Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Alkitab Basa Inggris New World Translation 2013

Alkitab Basa Inggris New World Translation 2013

SENAJAN Alkitab basa Inggris New World Translation of the Holy Scriptures wis bola-bali didandani, Alkitab sing metu taun 2013 kuwi sing paling akèh didandani. Buktiné, cacahé tembung basa Inggrisé 10 persèn luwih sithik timbang sing mbiyèn. Ana tembung-tembung penting ing Alkitab sing wis diganti. Ana ayat-ayat sing diowahi dadi puisi, lan uga ana katrangan sing ditambahké. Saiki bakal dirembug apa waé sing wis diowahi senajan ora kabèh.

Tembung penting apa waé sing wis diowahi? Kaya sing dirembug ing kaca 15 lan 16, tembung ”Sheol,” ”Hades,” lan ”nyawa” wis diganti. Tembung-tembung liyané uga ana sing wis diganti.

Contoné, ”tumindak bébas” diganti ”tumindak kurang ajar” sing ana hubungané karo tumindak ngécé ing basa Yunani. (Gl. 5:19) Tembung ”sipat apikan sing kebak katresnan” diganti ”sih-susetya” sing maksudé padha karo setya.—Ms. 36:6; 89:2.

Ana tembung-tembung sing saiki diterjemahké manut ukarané. Contoné, basa Ibrani ’oh·lam’, sing mbiyèn diterjemahké ”wektu sing ora ana entèké,” maksudé isa ”saklawasé”. Coba bandhingna karo ayat ing Jabur 90:2 lan Mikha 5:1.

Kerep ana tembung Ibrani lan Yunani sing diterjemahké ”winih”, sing ana hubungané karo wong tani lan maksudé isa ”keturunan”. New World Translation sing mbiyèn, nggunakké tembung ”winih”, klebu ing Purwaning Dumadi 3:15. Tembung ”winih” sing maksudé ”keturunan” wis ora dinggo ing basa Inggris. Dadi, Alkitab 2013 nggunakké tembung ”keturunan” ing Purwaning Dumadi 3:15 lan ing ayat-ayat sing ana hubungané. (Pd. 22:17, 18; Wy. 12:17) Tembung liyané diterjemahké manut ukarané.—Pd. 1:11; Ms. 22:31; Yé. 57:3.

 Apa sebabé tembung sing diterjemahké apa anané, diganti? Apendiks A1 ing Alkitab 2013 kandha nèk terjemahan Alkitab sing apik isa ”nerangké maksud sing bener saka tembung sing diterjemahké, nèk maksud terjemahan apa anané ora cetha”. Nèk tegesé tembung ing basa asliné dingertèni ing basa liya, kuwi isa diterjemahké apa anané. Contoné, ”mriksa . . . ati” ing Wahyu 2:23 isa dingertèni ing basa-basa liya. Ning, ing ayat sing padha, ”mriksa ginjel” ora gampang dingertèni. Dadi, ”ginjel” diganti ”sing ana ing njero pikiran” sing isih ana hubungané karo tembung asliné. Ing Pangandharing Torèt 32:14, ”gajih ginjelé gandum” diganti ”gandum sing paling apik”. Kanggo alesan sing padha, ”lambéku ora disunat” ora gampang dingertèni, mula akèh basa liya nerjemahké ”Aku ora lancar ngomong”.—Pa. 6:11.

Apa sebabé tembung-tembung ”anak-anaké lanang Israèl” lan ”anak lanang sing ora nduwé bapak” saiki diterjemahké ”wong Israèl” lan ”anak sing ora nduwé bapak”? Ing basa Ibrani, tembung-tembungé dibagi lanang lan wédok. Ning, ana tembung lanang sing maksudé wong lanang lan wédok. Contoné, manut ukarané, ana ayat sing kandha nèk ”anak-anaké lanang Israèl” maksudé wong Israèl lanang lan wédok. Kuwi ya maksudé ”wong utawa bangsa Israèl”.—Pa. 1:7; 35:29; 2 Ra. 8:12.

Ing New World Translation sing mbiyèn, ana tembung lanang Ibrani ”anak-anaké lanang” ing Purwaning Dumadi 3:16 sing diterjemahké ”anak-anak”. Ning, ing Pangentasan 22:24 tembung sing padha, saiki wis diganti, ”Anak-anakmu [Ibrani, ”anak-anak lanang”] bakal ora nduwé bapak”. Pathokan iki isa dinggo ing ayat liya, ”bocah sing ora nduwé bapak” diganti ”anak sing ora nduwé bapak utawa yatim”. (PT. 10:18; Ay. 6:27) Kuwi uga diterjemahké ing Septuaginta Yunani.

Apa sebabé ana tembung kriya [kata kerja] basa Ibrani sing diterjemahké dadi luwih sedherhana? Ing basa Ibrani, tembung kriya cacahé ana loro, yaiku imperfek sing maksudé isih ditindakké lan perfek sing maksudé wis rampung ditindakké. New World Translation sing mbiyèn mesthi nerjemahké tembung kriya imperfeké basa Ibrani nganggo tembung kriya siji lan tembung tambahan siji, contoné tembung ”terus” dinggo nerangké nèk tumindak kuwi isih ditindakké utawa dibalèni. * Tembung-tembung ”mesthi,” ”kudu,” lan ”pancèn” mbiyèn digunakké kanggo nerangké tembung kriya sing wis rampung ditindakké.

Ing Alkitab 2013, tembung-tembung tambahan mau ora dinggo, kejaba isa luwih nerangké maksudé. Contoné, ora perlu mbalèni ukara nèk Gusti Allah terus kandha, ”Anaa pepadhang.” Ing Alkitab 2013, tembung ”terus  kandha” ora dibolan-balèni. (Pd. 1:3) Wektu Yéhuwah bola-bali ngundang Adam ing Purwaning Dumadi 3:9, kuwi diterjemahké ”bola-bali ngundang”. Dadi, tembung kriya diterjemahké luwih gampang, luwih mentingké tumindaké timbang wis rampung ditindakké apa durung, kaya sing biyasané ana ing tembung kriya basa Ibrani. Cara iki isa nggawé tembung sing diterjemahké saka basa Ibrani, dadi luwih cendhak ning maksudé tetep padha kaya asliné.

Saiki ana ayat-ayat sing wujudé puisi, kaya tulisan asliné

Apa sebabé ana ayat-ayat sing wujudé dadi puisi? Ing Alkitab akèh ayat sing ditulis wujudé puisi. Ing basa-basa saiki, tandhané puisi yaiku ana aksara sing padha ing tengahé utawa pungkasané larik. Ning, wujudé puisi Ibrani biyasané paralelisme lan kontras, lan iramané nganggo urut-urutané gagasan, dudu tembung.

Ing New World Translation sing mbiyèn, buku Ayub lan Jabur digawé wujud puisi kanggo nduduhké nèk kuwi asliné dinyanyèkké utawa diwaca nganggo swara. Isiné buku-buku iki digawé puisi bèn gampang diéling-éling. Ing Alkitab 2013, Wulang Bebasan, Musthikaning Kidung, lan buku-bukuné para nabi liyané saiki uga digawé wujud puisi, kanggo nduduhké nèk wujud asliné puisi, lan nerangké nèk kuwi paralelisme lan kontras. Contoné, ing Yésaya 24:2, saben larik isiné kontras, lan sak larik ana hubungané karo larik liyané, sing nerangké nèk ora ana sing luput saka paukumané Gusti Allah. Wujud puisi iki nduduhké nèk sing nulis Alkitab ora mung waton mbalèni tembung-tembung, ning dhèwèké pancèn sengaja nulis sabdané Gusti Allah ing wujud puisi.

Bédané karangan biasa lan puisi ing basa Ibrani, ora mesthi kétok. Mula, ana terjemahan sing béda-béda merga para penerjemah sing mutuské bagéan endi waé sing digawé wujud puisi. Ana tulisan sing wujudé puisi, ana sing nganggo gambar, ana tembung-tembung sing diwolak-walik, lan paralelisme kanggo nerangké sing dimaksud.

Ana bagéan anyar ing buku Musthikaning Kidung sing nerangké sapa waé wong-wong sing lagi ngomong ing kono. Buku kuwi wujudé puisi kuna.

Piyé tulisan-tulisan kuna sing wis disinaoni, isa mbantu ndandani terjemahan Alkitab? New World Translation sing asli diterjemahké saka teks Masorèt Ibrani lan teks Yunaniné Westcott lan Hort. Tulisan Alkitab kuna saiki isih terus disinaoni, bèn isa nerangké luwih cetha ayat-ayat ing Alkitab. Wis ana Gulungan Laut Mati sing isa diwaca. Ana luwih akèh tulisan Yunani sing wis disinaoni. Akèh tulisan-tulisan kuna sing saiki isa diwaca nganggo komputer, bèn isa milih endi tulisan Ibrani lan Yunani sing isa dipercaya. New World Bible Translation Committee nggunakké bab-bab mau kanggo ndandani terjemahan Alkitabé.

Contoné, ing Septuaginta Yunani ana katrangan, ”Ning dhèwèké ora péngin nglarani atiné Amnon, anaké lanang, merga dhèwèké nresnani Amnon, merga kuwi anaké sing mbarep.” Katrangan kuwi ana ing 2 Samuèl 13:21. Ing New World Translation sing mbiyèn ora ana katrangan kuwi, merga katrangan kuwi ora ditulis ing teks Masorèt. Ning, katrangan kuwi ana ing Gulungan Laut Mati sing saiki dinggo bahan terjemahan Alkitab 2013. Kanggo alesan sing padha, jenengé Gusti Allah ditulis lima manèh ing buku Siji Samuèl. Katrangan ing Matéus 21:29-31 diowahi merga anané teks Yunani sing wis disinaoni. Ana bagéan-bagéan sing diowahi sing dhasaré tulisan-tulisan kuna, ora mung sak tulisan kuna Yunani waé.

Kuwi bagéan-bagéan sing diowahi ing Alkitab New World Translation. Wong-wong sing nganggep Alkitab kuwi hadiah saka Gusti Allah sing seneng omong-omongan, isa dibantu luwih ngerti isiné Alkitab.

^ par. 10 Deloken New World Translation of the Holy Scriptures—With References, Apendiks 3C ”Hebrew Verbs Indicating Continuous or Progressive Action.”