Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 TIRUNEN IMANÉ | SARA

”Kowé Iku Wanita kang Éndah Ing Warna”

”Kowé Iku Wanita kang Éndah Ing Warna”

BAYANGNA ana wong wédok saka Timur Tengah sing mripaté éndah, lagi ngadeg ing tengah-tengah ruangan. Dhèwèké kétok rada sedhih. Wong wédok kuwi jenengé Sara lan bojoné jenengé Abraham. * Abraham lan Sara wis suwé urip bebarengan ing kono. Wis ana akèh kenangan ing omah kuwi. Mula, wajar nèk dhèwèké sedhih.

Sara lan Abraham manggon ing Ur, kutha sing makmur. Ing kono ana akèh pengrajin lan pedagang. Abraham lan Sara kuwi mesthi wong sugih. Kanggoné Sara, omahé ora mung dadi panggonan kanggo nyimpen bandhané. Susah seneng wis dirasakké pirang-pirang taun karo bojoné ing omah kuwi. Ing kono, Sara uga wis kerep ndonga marang Gusti Allahé, yaiku Yéhuwah. Mesthi ora gampang kanggo ninggalké omahé.

Ning, Sara gelem pindhah lan ninggalké kuwi kabèh. Senajan umuré wis kira-kira 60 taun, Sara gelem lunga menyang dhaérah sing asing. Padhahal, dhèwèké ora bakal bali manèh sarta kudu ngadhepi akèh bahaya lan kasusahan. Apa sing nggawé Sara gelem ngowahi uripé? Apa sing isa disinaoni saka imané Sara?

”LUNGAA SAKA ING TANAHIRA”

Kétoké Sara wiwit cilik wis manggon ing Ur. Saiki, kutha kuwi wis ancur. Ning, ing jamané Sara, kutha kuwi ramé banget. Para pedagang sing numpak kapal ngliwati Sungai Éfrat nggawa akèh barang sing aji saka ngendi-endi menyang kutha sing makmur kuwi. Dalan-dalan ing Ur sing sempit lan akèh gangé dikebaki wong sing padha mlaku, ana akèh kapal sing padha jéjér-jéjér ing pelabuhan, lan pasaré kebak barang dagangan. Sara mesthi wis akèh kenal karo wong-wong ing kono. Wong-wong ya kenal karo Sara, merga Sara kuwi ayu banget lan nduwé keluarga sing gedhé.

Ing Alkitab, Sara dikenal merga imané sing gedhé. Ing Ur, akèh wong padha nyembah déwa-bulan. Ing kono uga ana menara sing dhuwur lan megah sing didegké kanggo déwa kuwi. Ning, Sara ora nyembah déwa kuwi. Sara nyembah Gusti Allah sing sejati, yaiku Yéhuwah. Kitab Suci ora njelaské piyé critané Sara isa nduwé iman marang Yéhuwah, merga bapaké mauné dadi penyembah brahala. Banjur, Sara nikah karo Abraham, sing luwih tuwa sepuluh taun. * (Purwaning Dumadi 17:17) Abraham sakbanjuré dikenal dadi ”ramané para wong pracaya”. (Rum 4:11) Sara lan Abraham mbangun keluarga sing kuwat lan nyenengké, merga padha-padha ngajèni, komunikasiné apik, lan gelem kerjasama kanggo ngatasi masalah. Sing paling penting, loro-loroné padha-padha nresnani Yéhuwah.

Sara tresna banget karo bojoné. Sara lan bojoné mbangun keluarga lan manggon ing cedhaké para  seduluré ing Ur. Ora let suwé, Sara lan bojoné ngadhepi masalah sing marahi gela. Alkitab kandha nèk Sara ”gabug [mandhul] ora duwé anak”. (Purwaning Dumadi 11:30) Ing jaman semono, kuwi dadi masalah sing abot kanggo Sara. Ning, Sara tetep setya karo Yéhuwah lan bojoné. Ponakané sing ora nduwé bapak, yaiku Lot, wis dianggep dadi kaya anaké dhéwé. Uripé Sara lan Abraham kétoké wis tentrem. Ning, ing sawijiné dina kahanané malih.

Abraham teka-teka nggawa kabar sing ngagètké. Abraham crita nèk Gusti Allah lagi waé ngendika marang dhèwèké liwat malaékat. Sara mesthi kagèt, banjur mandeng bojoné karo takon, ”Apa sing dingendikakké Gusti Allah? Aku mbok dikandhani!” Mbokmenawa Abraham banjur lungguh lan ngéling-éling apa sing dikandhakké malaékat mau. Banjur, Abraham nyritakké nèk Yéhuwah ngendika, ”Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurira sarta menyanga ing tanah, kang bakal Suntedahaké marang sira.” (Para Rasul 7:2, 3) Sakwisé kuwi, Abraham lan Sara mesthi mikirké tenanan tugas saka Yéhuwah kuwi. Sara lan Abraham kudu ninggalké uripé sing wis mapan lan kepénak, banjur kudu urip pindhah-pindhah panggonan. Piyé tanggepané Sara? Abraham mesthi mandeng bojoné karo dheg-dhegan lan mbatin, ’Apa dhèwèké gelem ndhukung aku nggawé owah-owahan sing gedhé iki?’

Kanggoné awaké dhéwé, pilihan sing diadhepi Sara kuwi kayané ora lumrah. Mbokmenawa awaké dhéwé mikir, ’Gusti Allah ora mungkin ngongkon aku utawa bojoku tumindak kaya ngono.’ Ning, sakjané kita kabèh ya ngadhepi pilihan sing mèh padha. Kita urip ing donya sing seneng mburu bandha, sing ngojok-ojoki awaké dhéwé kanggo ngutamakké bandha lan urip nyaman. Ning, Alkitab ngongkon supaya kita nggawé pilihan sing wicaksana, yaiku ndhisikké bab rohani lan kersané Yéhuwah, dudu nggolèk senengé dhéwé. (Matéus 6:33) Wektu mikirké apa sing ditindakké Sara mbiyèn, awaké dhéwé isa mikir, ’Aku pilih urip sing kaya piyé?’

METU SAKA NEGARANÉ

Wektu ngepaki barang-barangé, Sara kudu mutuské barang endi sing arep digawa utawa ditinggal. Sara bakal urip pindhah-pindhah panggonan nggawa grobag sing digèrèd karo keledai lan unta. Dadi, Sara ora isa nggawa barang sing gedhé-gedhé. Mesthi akèh barangé sing kudu didol utawa dikèkké wong liya. Sara wis ora isa ngrasakké urip sing nyaman ing kutha sarta ora isa blanja ing pasar kanggo tuku bahan pangan, buah, klambi, lan barang-barang liyané manèh.

Merga nduwé iman, Sara gelem ninggalké omahé sing nyaman

Mbokmenawa sing paling abot kanggo Sara yaiku kudu ninggalké omahé sing nyaman banget.  Penemuané para arkéolog nduduhké nèk akèh omah ing Ur kuwi nduwé air mancur lan saluran banyu, sarta nduwé kamar sing akèh banget, cacahé isa luwih saka sepuluh. Omah sing sedherhana waé mesthi nduwé atap lan témbok sing kokoh, sarta lawang sing isa digembok. Urip ing téndha ora isa aman kaya ngono. Isa waé kudu ngadhepi bahaya sing wis umum ing jaman kuwi, kaya maling, singa, macan, beruang, lan serigala.

Apa manèh sing kudu ditinggalké Sara? Gusti Allah ndhawuhi, ”Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurira.” Kuwi mesthi ora gampang kanggo Sara, sing sayang lan cedhak karo keluargané. Mbokmenawa dhèwèké nduwé sedulur kandung, ponakan-ponakan, pakdhé, budhé, lan liya-liyané sing saiki kudu ditinggalké lan sing ora mesthi isa ketemu manèh. Ning, tanpa ragu-ragu Sara siap-siap kanggo lunga.

Senajan akèh tantangan, Sara wis siap kanggo lunga ing dina sing wis ditemtokké. Térah, sing dadi kepala keluarga, uga mèlu lunga senajan umuré wis mèh 200 taun. (Purwaning Dumadi 11:31) Sara mesthi mèlu ngopèni Térah sing wis tuwa kuwi. Lot uga mèlu lunga. Abraham lan Sara manut marang Yéhuwah lan metu saka ”tanahipun tiyang Kasdim”.Para Rasul 7:4.

Rombongan kuwi mlaku menyang Haran, kira-kira 960 km menyang arah lor-kulon liwat dalan ing sak pinggiré kali Éfrat. Keluarga kuwi manggon ing Haran sedhéla. Ing kono, Térah kétoké lara lan ora isa mèlu nutugké perjalanan. Dadi, keluarga kuwi tetep manggon ing kono nganti Térah mati ing umur 205 taun. Sakdurungé nutugké perjalanan, Yéhuwah sepisan manèh ngendika marang Abraham supaya Abraham ninggalké negara kuwi lan lunga menyang negara sing bakal diduduhké karo Yéhuwah. Wektu kuwi, Yéhuwah maringi janji sing nyenengké, ”Sira bakal Sundadekaké bangsa kang gedhé.” (Purwaning Dumadi 12:2-4) Ning, wektu ninggalké Haran, umuré Abraham wis 75 taun lan Sara 65 taun, lan wong loro kuwi ora nduwé anak. Piyé carané Abraham isa dadi bangsa sing gedhé? Apa Abraham kudu nduwé bojo manèh? Wektu kuwi, poligami wis umum ditindakké. Dadi, isa waé Sara ya kepikiran bab kuwi.

Sakbanjuré, keluarga kuwi lunga saka Haran lan nutugké perjalanan. Alkitab kandha nèk keluargané Abraham metu saka kono nggawa bandha lan ”para abdi tumbasan saka ing Haran”. (Purwaning Dumadi 12:5) Ana wong Yahudi jaman mbiyèn sing kandha nèk wong-wong sing disebutké ing ayat kuwi uga dadi proselit, mèlu nyembah Yéhuwah bareng karo Abraham lan Sara. Dadi, Abraham lan Sara mesthi nyritakké bab imané marang wong-wong sing gelem ngrungokké. Merga nduwé iman sing kuwat, Sara mesthi dadi isa nggawé wong liya yakin wektu nyritakké bab Gusti Allahé lan pangarep-arepé. Kita saiki kudu mikirké tenanan tuladhané Sara kuwi. Akèh wong saiki uga padha kurang iman lan pangarep-arep sing sejati. Dadi, nèk wis sinau bab sing apik saka Alkitab, apa panjenengan gelem nyritakké kuwi marang wong liya?

”MENYANG ING TANAH MESIR”

Sakwisé nyebrang kali Éfrat, kétoké ing tanggal 14 Nisan 1943 SM, keluarga kuwi mlaku ngidul, menyang negara sing dijanjèkké Yéhuwah. (Pangentasan 12:40, 41) Bayangna Sara sing lagi nyawang negara kuwi. Ing kono, kahanané kétok éndah banget, cuacané nyenengké, lan ora mboseni. Banjur, ing cedhaké wit gedhé Moré, ing cedhak Sikhèm, Yéhuwah ngendika manèh marang Abraham, ”Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Wektu krungu tembung ”turunira”, Abraham mesthi dadi kèlingan ramalané Yéhuwah ing taman Èden mbiyèn, nèk ana keturunan sing sukmbèn bakal ngancurké Sétan. Yéhuwah wis ngandhani Abraham nèk keturunané bakal dadi bangsa sing isa dadi berkah kanggo kabèh manungsa.Purwaning Dumadi 3:15; 12:2, 3, 6, 7.

Ning, keluargané Abraham uga ngalami masalah. Ing Kanaan ana bencana kelaparan. Dadi, Abraham mutuské kanggo pindhah karo keluargané menyang Mesir ing arah kidul. Ning, ing kono uga ana bahaya. Abraham ngandhani Sara, ”Lah ta, aku weruh yèn kowé iku wanita kang éndah ing warna, samangsa wong Mesir ndeleng kowé, mesthi ngarani: Iku somahé, banjur aku mesthi dipatèni lan kowé diuripi. Bok iya kowé kandha yèn sadulurku, supaya aku lestaria slamet marga saka kowé, lan nyawaku  tulusa urip marga saka kowé.” (Purwaning Dumadi 12:10-13) Apa sebabé Abraham ngomong kaya ngono?

Ana wong sing nudhuh nèk Abraham kuwi ngapusi utawa jirih. Ning, sakjané Sara kuwi pancèn seduluré Abraham. Sakliyané kuwi, Abraham lan Sara ngerti nèk Yéhuwah arep ngasilké keturunan lan bangsa sing istiméwa liwat Abraham. Dadi, wajar nèk Abraham kudu ngati-ati, aja nganti cilaka utawa mati. Bukti arkéologi uga nduduhké nèk para panguwasa Mesir pancèn wis biasa matèni wong lanang lan ngrampas bojoné. Dadi, tumindaké Abraham kuwi wicaksana, lan Sara gelem ndhukung keputusané.

Ora let suwé, apa sing dikuwatirké Abraham kelakon. Para pejabat ing istanané Firaun nggatèkké nèk Sara kuwi ayu tenan, senajan wis ora enom manèh. Wong-wong kuwi crita karo Firaun lan Firaun mréntahké supaya Sara digawa menyang istanané. Sara mesthi kewedèn banget lan Abraham dadi susah atiné. Ning, ing kono kétoké Sara malah dadi tamu sing diajèni, dudu dadi tawanan. Mbokmenawa Firaun arep ngrayu Sara bèn kepéncut karo kasugihané, banjur arep njaluk ijin karo ”seduluré” supaya Sara isa dadi bojoné.Purwaning Dumadi 12:14-16.

Saiki, bayangna Sara lagi nyawang tanah Mesir saka cendhéla utawa balkon istana. Dhèwèké saiki isa ngrasakké panggonan sing ana témbok lan atapé, sarta panganan sing énak-énak manèh. Piyé perasaané Sara? Apa dhèwèké bakal kegodha lan péngin urip ing kono, sing luwih méwah timbang ing Ur mbiyèn? Sétan mesthi seneng banget nèk Sara pilih ninggalké Abraham lan dadi bojoné Firaun. Ning, Sara ora ngono. Sara tetep setya karo Yéhuwah lan bojoné. Mesthi nyenengké tenan nèk kabèh wong saiki isa setya kaya Sara. Apa panjenengan isa niru Sara lan tetep setya karo wong-wong sing ditresnani sarta karo kanca-kanca panjenengan?

Yéhuwah ngayomi wong wédok sing ditresnani iki. Yéhuwah nggawé Firaun lan kabèh sing ana ing istanané kena bencana. Bareng ngerti nèk Sara kuwi bojoné Abraham, Firaun mbalèkké Sara menyang bojoné lan njaluk supaya keluargané Abraham lunga saka Mesir. (Purwaning Dumadi 12:17-20) Abraham mesthi seneng banget merga Sara wis balik. Abraham mau kandha karo Sara, ”Aku weruh yèn kowé iku wanita kang éndah ing warna.” Ning, Abraham ora mung ngajèni rupané Sara sing ayu. Abraham uga ngajèni sipat-sipaté Sara sing apik, sing uga diajèni karo Yéhuwah. (1 Pétrus 3:1-5) Kita kabèh uga isa nduwé sipat-sipat sing aji kuwi. Kita isa niru imané Sara nèk luwih ndhisikké bab rohani timbang bandha, nyritakké bab Yéhuwah marang wong liya, lan tetep setya karo pathokané Yéhuwah senajan ana godhaan.

Sara tetep setya karo bojoné senajan ana godhaan ing istanané Firaun

^ par. 3 Mauné, jenengé Abram lan Sarai. Ning, wong loro kuwi luwih dikenal nganggo jeneng sing diparingi Yéhuwah.Purwaning Dumadi 17:5, 15.

^ par. 8 Sara kuwi seduluré Abraham. Bapaké padha, yaiku Térah, ning ibuké béda. (Purwaning Dumadi 20:12) Jaman saiki, wong sing seduluran kaya ngono ora éntuk nikah. Ning, jaman semana, manungsa isih cedhak karo jamané Adam lan Kawa sing mauné sampurna. Dadi, nèk nikah karo sedulur cedhaké dhéwé, wong-wong ing jaman kuwi ora bakal ngasilké keturunan sing cacad. Ning, 400 taun sakbanjuré, Hukum Musa ora ngéntukké wong nikah karo sedulur cedhaké dhéwé, merga manungsa wis adoh saka jamané Adam sing sampurna.Kaimaman 18:6.