Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Yésus marani lan nambani maratuwané Pétrus.—Matéus 8:14, 15; Markus 1:29-31

Apa Selibat Kuwi Wajib kanggo Rohaniwan Kristen?

Apa Selibat Kuwi Wajib kanggo Rohaniwan Kristen?

PRAKTÈK selibat kuwi diwajibké kanggo para klérus lan para pemimpiné agama-agama sakdonya, contoné ing Gréja Katolik Roma, gréja-gréja Ortodoks, Budha, lan liya-liyané. Ning, akèh wong nganggep nèk urip selibat iki malah nggawé para pemimpiné agama-agama kuwi tumindak laku jina.

Dadi, apa selibat kuwi pancèn aturan saka Alkitab kanggo para rohaniwan Kristen? Kanggo njawab pitakonan kuwi, ayo ngrembug asal-usulé praktèk selibat lan piyé pandhangané Gusti Allah bab kuwi.

PRAKTÈK SELIBAT NURUT SEJARAHÉ AGAMA

Nurut Encyclopædia Britannica, sing dimaksud urip selibat yaiku ”tetep ora nikah utawa nèk nikah ora nindakké hubungan sèksual, biyasané kuwi ana hubungané karo tugasé para pemimpin agama lan para abdiné”. Ing taun 2006, Paus Benediktus XVI ngrembug bab Kuria Roma banjur kandha nèk selibat sing diwajibké kuwi ana hubungané karo ”tradhisi sing asal-usulé saka jamané para Rasul”.

Ning, praktèk selibat kuwi dudu kebiyasaan agama sing umum ditindakké karo wong-wong Kristen ing abad kapisan. Malah, rasul Paulus, sing urip ing abad kapisan, ngélikké wong Kristen bab wong-wong sing ”ngéloni roh-roh penasaran” lan ”menging jejodhoan”.1 Timotéus 4:1-3.

Ing abad kapindho, praktèk selibat kuwi mulai ana ing gréja-gréja ”Kristen” sing sakbanjuré dadi Gréja Katolik Roma. Nurut buku Celibacy and Religious Traditions, praktèk selibat kuwi mulai ana ”bebarengan karo aturan anti hubungan sèksual sing mulai ditrapké ing Kekaisaran Roma”.

 Ing taun-taun sakbanjuré, déwan gréja lan Bapak-Bapak Gréja nyebarké praktèk selibat ing antarané para klérus. Wong-wong kuwi mikir nèk hubungan sèksual kuwi najis lan ora cocog karo tugasé para klérus. Senajan ngono, Encyclopædia Britannica kandha nèk ”ing pungkasané abad ke-10, ana akèh imam lan uskup sing nduwé bojo”.

Ing taun 1123 lan 1139, dianakké Konsili Lateran ing Roma. Hasilé, praktèk selibat ing antarané para klérus mulai diwajibké lan wewenangé Gréja Katolik Roma ditetepké nganti saiki. Merga ana aturan kuwi, gréja ora bakal kélangan kuwasa lan keuntungan matèri sing isa kelakon nèk propertiné gréja diwariské marang anak-anaké para imam sing wis nikah.

PANDHANGANÉ GUSTI ALLAH BAB SELIBAT

Alkitab njelaské pandhangané Gusti Allah bab selibat. Ing Alkitab, Yésus kandha nèk ana wong-wong sing niru Yésus lan pilih tetep lajang ”marga saka Kratoning Swarga”. (Matéus 19:12) Sakliyané kuwi, rasul Paulus uga ngomongké bab wong-wong Kristen sing niru dhèwèké lan pilih ora nikah ”marga saka Injil”.1 Korinta 7:37, 38; 9:23.

Ning, Yésus utawa Paulus ora mréntahké para rohaniwan kanggo urip selibat. Yésus nyebutké nèk lajang kuwi ”kanugrahan” sing ora mesthi diduwèni karo kabèh muridé. Wektu nulis bab ”para prawan”, Paulus ngakoni, ”Aku ora olèh dhawuh saka Gusti tumrap iki. Nanging aku nglairaké panemuku.”Matéus 19:11; 1 Korinta 7:25.

Sakliyané kuwi, Alkitab nduduhké nèk ing abad kapisan akèh rohaniwan Kristen sing nduwé bojo, salah sijiné yaiku rasul Pétrus. (Matéus 8:14; Markus 1:29-31; 1 Korinta 9:5) Wektu kuwi, tumindak laku jina wis umum kanggo wong-wong Roma. Mula, Paulus kandha nèk para pengawas Kristen sing wis nikah kudu ”arabi [nduwé bojo] siji” lan ”diajèni déning anak-anaké”.1 Timotéus 3:2, 4.

Sing dimaksud kuwi dudu praktèk selibat ing urip bebojoan, merga Alkitab kandha nèk ’kang lanang [kudu] netepi kawajibané marang somahé’ lan wong sing wis bebojoan ”aja padha cegah-cinegah” nindakké hubungan sèks. (1 Korinta 7:3-5) Dadi, cetha nèk praktèk selibat kuwi dudu aturan saka Gusti Allah kanggo para rohaniwan Kristen.

MERGA SAKA INJIL

Nèk praktèk selibat kuwi ora diwajibké, apa sebabé Yésus lan Paulus kandha bab paédahé tetep lajang? Merga wong sing ora nduwé bojo nduwé kesempatan sing luwih gedhé kanggo martakké kabar apik. Wong sing lajang isa ngabdi luwih akèh merga ora perlu ngrasakké kekuwatiran sing dialami karo wong sing wis nduwé bojo.1 Korinta 7:32-35.

Gatèkna contoné David, sing mutuské metu saka gawéané sing kepénak ing Mexico City lan pindhah menyang dhaérah plosok ing Kosta Rika kanggo mulang Alkitab. David kandha, ”Urip lajang kuwi mbantu aku luwih gampang nggawé penyesuaian karo budaya lan kahanan urip sing béda, merga aku mung perlu ngurusi awakku dhéwé thok.”

Claudia, wong Kristen sing isih lajang, pindhah kanggo ngabdi ing panggonan sing luwih mbutuhké penginjil. Claudia kandha, ”Aku seneng ngabdi marang Gusti Allah. Iman lan hubunganku karo Gusti Allah dadi saya kuwat wektu ngrasakké dhéwé nèk Gusti Allah ngopèni aku.”

”Ora masalah nduwé bojo apa ora, panjenengan isa tetep seneng nèk tenanan ngabdi marang Yéhuwah.”Claudia

Wong sing lajang ora perlu susah atiné. Claudia kandha, ”Ora masalah nduwé bojo apa ora, panjenengan isa tetep seneng nèk tenanan ngabdi marang Yéhuwah.”Jabur 119:1, 2.