yèn ana gerakan, tujuané bèn ora ngganggu lawa sing seneng petengan. Merga wektu bengi lawa-lawa kuwi nggolèk pangan ing pager tanduran, akèh-akèhé pager tanduran kuwi ora bakal disingkiraké. Malah bakal ditambahi pager tanduran anyar sing dawané luwih saka loro setengah kilomèter. Pancèn ana wit-wit sing kudu ditegor, ning Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé kothak sarang lawa kanggo ngganti wit sing wis ditegor.

Masang sarang lawa

Proyèk pembangunané Seksi-Seksi Yéhuwah adoh saka oyodé wit Veteran bèn ora ngganggu wit kuwi. Wit Veteran kuwi panggonan uripé kéwan invertebrata, lawa, lan manuk. Dadi, cara-cara mau digunakaké Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo njaga cagar alam ing Chelmsford.