Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Ngabdi Marang Yéhuwah Tanpa Ana Gangguan

Ngabdi Marang Yéhuwah Tanpa Ana Gangguan

“Maryam . . . ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus. Déné Marta ribut banget ngladèni para tamuné.”LK 10:39, 40, Basa Jawi Padintenan (BJP).

LAGU: 40, 55

1, 2. Apa sebabé Yésus nresnani Marta, ning apa sing salah saka tumindaké Marta?

NURUT panjenengan, Marta kuwi wong sing kaya apa? Alkitab kandha nèk Marta kuwi kanca sing ditresnani Yésus. Ning, ora mung Marta waé sing ditresnani lan diajèni Yésus. Maryam seduluré Marta lan Lazarus, uga dadi kancané Yésus. Yésus uga nresnani Maryam, ibuké. (Yo.11:5; 19: 25-27) Dadi, apa sebabé Yésus nresnani Marta?

2 Yésus nresnani Marta merga dhèwèké apikan, loma, lan sregep nyambut gawé. Ning, sing paling utama, Marta ditresnani Yésus merga imané kuwat. Marta percaya karo piwulangé Yésus lan janjiné Alkitab bab Sang Mèsih. (Yo. 11: 21-27) Ning, Marta ya ora sampurna. Kaya awaké dhéwé, Marta uga ana salahé. Contoné, wektu Yésus mertamu ing omahé, Marta malah nesu karo Maryam, banjur njaluk Yésus ngandhani Maryam, ”Gusti, punapa Paduka boten nggalih, bilih sadhèrèk kawula metelaken kawula lelados piyambak? Mila mugi Paduka dhawuhi ngréncangi kawula.” (Wacanen Lukas 10:38-42.)  Apa sebabé Marta kandha kaya ngono, lan apa sing isa disinaoni saka jawabané Yésus marang dhèwèké?

MARTA SIBUK DHÉWÉ

3, 4. Yésus setuju karo tumindaké Maryam sing endi, lan apa sing isa disinaoni karo Marta saka bab kuwi? (Deloken gambar ing kaca 22.)

3 Wektu diundang ing omahé Marta lan Maryam, Yésus seneng banget. Yésus isa nggunakké kesempatan kuwi kanggo mulang bab sing bener saka Alkitab. Maryam banjur lungguh ing cedhaké Yésus, lan ”tansah ngrungokaké pangandikané”. Maryam péngin isa sinau saka Guru Agung. Sakjané Marta uga nduwé kesempatan sing padha. Nèk Marta gelem mandheg nindakké gawéané kanggo ngrungokké piwulangé Yésus, mbokmenawa Yésus bakal ngalem dhèwèké.

4 Ning, Marta malah sibuk dhéwé. Marta sibuk nyuguhi lan ngladèni Yésus bèn kepénak anggoné mertamu. Pas ndelok Maryam ora ngéwangi dhèwèké, Marta banjur nesu lan sambat marang Yésus. Yésus ngerti nèk Marta péngin nindakké sing becik, mula Yésus ngendika, ”Marta, Marta, kowé iku nyumelangaké lan nggrantesaké prakara akèh.” Yésus banjur ngongkon Marta aja répot-répot anggoné nyuguhi, cukup siji waé suguhané. Banjur, Yésus ngalem Maryam merga ngrungokké piwulangé. Yésus ngendika, ”Maryam wis milih panduman kang becik dhéwé, kang ora bakal kajupuk saka ing dhèwèké.” Maryam isa waé ora kèlingan lawuhé apa pas kuwi, ning ora bakal lali karo piwulang lan carané Yésus ngalem dhèwèké. 60 taun sakwisé kedadéan kuwi, rasul Yokanan nulis, ”Anadéné Marta lan mbakyuné . . . pancèn padha ditresnani déning Gusti Yésus.” (Yo. 11:5) Crita iki nduduhké nèk Marta gelem dikandhani Yésus, banjur ngabdi sakterusé.

5. Apa sebabé saiki kok angèl ngabdi marang Yéhuwah tanpa ana gangguan, lan pitakonan apa sing bakal dijawab?

5 Awaké dhéwé ngerti nèk saiki akèh sing isa ngganggu awaké dhéwé ngabdi marang Yéhuwah, timbang jamané Yésus. Majalah The Watchtower 15 September 1958 ngélingké para sedulur aja nganti téknologi ngganggu ibadah marang Yéhuwah. Wektu kuwi, saben dina akèh barang sing anyar, contoné majalah, radio, film, lan TV sing lagi disenengi wong-wong. The Watchtower kandha nèk awaké dhéwé wis cedhak karo pungkasané jaman. Tandhané yaiku, nèk ”akèh perkara sing ngganggu ibadah saya tambah”. Saiki, ana luwih akèh manèh perkara sing isa ngganggu ibadah. Piyé carané isa niru Maryam, bèn isa terus ngabdi marang Yéhuwah tanpa ana gangguan?

AJA NGANTI DIGANGGU PERKARA-PERKARA DONYA

6. Piyé carané umaté Yéhuwah nggunakké téknologi?

6 Umaté Yéhuwah nggunakké téknologi kanggo martakké kabar apik. Contoné, sakdurungé lan saksuwéné perang donya sing kapisan, umaté Yéhuwah nggunakké gambar utawa foto lan swara sing digawé film, sing judhulé ”Foto Drama Penciptaan”. Film iki dadi alat kanggo martakké kabar apik marang wong-wong ing endi-endi. Bagéan akhir film kuwi, nggambarké kahanan ayem tentrem wektu Yésus Kristus mréntah bumi. Bar kuwi, umaté Yéhuwah nggunakké radio kanggo martakké kabar apik sak donya. Saiki, umaté Yéhuwah martakké kabar apik nganggo komputer lan Internèt  sing isa digunakké wong-wong ing endi waé, klebu ing dhaérah plosok.

Aja nganti kegiyatan sing kurang penting ngganggu anggoné ngabdi marang Yéhuwah (Deloken paragraf 7)

7. (a) Apa bahayané nèk nggunakké perkara-perkara donya nganti ngganggu ibadah? (b) Awaké dhéwé kudu waspada karo apa? (Deloken katrangan ing ngisor.)

7 Alkitab ngélingké, nèk awaké dhéwé éntuk nggunakké perkara-perkara donya, ning aja nganti ngganggu ibadah. Iki klebu ngentèkké wektu kanggo ngupaya perkara-perkara donya. (Wacanen 1 Korinta 7:29-31.) Mbokmenawa kuwi ora salah, ning isa mbuwang wektu. Contoné, nindakké hobi utawa kegiyatan sing disenengi, maca buku, nonton TV, plesir, blanja, lan ngupaya tuku saben barang èlèktronik sing anyar lan sing larang. Liyané, ngobrol ing Internèt, SMS-an, ngirim e-mail, lan kerep ngecèk berita utawa hasil pertandhingan olahraga. Ana wong sing akhiré ndadèkké perkara-perkara mau, kebiyasaan sing nyandu. * (Deloken katrangan ing ngisor.) (Ko. 3:1, 6) Nèk awaké dhéwé nggunakké akèh wektu kanggo perkara-perkara sing kurang penting, kuwi tegesé dadi ora tenanan nggatèkké perkara sing paling penting, yaiku ibadah marang Yéhuwah.Wacanen Éfesus 5:15-17.

8. Awaké dhéwé aja nganti nresnani perkara-perkara donya iki. Apa sebabé?

8 Iblis nggunakké perkara-perkara donya iki, bèn awaké dhéwé ora tenanan ngabdi marang Yéhuwah. Cara iki wis digunakké kèt jaman mbiyèn tekan saiki. (2 Tm. 4:10) Dadi, kudu ajeg mriksa pikirané awaké dhéwé bab perkara-perkara donya, lan kudu ngowahi tumindak sing ora cocog. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé aja nganti nresnani perkara-perkara sing ana ing donya iki. Ning, malah kudu terus nguwatké rasa tresna marang Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, awaké dhéwé dadi luwih gampang manut lan cedhak karo Yéhuwah.1 Yo. 2:15-17.

TERUS NGGATÈKKÉ PERKARA SING PALING PENTING

9. Apa piwulangé Yésus bab terus ngabdi tanpa gangguan, lan conto apa sing isa ditiru saka Yésus?

9 Yésus ngandhani murid-muridé bab sing padha, kaya sing diwulangké marang Marta, yaiku aja sibuk karo perkara sing kurang penting. Yésus maringi semangat para muridé bèn isa terus ngabdi marang  Yéhuwah lan Kratoné, tanpa ana gangguan. (Wacanen Matéus 6:22, 33.) Yésus dhéwé maringi conto sing apik banget. Yésus ora nduwé apa-apa, klebu omah utawa lemah.Lk. 9:58; 19:33-35.

10. Conto apa sing isa ditiru saka Yésus?

10 Yésus ora gelem diganggu karo perkara-perkara sing kurang penting wektu nginjil. Contoné, ora let suwé sakwisé mulai nginjil, wong-wong ing Kapèrnaum péngin bèn Yésus luwih suwé ing kutha kuwi. Piyé tanggepané Yésus? Yésus ora gelem manut. Yésus ngendika, ”Injilé Kratoning Allah iku iya kudu Dakwartak-wartakaké menyang ing kutha-kutha liyané uga, sabab iya iku preluné anggonKu kautus.” (Lk. 4:42-44) Yésus mlaku adoh wektu martakké kabar apik, lan mempeng anggoné mulang wong-wong. Senajan sampurna, Yésus uga krasa kesel lan butuh ngaso sakwisé nginjil.Lk. 8:23; Yo. 4:6.

11. Apa sing ditindakké Yésus wektu ana sing njaluk tulung bab andum warisan? Apa piwulangé kanggo para muridé?

11 Wektu Yésus mulang para muridé, ana wong lanang sing nyela lan kandha, ”Guru, Paduka mugi karsaa ndhawuhi sadhèrèk kawula, supados andum warisan kaliyan kawula.” Yésus ora gelem mèlu-mèlu urusané wong kuwi, merga isa ngganggu anggoné mulang para muridé. Malah, Yésus nggunakké kesempatan kuwi kanggo mulang para muridé nèk ngupaya nduwé akèh bandha, kuwi isa ngganggu ibadahé marang Yéhuwah.Lk. 12:13-15.

12, 13. (a) Apa sing ditindakké Yésus sing marahi wong-wong Yunani ing Yérusalèm gumun? (b) Piyé tanggepané Yésus wektu Filipus njaluk Yésus nemoni wong-wong sing péngin ketemu?

12 Yésus strès banget merga ngerti nèk arep séda ora suwé manèh. (Mt. 26:38; Yo. 12:27) Yésus uga ngerti nèk bakal ngalami kasusahan nganti sédané, lan isih ana akèh gawéan sing kudu ditindakké. Contoné, dina Minggu 9 Nisan, Yésus mlebu ing kutha Yérusalèm nunggang jaran cilik. Akèh wong sing seneng Yésus dadi raja. (Lk. 19:38) Sedina sakwisé kuwi, Yésus wani ngusir bakul-bakul sing dodolan ing Padalemané Gusti Allah. Bakul-bakul kuwi anggoné dodolan larang banget kaya rampok.Lk. 19:45, 46.

13 Wong-wong Yunani sing teka ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah, gumun karo apa sing wis ditindakké Yésus. Mula, wong-wong kuwi takon karo rasul Filipus piyé carané isa ketemu karo Yésus. Ning, Yésus ora nggunakké kesempatan kuwi kanggo nggolèk bala bèn isa ngadhepi para mungsuhé. Yésus ngerti apa sing luwih penting yaiku séda kanggo tebusan, kaya kersané Yéhuwah. Dadi, Yésus ngélingké para muridé nèk ora suwé manèh dhèwèké bakal séda, lan para muridé kudu niru tuladhané gelem mati kanggo kepentingané wong liya. Yésus ngendika, ”Sapa kang nresnani nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging sapa kang ora nresnani nyawané ana ing donya iki, iku kang bakal ngrumati nyawané kanggo urip kang langgeng.” Yésus njamin nèk para muridé bakal ”diajèni Sang Rama” lan isa urip saklawasé. Filipus uga ngandhani wong-wong Yunani bab kuwi.Yo. 12:20-26.

14. Senajan tugas utamané nginjil, Yésus uga nindakké apa?

14 Wektu ing bumi, tugasé Yésus sing paling utama yaiku nginjil. Senajan kuwi penting banget, Yésus ora mung mikirké nginjil thok. Yésus gelem njagong mantèn, lan pas kuwi malah nggawé  banyu dadi anggur sing mutuné apik. (Yo. 2:2, 6-10) Yésus uga gelem diundang mangan ing omahé kanca-kancané lan wong-wong sing diwulang. (Lk. 5:29; Yo.12:2) Sing paling penting, Yésus kerep ndonga, mikirké sabdané Yehuwah, lan ngaso.Mt. 14:23; Mk. 1:35; 6:31, 32.

AYO PADHA MBUWANG SAKABÈHING MOMOTAN

15. Miturut Paulus, apa sing kudu diupayakké wong Kristen, lan conto apa sing isa ditiru saka dhèwèké?

15 Rasul Paulus kandha nèk wong Kristen kuwi kaya wong sing lagi lomba mlayu. Lan bèn tekan nggoné, kabèh sing isa ngganggu kudu dibuwang. (Wacanen Ibrani 12:1.) Paulus mènèhi conto sing apik. Dhèwèké isa waé dadi wong sugih lan dadi pemimpin agama Yahudi. Ning, dhèwèké ora gelem, merga ”milih endi sing becik dhéwé”. Paulus tenanan anggoné nginjil, buktiné isa nginjil ing akèh panggonan klebu Siria, Asia Kecil, Makédonia, lan Yudéa. Dhèwèké ngarep-arep urip ing swarga. Paulus kandha, ”Nglalèkaké samubarang sing ana ing mburiku lan ngetog karosanku nyandhak apa sing ana ing ngarepku. Dadiné aku mlayu ngener marang tujuanku supaya olèh ganjaran mau.” (Fp. 1:10; 3:8, 13, 14, BJP) Paulus ora nduwé bojo, lan kuwi isa mbantu dhèwèké ”leladi marang Gusti tanpa alangan”.1 Kr. 7:32-35.

16, 17. Senajan nduwé bojo apa ora, piyé awaké dhéwé isa niru tuladhané Paulus? Piyé carané Mark lan Claire niru tuladhané Paulus?

16 Kaya Paulus, ana abdiné Yéhuwah sing milih ora nduwé bojo bèn isa luwih tenanan ngabdi marang Yéhuwah. (Mt. 19:11, 12) Wong sing ora nduwé bojo ora kakèhan pikiran bab keluarga. Ning, senajan nduwé bojo apa ora, awaké dhéwé isa ”padha mbuwang kabèh momotan” sing isa ngganggu ibadah marang Yéhuwah. Awaké dhéwé perlu ngowahi kebiyasaan sing mbuwang wektu, bèn isa luwih tenanan anggoné ngabdi marang Yéhuwah.

17 Contoné, Mark lan Claire sing manggon ing Wales, mulai dadi perintis sakwisé lulus sekolah. Sakwisé bebojoan, wong loro kuwi isih terus merintis. Ning, Mark lan Claire rumangsa isa nindakké luwih akèh. Mark kandha, ”Aku lan bojoku ninggal omahku sing gedhé lan metu saka gawéan, bèn isa mèlu mbangun gedhung-gedhungé Seksi-Seksi Yéhuwah. Saksuwéné 20 taun, Mark lan Claire isa mbantu mbangun akèh Balé Ibadah ing Afrika. Kadhang kala, dhuwité mung sithik, ning Yéhuwah terus mbantu. Claire kandha, ”Seneng banget isa ngabdi marang Yéhuwah saben dina, isa nduwé kanca sing akèh, lan ora kekurangan. Pangurbananku ora isa dibandingké karo rasa seneng merga isa ngabdi marang Yéhuwah saben dina.” Akèh sedulur sing nindakké sing padha, ya ngrasakké rasa seneng sing sejati. *—Deloken katrangan ing ngisor.

18. Pitakonan apa sing isa dipikirké?

18 Apa panjenengan péngin isa luwih tenanan anggoné ngabdi marang Yéhuwah? Apa ana bab liyané sing ngganggu perkara sing luwih penting? Nèk ana, apa sing isa ditindakké? Mbokmenawa panjenengan isa luwih apik manèh maca lan sinau Alkitab. Artikel sakbanjuré bakal nerangké carané nindakké kuwi.

^ par. 7 Deloken artikel ”Wong Bodho Ngandel marang Tembungé Saben Wong”.

^ par. 17 Deloken uga pengalamané Hadyn lan Melody Sanderson ing artikel ”Mengetahui Apa yang Benar dan Melakukannya” (Menara Pengawal 1 Maret 2006) Gawéané wong loro kuwi mapan, ning Hadyn lan Melody milih dadi perintis. Wacanen uga kahanané Hadyn lan Melody pas ora nduwé dhuwit, wektu dadi utusan injil ing India.