Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Seneng Nampa Tamu Kuwi Penting lan Nyenengké

Seneng Nampa Tamu Kuwi Penting lan Nyenengké

”Kowé kudu seneng nampa siji lan sijiné tanpa nggrundel.”​—1 PTR. 4:9.

LAGU: 100, 87

1. Masalah apa sing dialami wong Kristen ing abad kapisan?

KIRA-KIRA antarané taun 62 lan 64 M, rasul Pétrus nulis marang ”para penduduk sementara sing kesebar ing Pontus, Galatia, Kapadokia, Asia, lan Bitinia”. (1 Ptr. 1:1) Sedulur-sedulur kuwi asalé saka budaya sing béda-béda. Sedulur-sedulur kuwi ”ngalami pacoban sing kaya geni” utawa dianiaya, dadi kudu dikuwatké lan dituntun. Sakliyané kuwi, para sedulur uga urip ing jaman sing susah. Rasul Pétrus kandha, ”Pungkasané samubarang kabèh wis cedhak.” Ora nganti sepuluh taun sakwisé kuwi, Yérusalèm disirnakké. Mula, piyé carané wong Kristen sing ana ing endi-endi isa tetep kuwat ngadhepi kuwi kabèh?​—1 Ptr. 4:4, 7, 12.

2, 3. Apa sebabé Pétrus mènèhi naséhat marang para seduluré bèn seneng nampa tamu? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

2 Rasul Pétrus mènèhi naséhat marang para seduluré bèn ”seneng nampa siji lan sijiné”. (1 Ptr. 4:9) Tembung Yunaniné ”seneng nampa” kuwi tegesé ”apikan marang wong sing ora dikenal”. Dadi, senajan wis kenal lan wis nindakké  kegiatan bareng-bareng, apa sebabé Pétrus mènèhi naséhat bèn seneng nampa ”siji lan sijiné”?

3 Kuwi bakal nggawé wong-wong kuwi saya akrab. Nèk panjenengan piyé? Coba diéling-éling piyé rasané wektu diundang ing omahé sedulur liya, mesthi nyenengké, ta? Utawa wektu ngundang wong liya ing omah panjenengan, panjenengan mesthi luwih akrab karo sedulur kuwi. Kita bakal luwih kenal karo sedulur liyané nèk seneng nampa tamu. Wong Kristen ing jamané Pétrus kudu luwih akrab siji lan sijiné merga ngadhepi keadaan sing saya angèl. Kita kudu nindakké sing padha merga urip ing ”dina-dina pungkasan”.​—2 Tim. 3:1.

4. Pitakonan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Piyé kita isa nduwé sipat seneng nampa tamu ”marang siji lan sijiné”? Apa sebabé kita kadhang kala angèl nampa tamu, lan piyé carané ngatasi? Piyé carané dadi tamu sing apik?

KAPAN ISA NAMPA TAMU?

5. Ing pakumpulan ibadah, piyé kita isa nduduhké nèk seneng nampa tamu?

5 Ing pakumpulan ibadah. Yéhuwah lan pakumpulané ngundang kita teka ing pakumpulan ibadah. Kita péngin kabèh sing teka ing pakumpulan ibadah ngrasa nyaman, kususé sing lagi waé gabung ing jemaat kita. (Rm. 15:7) Wong-wong kuwi uga tamuné Yéhuwah, mula kita ngupaya bèn wong-wong kuwi ngrasa nyaman, ora masalah saka ngendi asalé lan piyé dandanané. (Yak. 2:1-4) Nèk ana tamu sing teka dhèwèkan, tawakna kanggo lungguh bareng. Wong kuwi mbokmenawa bakal seneng nèk panjenengan mbantu bèn ngerti acarané lan mbantu mbukak ayat sing diwaca. Iki kesempatan sing apik kanggo ”nduduhké sipat seneng nampa tamu”.​—Rm. 12:13.

6. Sipat seneng nampa tamu utamané kudu diduduhké marang sapa?

6 Mangan bareng. Ing jaman Alkitab, wong-wong seneng ngundang wong-wong liya teka ing omahé kanggo mangan bareng. Kuwi nduduhké nèk padha péngin kekancan lan rukun. (Pd. 18:1-8; PH. 13:15; Luk. 24:28-30) Sipat iki kudu diduduhké marang sapa? Utamané marang para sedulur ing jemaat. Merga jaman saiki saya parah, kita bakal mbutuhké siji lan sijiné lan kekancan akrab karo para sedulur. Ing taun 2011, Pengurus Pusat ngganti jadwal Pelajaran Menara Pengawal keluarga Bètel Amerika Serikat sing mauné jam 18.45 dadi 18.15. Apa sebabé? Nèk acara kuwi rampungé luwih cepet, para anggota keluarga Bètel isa nduwé luwih akèh wektu kanggo nampa tamu. Kantor cabang liyané uga nggawé owah-owahan sing padha. Hasilé para anggota keluarga Bètel isa luwih akrab siji lan sijiné.

Kita isa ngundang wong sing lagi waé nggabung ing jemaat kanggo mangan utawa dolan bareng

7, 8. Piyé kita isa nduduhké sipat seneng nampa tamu marang pengkhotbah tamu?

7 Kadhang kala, ana sedulur saka jemaat liya, pinituwa wilayah, utawa wakil saka Bètel, sing ceramah ing jemaat kita. Apa kita isa nggunakké kesempatan iki kanggo nduduhké sipat seneng nampa tamu? (Wacanen 3 Yohanes 5-8.) Salah siji carané, kita isa ngundang sedulur-sedulur kuwi mangan ing omah kita.

 8 Sedulur wédok saka Amerika Serikat kandha, ”Aku lan bojoku wis ngundang akèh sedulur sing ceramah uga bojoné ing omahku. Saben srawung karo wong-wong kuwi, imanku dikuwatké lan rasané seneng banget. Aku ora tau gela ngundang para sedulur kuwi.”

9, 10. (a) Sapa waé sing butuh panggonan kanggo nginep? (b) Apa sing omahé cilik isa nyedhiakké panggonan kanggo nginep? Wènèhana conto.

9 Tamu sing butuh nginep. Ing jaman mbiyèn, wong-wong biasa nyedhiakké panggonan kanggo nginep. (Ay. 31:32; Flm. 22) Saiki kita uga isa nindakké bab sing padha. Pinituwa wilayah biasané perlu nginep wektu teka marani jemaat. Para siswa sing mèlu sekolah-sekolah téokratis utawa sukarélawan pembangunan uga perlu panggonan kanggo nginep. Piyé nèk ana sedulur sing ora nduwé omah merga kena bencana alam? Sedulur-sedulur kuwi mungkin butuh panggonan nganti omahé dibangun manèh. Aja mikir nèk sing isa mbantu kuwi mung sedulur sing omahé gedhé. Sedulur sing omahé gedhé mungkin wis kerep mbantu. Senajan omahé panjenengan cilik, apa panjenengan isa nawani nginep sedulur liya?

10 Ana sedulur saka Korea Selatan tau nyedhiakké panggonan kanggo para siswa sing mèlu sekolah-sekolah téokratis. Dhèwèké kandha, ”Mauné aku ragu merga aku lagi waé nikah lan omahku cilik. Ning, wektu wong-wong kuwi nginep ing omahku, rasané nyenengké banget. Merga lagi waé nikah, aku lan bojoku isa ndelok nèk pasangan sing ngabdi marang Yéhuwah lan nduwé cita-cita rohani sing padha kuwi uripé bungah banget.”

11. Apa sebabé kita perlu mbantu wong-wong sing lagi waé nggabung ing jemaat?

11 Para sedulur sing lagi waé nggabung ing jemaat. Mungkin ana sedulur-sedulur utawa sak keluarga sing pindhah saka jemaat liya. Sedulur-sedulur kuwi mungkin teka kanggo mbantu jemaat panjenengan utawa perintis sing ditugaské ing jemaat panjenengan. Kuwi owah-owahan sing gedhé kanggo para sedulur kuwi. Wong-wong kuwi kudu ngupaya bèn biasa karo panggonan sing anyar, jemaat sing anyar, lan mbokmenawa karo basa utawa budaya sing anyar. Apa panjenengan isa ngundang sedulur kuwi kanggo mangan bareng utawa dolan bareng? Iki isa mbantu sedulur kuwi bèn biasa karo keadaan ing kana lan nduwé kanca anyar.

12. Apa kita perlu nyiapké werna-werna bèn isa nampa tamu? Wènèhana conto.

12 Panjenengan ora perlu nyiapké werna-werna bèn isa nampa tamu. (Wacanen Lukas 10:41, 42.) Sedulur lanang éling pengalamané wektu dhèwèké karo bojoné lagi waé dadi utusan injil. Dhèwèké kandha, ”Aku lan bojoku isih  enom lan ora nduwé akèh pengalaman uga kangen omah. Soré kuwi, bojoku sedhih banget merga kangen omah lan aku ora isa nglipur bojoku. Terus jam setengah wolu bengi ana sing ndhodhog lawangku. Jebulé sing ndhodhog kuwi wong sing sinau Alkitab lan dhèwèké nggawa jeruk telu. Dhèwèké teka kanggo nyambut utusan injil sing anyar. Wong kuwi tak ajak mlebu lan tak suguhi banyu. Banjur tak gawèkké tèh lan coklat panas. Aku lan bojoku durung isa basa Swahili lan dhèwèké ora isa basa Inggris.” Merga pengalaman iki, sedulur kuwi lan bojoné isa akrab karo para sedulur ing kana lan seneng.

NÈK RAGU-RAGU WEKTU AREP NAMPA TAMU

13. Apa paédahé nèk seneng nampa tamu?

13 Apa panjenengan ragu-ragu wektu arep nampa tamu? Nèk ragu-ragu wektu arep nampa tamu, kita dadi ora isa nduwé kesempatan kanggo ngrasakké sesrawungan lan nduwé kanca sing akrab. Nèk seneng nampa tamu, kita ora bakal ngrasa kesepian. Ning apa sebabé ana sing angèl nindakké kuwi? Ayo digatèkké alesan-alesané.

14. Nèk kita ngrasa ora nduwé wektu lan tenaga kanggo nampa tamu, apa sing kudu ditindakké?

14 Ora nduwé wektu lan tenaga. Umaté Yéhuwah sibuk banget lan nduwé akèh tanggung jawab. Ana sing ngrasa nèk dhèwèké ora nduwé wektu lan tenaga kanggo nampa tamu. Nèk panjenengan uga ngrasa kaya ngono, coba ngowahi jadwal panjenengan bèn isa nampa tamu. Seneng nampa tamu kuwi penting merga kuwi naséhat saka Alkitab. (Ibr. 13:2) Dadi nampa tamu kuwi kudu ditindakké. Panjenengan mungkin isa ngurangi wektu kanggo kegiatan sing ora pati penting bèn isa nampa tamu.

15. Apa sebabé ana sing ngrasa kuwatir kanggo nampa tamu?

15 Rasa kuwatir. Apa panjenengan tau péngin ngundang wong ning ngrasa nèk ora isa? Mbokmenawa panjenengan isin utawa kuwatir nèk tamuné bakal ngrasa bosen. Utawa panjenengan mungkin ora nduwé dhuwit akèh dadi ora isa mènèhi kaya sedulur-sedulur liyané. Élinga nèk arep nampa tamu, omahé ora perlu gedhé lan apik, ning sing penting resik lan rapi, sarta panjenengan grapyak karo tamuné.

16, 17. Piyé nèk panjenengan kuwatir wektu arep nampa tamu?

16 Ora mung panjenengan sing kuwatir merga nampa tamu. Ana pinituwa saka Inggris kandha, ”Isa waé kuwatir arep nampa tamu. Ning, nèk seneng nampa tamu kita bakal éntuk paédah lan ngrasa puas merga iki ana hubungané karo ibadah kita marang Yéhuwah. Kadhang kala aku lan tamuné mung ngobrol karo ngombé kopi.” Kita uga perlu nggatèkké tamu-tamu kita. (Flp. 2:4) Akèh wong seneng nyritakké pengalaman-pengalamané lan kita isa ngrungokké pengalaman kuwi wektu ngumpul bareng. Pinituwa liya kandha, ”Nèk ngundang sedulur-sedulur ing omah, aku dadi luwih kenal karo sedulur-sedulur kuwi lan ngerti pengalamané wektu sepisanan sinau Alkitab.” Nèk panjenengan nggatèkké tamuné, kabèh mesthi seneng wektu srawung bareng.

 17 Ana sedulur wédok sing dadi perintis kerep nyedhiyakké penginepan kanggo siswa-siswa sekolah téokratis. Dhèwèké kandha, ”Mauné aku kuwatir merga aku manggon ing omah sing sederhana banget lan perabotané bekas. Ning ana bojoné instruktur sekolah sing nglipur aku. Dhèwèké kandha wektu bojoné isih dadi pinituwa wilayah, sing paling nyenengké kuwi nèk manggon bareng karo para sedulur sing uripé sederhana lan ngutamakké Yéhuwah, kaya dhèwèké lan bojoné. Banjur aku dadi kèlingan wektu ibuku kandha, ’Luwih becik jangan sapiring kanthi katresnan.’” (WB. 15:17) Ora perlu kuwatir merga sing paling penting panjenengan nduduhké katresnan karo tamuné.

18, 19. Apa paédahé ngundang sedulur sing mungkin tau nglarani atiné panjenengan?

18 Perasaan panjenengan marang liyané. Apa ana sedulur ing jemaat sing tau nglarani panjenengan? Nèk ora ngupaya ngatasi pikiran sing èlèk, panjenengan bakal terus-terusan mangkel. Panjenengan mungkin ora bakal ngundang wong kuwi, merga ora seneng karo sipat-sipaté. Utawa isa waé ana sing mbiyèn tau nglarani atiné panjenengan lan panjenengan durung isa nglalèkké tumindaké wong kuwi.

19 Alkitab kandha nèk panjenengan seneng nampa tamu, panjenengan isa rukun karo wong liya klebu karo mungsuh. (Wacanen Wulang Bebasan 25:21, 22.) Nèk ngundang wong ing omah,  panjenengan mungkin bakal isa ngatasi pikiran sing èlèk lan isa dadi saya rukun karo dhèwèké. Yéhuwah wis mbantu dhèwèké bèn kenal Yéhuwah, dadi dhèwèké mesthi nduwé sipat-sipat sing apik. Panjenengan isa waé dadi ngerti apa sipat-sipat sing apik kuwi. (Yoh. 6:44) Nèk ngundang sedulur kuwi merga tresna senajan dhèwèké ora péngin diundang, panjenengan isa waé dadi kekancan akrab manèh karo sedulur kuwi. Panjenengan uga isa ngetrapké naséhat ing Filipi 2:3, sing kandha, ”Kanthi andhap asor nganggep wong liya luwih unggul ketimbang kowé.” Pikirna ing bab apa para sedulur kuwi luwih unggul timbang kita. Mbokmenawa merga imané, ketekunané, utawa sipat-sipat apik liyané. Nèk mikirké sipat-sipat apiké para sedulur, kita isa luwih gampang nampa tamu.

DADIA TAMU SING APIK

Sing ngundang mesthi nyiapké sing apik kanggo tamuné (Deloken paragraf 20)

20. Nèk kita diundang, (a) apa sebabé kudu ngajèni undangan kuwi? (b) piyé carané ngajèni undangan kuwi?

20 Raja Daud takon, ”Dhuh Yéhuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka?” (Ms. 15:1) Ing ayat-ayat sakbanjuré, Raja Daud nyebutké wong kaya apa sing isa dadi tamuné Yéhuwah. Salah sijiné yaiku, wong sing netepi sumpahé senajan rugi. (Ms. 15:4) Nèk kita janji bakal teka, aja mbatalké janji kejaba kepèpèt banget. Sing nduwé omah mungkin wis nggawé persiapan kanggo kita. Nèk ora teka, kabèh sing disiapké bakal sia-sia. (Mat. 5:37) Ana wong sing mbatalké janji bèn isa teka ing undangan liyané sing kétoké luwih apik. Ning kuwi ora ngajèni. Kita kudu ngajèni apa waé sing wis disiapké karo sing nduwé omah. (Luk. 10:7) Nèk nganti kudu mbatalké, kita kudu ndang ngandhani sedulur sing ngundang kuwi.

21. Piyé kita isa ngajèni kebiasaan sing ana ing dhaérah kita?

21 Sakliyané kuwi, ana akèh kebiasaan. Mula penting banget kanggo ngajèni kebiasaan ing kana. Ing salah siji dhaérah, kita kudu janjian dhisik nèk arep teka. Ing dhaérah liyané, nèk tamu sing ora diundang teka kuwi ora masalah. Sing liyané manèh, tamuné kudu disuguhi dhisik bar kuwi lagi keluargané dhéwé. Ing panggonan liyané, tamu-tamu biasané nggawa panganan kanggo dipangan bareng-bareng. Ana uga kebiasaan, tamuné ora perlu nggawa apa-apa. Sing liyané manèh, tamuné kudu nolak undangan sing kapisan lan kapindho kanthi alus. Ning ing dhaérah liyané, ora apik nèk nolak undangan sing kapisan. Dadi, gatèkna kebiasaan ing dhaérah kana bèn sing ngundang kita isa seneng.

22. Apa sebabé ”nampa siji lan sijiné” kuwi penting?

22 Pétrus kandha, ”Pungkasané samubarang kabèh wis cedhak.” (1 Ptr. 4:7) Saiki, kita bakal ngadhepi kasangsaran sing paling parah. Merga jaman iki saya susah, kita kudu luwih nresnani para sedulur. Naséhaté Pétrus bener-bener kudu ndang ditindakké. Pétrus nulis, ”Kowé kudu seneng nampa siji lan sijiné.” (1 Ptr. 4:9) Seneng nampa tamu kuwi nyenengké lan kuwi kudu ditindakké saiki lan saklawasé.