Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Yéhuwah Nresnani Wong-Wong sing ”Ngasilké Woh kanthi Tekun”

Yéhuwah Nresnani Wong-Wong sing ”Ngasilké Woh kanthi Tekun”

’Lemah sing subur panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong sing ngasilké woh kanthi tekun.’​—LUK. 8:15.

LAGU: 68, 72

1, 2. (a) Apa sebabé tuladhané para sedulur sing setya isa nggawé kita luwih semangat nginjil? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Apa kandhané Yésus bab nginjil ing ”dhaérah asalé”? (Deloken cathetan ing ngisor.)

SERGIO LAN OLINDA kuwi pasangan perintis ing Amerika Serikat sing umuré luwih saka 80 taun. Akhir-akhir iki, wong loro kuwi kangèlan mlaku merga sikilé lara. Ning kaya biasané, wong loro kuwi lunga menyang alun-alun jam pitu ésuk, ngadeg ing cedhak halte, lan nawakké wacan marang wong-wong sing liwat. Senajan ora akèh sing nggatèkké, Sergio lan Olinda tetep nginjil ing kono lan mèsem karo wong-wong sing liwat. Pas wis awan, wong loro kuwi alon-alon mlaku mulih. Sésuk ésuké, wong loro kuwi mangkat nginjil manèh ing kono. Sergio lan Olinda terus nginjil seminggu ping enem, nganti pirang-pirang taun.

2 Akèh sedulur sing setya kaya Sergio lan Olinda sing wis pirang-pirang taun nginjil ing dhaérah asalé, senajan  akèh sing ora nggatèkké. Mbokmenawa panjenengan uga ngalami kuwi. Nèk iya, panjenengan pantes dialem merga terus semangat nginjil senajan akèh tantangan. * (Deloken cathetan ing ngisor.) Tuladhané panjenengan isa nyemangati akèh sedulur, klebu sing wis nduwé pengalaman nginjil pirang-pirang taun. Ana pinituwa wilayah sing kandha, ”Wektu nginjil bareng, aku dadi saya semangat merga nggatèkké tuladhané para sedulur sing setya kuwi.” Pinituwa wilayah liyané kandha, ”Tuladhané para sedulur sing setya nggawé aku luwih kendel lan tekun nginjil.” Liyané manèh kandha, ”Tuladhané para sedulur nggedhèkké atiku.”

3. Pitakonan apa sing bakal dirembug, lan apa sebabé?

3 Ing artikel iki kita bakal ngrembug telung pitakonan: Apa sebabé kadhang kala kita ngrasa cilik ati? Apa tegesé ngasilké woh? Piyé kita isa ngasilké woh kanthi tekun? Kita bakal luwih semangat kanggo nindakké tugas nginjil saka Yésus nèk ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi.

APA SEBABÉ KADHANG KALA KITA NGRASA CILIK ATI?

4. (a) Piyé perasaané Paulus wektu wong-wong Yahudi ora ngrungokké lan nganiaya dhèwèké? (b) Apa sebabé Paulus ngrasa kaya ngono?

4 Mbokmenawa panjenengan tau ngrasa cilik ati merga wong-wong ing dhaérah panjenengan ora gelem nampa kabar apik. Rasul Paulus uga ngrasa kaya ngono. Dhèwèké wis nginjil 30 taun, lan mbantu akèh wong dadi Kristen. (Kis. 14:21; 2 Kor. 3:2, 3) Paulus ora isa mbantu akèh wong Yahudi dadi Kristen, ning akèh sing malah nganiaya dhèwèké. (Kis. 14:19; 17:1, 4, 5, 13) Terus piyé perasaané Paulus bab kuwi? Dhèwèké kandha, ”Atiku sedhih banget lan terus-terusan sengsara.” (Rm. 9:1-3) Apa sebabé Paulus ngrasa kaya ngono? Merga dhèwèké nresnani wong-wong lan seneng banget nginjil. Paulus bener-bener perduli karo wong-wong Yahudi lan sedhih nèk wong-wong kuwi ora gelem nampa kabar apik.

5. (a) Apa sebabé kita seneng nginjil? (b) Apa sebabé lumrah nèk kadhang kala kita isa cilik ati?

5 Kaya Paulus, kita nginjil merga perduli lan péngin mbantu wong-wong. (Mat. 22:39; 1 Kor. 11:1) Kita ngerti nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi bener-bener nggawé kita seneng. Lan kita péngin mbantu wong liya bèn isa ngrasakké sing padha. Mula, kita terus mbantu wong-wong bèn kenal Yéhuwah lan ngerti kersané. Kaya-kaya kita mènèhi hadiah sing apik lan kandha marang wongé, ’Tulung tampanen iki.’ Dadi nèk wongé ora gelem nampa, lumrah nèk kita ”sedhih banget”, kaya Paulus. Kita sedhih dudu merga kurang iman, ning merga nresnani wong-wong. Dadi, kita terus nginjil senajan kadhang kala ngrasa cilik ati. Kuwi kaya kandhané Elena, sing wis merintis luwih saka 25 taun. Dhèwèké kandha,  ”Nginjil kuwi angèl. Ning, aku luwih seneng nginjil timbang gawéan liyané.”

APA TEGESÉ NGASILKÉ WOH?

6. Pitakonan apa sing bakal dirembug?

6 Apa sebabé kita yakin nèk bakal isa suksès nginjil? Kanggo njawab pitakonan kuwi, ayo ngrembug rong perumpamaan sing diwulangké Yésus wektu dhèwèké kandha bab ”ngasilké woh”. (Mat. 13:23) Perumpamaan sing kapisan yaiku bab wit anggur.

7. (a) Ing perumpamaan sing diwulangké Yésus, sapa sing dimaksud ’petani’, ”wit anggur”, lan ”pang-pangé”? (b) Pitakonan apa sing isih perlu dijawab?

7 Wacanen Yohanes 15:1-5, 8Ing perumpamaan iki, Yésus njelaské nèk Yéhuwah kuwi ’petani’, Yésus kuwi ”wit anggur”, lan murid-muridé kuwi ”pang-pangé”. * (Deloken cathetan ing ngisor.) Banjur Yésus kandha, ”Bapakku diluhurké ing bab iki, yaiku nèk kowé terus ngasilké akèh woh lan mbuktèkké nèk kowé muridku.” Dadi apa tegesé ngasilké woh? Ing perumpamaan mau, Yésus ora njelaské woh apa kuwi, ning Yésus mènèhi petunjuk sing mbantu kita ngerti tegesé ngasilké woh.

8. (a) Ing perumpamaané Yésus, apa sebabé ”ngetokké woh” dudu tegesé nggawé wong dadi muridé Yésus? (b) Apa Yéhuwah tau ngekèki préntah sing ora isa kita tindakké? Terangna.

8 Yésus kandha bab Bapaké, ”Panjenengané mbuwang saben pang sing ana ing aku sing ora ngetokké woh.” Dadi, kuwi tegesé kita isa dadi abdiné Yéhuwah mung nèk ngetokké woh. (Mat. 13:23; 21:43) Ing perumpamaan kuwi, ngetokké woh dudu tegesé ndadèkké murid. (Mat. 28:19) Nèk kaya ngono, berarti Seksi sing setya sing durung tau mbantu wong dadi muridé Yésus kuwi pang sing ora ngetokké woh. Nanging kuwi ora bener, merga kita ora isa meksa wong dadi murid. Merga nresnani kita, Yéhuwah ora bakal ngekèki préntah sing ora isa ditindakké.​—PT. 30:11-14.

9. (a) Apa tegesé ngasilké woh? (b) Perumpamaan apa sing arep dirembug?

9 Dadi, apa tegesé ngasilké woh? Kuwi mesthiné bab sing isa kita tindakké. Yéhuwah wis maringi tugas marang para abdiné kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah. * (Deloken cathetan ing ngisor.) (Mat. 24:14) Kuwi dijelaské ing perumpamaané Yésus bab wong sing nyebar winih.

10. (a) Apa sing dimaksud winih lan lemah ing perumpamaané Yésus? (b) Apa sing dihasilké wit gandum?

10 Wacanen Lukas 8:5-8, 11-15. Ing perumpamaan bab wong sing nyebar winih, Yésus njelaské nèk winih kuwi ”pangandikané Gusti Allah”, utawa kabar apik bab Kratoné Allah. Lemah kuwi atiné wong. Winih sing tiba ing lemah sing subur metu oyodé, banjur thukul, lan akhiré dadi tanduran. Terus, tanduran kuwi ”ngasilké woh tikel 100”. Nèk tanduran kuwi wit gandum,  apa sing dihasilké? Dudu wit gandum, ning ngasilké winih sing bakal dadi wit gandum. Ing perumpamaan kuwi, winih siji ngasilké 100 winih. Dadi, apa piwulangé kanggo kita?

Piyé kita isa ”ngasilké woh kanthi tekun”? (Deloken paragraf 11)

11. (a) Apa sing isa disinaoni saka perumpamaan bab wong sing nyebar winih? (b) Piyé carané kita ngasilké winih anyar?

11 Wektu kita sepisanan sinau bab Kratoné Allah saka wong tuwa utawa Seksi liyané, wong-wong kuwi kaya-kayané lagi nandur winih ing lemah sing subur. Wektu kita nampa kabar apik kuwi, mesthi padha seneng. Winihé thukul lan saya gedhé nganti akhiré siap ngasilké woh. Wit gandum kuwi ora ngasilké wit gandum sing anyar, ning ngasilké winih sing anyar. Semono uga, kita ora ngasilké murid anyar, ning winih anyar. * (Deloken cathetan ing ngisor.) Kok isa? Saben kita nyritakké Kratoné Allah marang wong liya, kuwi kaya-kaya kita lagi ngasilké winih, banjur nyebar winih sing wis ditandur ing ati kita. (Luk. 6:45; 8:1) Nèk kita terus nginjil, kuwi tegesé kita ”ngasilké woh kanthi tekun”.

12. (a) Apa sing isa kita sinaoni saka perumpamaan bab wit anggur lan wong sing nyebar winih? (b) Piyé perasaan panjenengan merga ngerti bab kuwi?

12 Apa sing isa kita sinaoni saka perumpamaan bab wit anggur lan wong sing nyebar winih? Kita isa ”ngasilké woh” nèk terus nginjil, ora masalah tanggepané wong marang kabar apik. Paulus kandha, ”Wong-wong kuwi bakal nampa opah miturut gawéané dhéwé-dhéwé.” (1 Kor. 3:8) Yéhuwah bakal ngopahi kita ora merga hasilé, ning merga upayané awaké dhéwé. Matilda, sing wis merintis 20 taun kandha, ”Aku seneng banget merga Yéhuwah mberkahi upayaku.”

PIYÉ CARANÉ NGASILKÉ WOH KANTHI TEKUN?

13, 14. Miturut Roma 10:1, 2, apa sebabé Paulus isa terus semangat nginjil?

13 Piyé panjenengan isa ”ngasilké woh kanthi tekun”? Gatèkna pengalamané rasul Paulus. Dhèwèké sedhih merga wong-wong Yahudi ora gelem nampa kabar apik. Senajan ngono Paulus terus  nginjil marang wong-wong kuwi. Paulus kandha, ”Apa sing tak péngini saka atiku lan sing tak suwun marang Gusti Allah yaiku supaya wong-wong kuwi dislametké. Merga, aku isa ngomong bab wong-wong kuwi, nèk wong-wong kuwi semangat ngabdi marang Gusti Allah nanging ora miturut pangertèn sing bener bab Gusti Allah.” (Rm. 10:1, 2) Dadi, apa sebabé Paulus isa terus semangat nginjil?

14 Kapisan, Paulus nginjil merga kuwi ’sing dipéngini saka atiné’. Paulus péngin wong-wong Yahudi dislametké. (Rm. 11:13, 14) Kapindho, kuwi ’sing disuwun marang Gusti Allah’. Paulus njaluk tenanan marang Gusti Allah bèn wong-wong Yahudi isa nampa kabar apik. Katelu, Paulus kandha nèk ”wong-wong kuwi semangat ngabdi marang Gusti Allah”. Paulus ngerti nèk ana bab sing apik saka wong-wong Yahudi lan yakin nèk wong-wong kuwi isa ngabdi marang Yéhuwah. Paulus uga ngerti nèk wong-wong sing semangat kuwi uga isa dadi muridé Yésus sing semangat, kaya Paulus dhéwé.

15. Piyé kita isa niru rasul Paulus? Wènèhana conto.

15 Piyé kita isa niru rasul Paulus? Kapisan, kita kudu nduwé pepénginan nggolèki wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”. Kapindho, kita ndonga bèn  wong-wong sing tulus gelem nampa kabar apik. (Kis. 13:48; 16:14) Kuwi sing ditindakké Silvana, sing wis mèh 30 taun dadi perintis. Dhèwèké kandha, ”Sakdurungé mangkat nginjil, aku ndonga bèn Yéhuwah mbantu aku nduwé pikiran sing positif.” Kita uga ndonga bèn para malaékat mbantu nemokké wong-wong sing gelem ngrungokké. (Mat. 10:11-13; Why. 14:6) Robert, sing wis merintis luwih saka 30 taun, kandha, ”Aku seneng merga dibantu karo para malaékat. Para malaékat kuwi ngerti keadaané wong sing nduwé omah.” Katelu, kita yakin nèk kabèh wong kuwi nduwé bab-bab sing apik lan isa dadi abdiné Yéhuwah. Carl, pinituwa sing wis dibaptis luwih saka 50 taun kandha, ”Aku ngupaya nduwèni pikiran sing positif marang wong-wong sing tak temoni. Nèk wongé ramah, mèsem, utawa mènèhi pitakonan saka atiné, mbokmenawa dhèwèké kuwi pancèn tulus.” Nèk nindakké kuwi kabèh, kita isa ”ngasilké woh kanthi tekun” kaya Paulus.

”TANGANMU AJA KOKLERENAKÉ”

16, 17. (a) Apa sing isa kita sinaoni saka Kohèlèt 11:6? (b) Apa pengaruhé kanggo wong liya nèk kita terus nginjil?

16 Kita kudu éling nèk gawéan nginjil kuwi ana pengaruhé kanggo wong liya, senajan kétoké ora ana sing ngrungokké. (Wacanen Kohèlèt 11:6.) Wong-wong mesthi nggatèkké penampilan kita sing rapi lan tumindak kita sing sopan lan ramah. Hasilé, wong-wong sing nduwé pikiran èlèk marang kita, suwé-suwé mulai isa mikir sing apik bab kita. Kuwi kaya pengalamané Sergio lan Olinda.

17 Sergio kandha, ”Wis tau aku lan bojoku ora nginjil ing alun-alun merga lagi lara. Wektu aku nginjil manèh ing kono, ana sing takon, ’Kok wis suwé ora kétok?’” Olinda uga crita, ”Supir bis padha dhadhah-dhadhah, lan ana sing mbengok, ’Semangat ya!’ Wong-wong kuwi uga njaluk majalah.” Sergio lan Olinda kagèt wektu ana wong lanang sing nyedhaki rak beroda, ngekèki kembang lan ngucapké maturnuwun merga apa sing ditindakké Sergio lan Olinda.

18. Apa sebabé panjenengan nduwé tékad kanggo ”ngasilké woh kanthi tekun”?

18 Nèk ’tangan panjenengan ora lèrèn’ kanggo martakké kabar apik. Panjenengan lagi mèlu nindakké ”kesaksian kanggo kabèh bangsa”. (Mat. 24:14) Sing paling penting, panjenengan isa seneng merga ngerti nèk wis nyenengké Yéhuwah. Lan Yéhuwah nresnani wong-wong sing ”ngasilké woh kanthi tekun”.

^ par. 2 Yésus uga kandha nèk nginjil ing ”dhaérah asalé” kuwi ora gampang. Iki dicathet ing patang injil.​—Mat. 13:57; Mrk. 6:4; Luk. 4:24; Yoh. 4:44.

^ par. 7 Senajan sing dimaksud pang-pang ing perumpamaan kuwi yaiku wong-wong Kristen sing bakal munggah swarga, ning piwulangé uga isa kanggo kabèh abdiné Gusti Allah.

^ par. 9 Nduduhké sipat-sipat sing dihasilké roh suciné Yéhuwah kuwi uga isa disebut ”ngasilké woh”. Ning, ing artikel iki lan sakbanjuré, kita bakal ngrembug bab ”ngasilké woh” ing gawéan nginjil.

^ par. 11 Yésus nggunakké perumpamaan bab nyebar lan manèn kanggo nggambarké gawéan ndadèkké murid.​—Mat. 9:37; Yoh. 4:35-38.