Langsung mlebu

Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Resik-Resik Kutha Rostov-on-Don

Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Resik-Resik Kutha Rostov-on-Don

Tanggal 20 Mei 2015, wali kota Rostov-on-Don, kutha sing paling gedhé ing Rusia, ngetokaké surat sing isiné bab rasa matur nuwuné marang Seksi-Seksi Yéhuwah ”merga wis mèlu mbantu ngresiki kutha wektu musim semi”.

Wektu ana kagiyatan resik-resik kutha Rostov-on-Don, Seksi-Seksi Yéhuwah saka patang jemaat nglumpukaké sampah-sampah ing dalan lan pinggir kali. Lagi sedhéla waé, 300 wadhah sampah wis kebak, banjur diangkut nganggo truk sampah.

Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah semangat banget mbantu masyarakat? ”Aku ora bisa yèn mung meneng waé,” kandhané Raisa, sedulur sepuh sing umuré 67 taun. ”Aku péngin kutha iki resik, dadi masyarakaté bisa urip ing lingkungan sing resik. Senajan akèh sing ora nggatèkaké sing ditindakaké Seksi-Seksi Yéhuwah, ning aku tetep seneng mbantu ngresiki. Lan, Yéhuwah mesthi ngerti.” Aleksander kandha, ”Seksi-Seksi Yéhuwah ora mung nindakaké gawéan nginjil, ning uga mènèhi bantuan kanggo masyarakat. Aku seneng banget lan puas merga bisa mbantu liyané.”

Wong-wong padha ngajèni upayané Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana sing nggumun merga ngerti yèn Seksi-Seksi Yéhuwah ora dibayar. Wong kuwi mutusaké kanggo ngéwangi resik-resik, banjur kandha ngéné, ”Aku ora nyangka gawéan resik-resik bisa nyenengaké kaya ngéné. Aku puas tenan. Ana Seksi-Seksi Yéhuwah sing omahé dudu ing dhaérah kéné, ning padha mara réné kanggo ngéwangi resik-resik.”

Salah siji pegawé pamréntah nggatèkaké yèn Seksi-Seksi Yéhuwah wis nglumpukaké sampah akèh banget. Dhèwèké moto Seksi-Seksi Yéhuwah sing lagi resik-resik lan wadhah sampahé kanggo ”nduduhaké marang liyané carané kerja sing bener”.