Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Terus Rukun Kaya Yésus lan Yéhuwah

Terus Rukun Kaya Yésus lan Yéhuwah

’Aku nyuwun, supaya kabèh wong kuwi dadi siji, kaya Panjenengan, Bapak, nyawiji karo aku.’​—YOH. 17:20, 21.

LAGU: 24, 99

1, 2. (a) Apa sing diomongké Yésus wektu ndonga bareng karo para muridé? (b) Apa sebabé Yésus akèh ngandhani para muridé bèn bener-bener dadi rukun?

ING bengi sakdurungé séda, Yésus mangan lan ndonga bareng karo para muridé. Ing dongané, Yésus ngomong nèk kepéngin para muridé nyawiji, utawa rukun karo siji lan sijiné, kaya Yésus dhéwé sing nyawiji karo Bapaké. (Wacanen Yohanes 17:20, 21.) Nèk para muridé rukun, wong-wong isa percaya nèk Yéhuwah sing ngutus Yésus menyang bumi. Wong-wong isa nitèni nèk muridé Yésus sing sejati kuwi dikenal merga tresna, lan kuwi isa nggawé saya rukun.​—Yoh. 13:34, 35.

2 Wektu kuwi, Yésus akèh ngandhani para muridé bèn bener-bener dadi rukun. Kuwi penting merga para muridé bola-bali padu bab ”sapa sing paling penting”. (Luk. 22:24-27; Mrk. 9:33, 34) Yakobus lan Yohanes uga tau njaluk marang Yésus bèn éntuk kedudukan sing dhuwur ing Kraton swarga.​—Mrk. 10:35-40.

3. Apa sing isa nggawé para muridé Yésus ora rukun, lan pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

3 Sing nggawé para muridé Yésus ora rukun, ora mung  merga kuwasa utawa wewenang. Wong-wong ing jamané Yésus padha ora rukun merga prasangka lan perasaan sengit. Para muridé Yésus kudu ngedohi perasaan kuwi. Ing artikel iki, kita bakal ngrembug: Piyé sikapé Yésus bab prasangka? Piyé carané Yésus mbantu para muridé bèn dadi adil, rukun, lan ora mbédak-bédakké? Lan piyé tuladha lan ajarané Yésus isa mbantu kita tetep rukun?

PRASANGKA ING JAMANÉ YÉSUS LAN PARA MURIDÉ

4. Wènèhana conto bab prasangka sing dialami karo Yésus.

4 Yésus dhéwé uga tau dadi korban prasangka. Wektu Filipus ngomong marang Natanaèl nèk dhèwèké wis ketemu karo Mèsias, Natanaèl kandha, ”Apa ana bab sing apik teka saka Nazarèt?” (Yoh. 1:46) Mungkin Natanaèl ngerti nèk Mèsias bakal lair ing Bètléhèm kaya nubuat ing Mikha 5:1. Dhèwèké mbokmenawa mikir nèk Mèsias ora mungkin saka Nazarèt, merga kutha kuwi ora pati penting. Sakliyané kuwi, ana wong-wong penting saka Yudéa sing ngrèmèhké Yésus merga asalé saka Galiléa. Lan pancèn wong Galiléa biasané dirèmèhké karo wong Yudéa. (Yoh. 7:52) Wong Yahudi liyané ngenyèk Yésus lan ngomong, ”Kowé kuwi wong Samaria.” (Yoh. 8:48) Wong Samaria kuwi agamané ya béda karo wong Yahudi. Wong Yudéa lan Galiléa ora gelem srawung lan ora ngajèni wong Samaria.​—Yoh. 4:9.

5. Prasangka apa sing dialami karo para muridé Yésus?

5 Para pemimpin agama Yahudi uga ora ngajèni para muridé Yésus. Wong-wong Farisi ngarani para muridé Yésus kuwi ”wong-wong sing kena kutuk”. (Yoh. 7:47-49) Kabèh wong sing ora sekolah ing sekolahé para rabi lan ora nindakké tradhisiné wong Farisi dianggep wong biasa lan ora ana ajiné. (Kis. 4:13, cathetan ngisor [ctn]) Yésus lan para muridé ngalami prasangka merga wong-wong ing jaman kuwi seneng nyombongké agama, jabatan, lan rasé. Kuwi uga ana pengaruhé kanggo pandhangané murid-murid bab wong liya. Para muridé Yésus kudu ngowahi pandhangané bèn isa tetep rukun.

6. Apa buktiné nèk prasangka kuwi ana pengaruhé kanggo kita? Wènèhana conto.

6 Jaman saiki akèh banget wong sing nduwé prasangka. Mbokmenawa kita sing dadi korban prasangka, utawa kita sing nduwé prasangka marang wong liya. Ana sedulur wédok perintis saka Australia sing kandha, ”Mbiyèn aku sengit marang wong kulit putih, merga aku ndelok wong kulit putih tumindak ora adil marang wong Aborigin.” Sedulur kuwi dhéwé uga ngalami tumindak ora adil. Ana sedulur lanang saka Kanada kandha, ”Aku mbiyèn nganggep nèk wong sing basané Prancis kuwi sing paling unggul.” Mula, dhèwèké ora seneng karo wong sing basané Inggris.

7. Kepriyé sikapé Yésus bab prasangka?

 7 Kaya jamané Yésus mbiyèn, pengaruh prasangka saiki kuwat banget lan angèl diowahi. Kepriyé sikapé Yésus? Kapisan, Yésus dhéwé ora tau nduwé prasangka lan ora mbédak-bédakké. Yésus nginjil marang kabèh wong, ora soal kuwi sugih utawa miskin, wong Farisi lan Samaria, uga marang petugas pajeg lan wong sing nduwé dosa. Kapindho, Yésus dadi tuladha lan mulang murid-muridé bèn ora curiga utawa nduwé prasangka marang wong liya.

ANDHAP ASOR LAN TRESNA BÈN ORA NDUWÉ PRASANGKA

8. Pathokan penting apa sing isa mbantu kita tetep rukun? Jelasna.

8 Yésus tau kandha, ”Kowé kabèh kuwi sedulur.” Kuwi sing dadi pathokan penting bèn isa tetep rukun. (Wacanen Matius 23:8, 9.) Kita kabèh pancèn sedulur merga keturunané Adam. (Kis. 17:26) Sakliyané kuwi, Yésus njelaské nèk kabèh muridé seduluran merga padha-padha dadi umaté Yéhuwah. (Mat. 12:50) Kabèh muridé dadi bagéan saka keluargané Gusti Allah lan isa rukun merga nduwé iman lan katresnan. Mula, wong-wong Kristen diceluk sedulur karo para rasul wektu nulis surat kanggo jemaat-jemaat.​—Rm. 1:13; 1 Ptr. 2:17; 1 Yoh. 3:13.

9, 10. (a) Apa sebabé wong-wong Yahudi sakjané ora nduwé alesan kanggo mbanggak-banggakké rasé dhéwé? (b) Piyé carané Yésus mulang kanggo nduduhké nèk kita aja ngrèmèhké ras liyané? (Deloken gambar ing kaca 9.)

9 Sakwisé njelaské nèk kabèh muridé kudu nganggep sedulur, Yésus uga ngélingké nèk para muridé kudu andhap asor. (Wacanen Matius 23:11, 12.) Gara-gara sombong, para rasul kadhang kala isa dadi padu. Ing jamané Yésus, wong-wong senengané mbanggak-banggakké rasé dhéwé. Akèh wong Yahudi nganggep nèk bangsané kuwi sing paling apik merga keturunané Abraham. Nanging Yohanes Pembaptis kandha, ”Gusti Allah isa maringi Abraham keturunan saka watu-watu iki.”​—Luk. 3:8.

10 Yésus ngandhani supaya aja mbanggak-banggakké rasé dhéwé. Ana ahli Taurat sing takon karo Yésus, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” Kanggo njawab pitakonan kuwi Yésus nggunakké crita bab wong lanang Yahudi sing bar dirampok, digebugi, lan ditinggalké ing dalan. Senajan ana wong Yahudi sing liwat kana, ning ora gelem nulungi. Ning, ana wong Samaria sing mesakké lan gelem nulungi. Terus, Yésus ngomong nèk para ahli Taurat kudu dadi kaya wong Samaria kuwi. (Luk. 10:25-37) Yésus nduduhké nèk wong Samaria isa dadi tuladha kanggo wong Yahudi ing bab nresnani wong liya.

11. Apa sebabé para muridé Yésus kudu mbuwang prasangka, lan piyé carané Yésus mbantu para muridé?

11 Sakdurungé munggah swarga, Yésus ngandhani para muridé supaya nginjil ing ”kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan bagéan sing paling adoh ing bumi”. (Kis. 1:8) Bèn isa nindakké kuwi, murid-murid kudu mbuwang prasangka lan sipat sombong. Yésus kerep ngomongké sipat-sipat apiké wong asing, lan kuwi isa mbantu para muridé bèn nginjil marang kabèh  wong. Contoné, Yésus ngalem imané salah siji perwira saka bangsa liya. (Mat. 8:5-10) Ing kutha asalé, yaiku Nazarèt, Yésus njelaské nèk Yéhuwah wis nulungi akèh wong asing. Contoné yaiku salah siji randha sing asalé saka Zaréfat lan wong Siria sing lara kusta yaiku Naaman. (Luk. 4:25-27) Yésus uga nginjil marang wong wédok Samaria lan manggon ing Samaria nganti rong dina, merga wong-wong ing kono gelem ngrungokké Yésus.​—Yoh. 4:21-24, 40.

WONG-WONG KRISTEN ING ABAD KAPISAN MBUWANG PRASANGKA

12, 13. (a) Piyé tanggepané para murid wektu ndelok Yésus gelem mulang wong wédok Samaria? (Deloken gambar ing kaca 9.) (b) Apa buktiné nèk Yakobus lan Yohanes ora pati mudheng karo piwulangé Yésus bab prasangka?

12 Para muridé Yésus pancèn ora langsung isa mbuwang prasangka. Wektu ndelok Yésus gelem mulang wong wédok Samaria, para murid kagèt. (Yoh. 4:9, 27) Kuwi mungkin merga para pemimpin agama Yahudi ora gelem omong-omongan karo wong wédok ing ngarepé wong akèh, apa manèh nèk kuwi wong wédok Samaria sing tumindaké ora bener. Wektu para muridé ngajak mangan, Yésus malah pilih omong-omongan karo wong wédok kuwi. Gusti Allah péngin Yésus martakké kabar apik, klebu marang wong wédok Samaria. Kanggoné Yésus, nindakké kersané Gusti Allah kuwi padha pentingé kaya mangan.​—Yoh. 4:31-34.

13 Yakobus lan Yohanes ora pati mudheng karo piwulangé Yésus bab prasangka. Wektu mlaku-mlaku karo Yésus liwat Samaria, para murid nggolèkké panggonan kanggo nginep ing Samaria. Tapi wong-wong Samaria ora ngéntukké Yésus lan para muridé nginep ing kono. Yakobus lan Yohanes nesu banget. Saking nesuné wong loro kuwi kandha, ”Gusti, apa panjenengan péngin aku kabèh nekakké geni mudhun saka langit kanggo nyirnakké wong-wong kuwi?” Yésus langsung nyenèni wong loro kuwi. (Luk. 9:51-56) Mungkin Yakobus lan Yohanes ora bakal nesu kaya ngono nèk kuwi kelakon ing dhaérah asalé yaiku Galiléa. Wong loro kuwi nesu merga nduwé prasangka. Terus, wektu Yohanes nginjil marang wong-wong Samaria lan akèh sing gelem ngrungokké, Yohanes mungkin dadi isin karo sikapé mbiyèn.​—Kis. 8:14, 25

14. Critakna piyé masalah prasangka ing abad kapisan isa dirampungi.

14 Ora suwé sakwisé Péntakosta 33 M, ana masalah ing jemaat. Wektu para sedulur ngedum-ngedum panganan kanggo para randha sing mbutuhké, para randha sing basané Yunani ora éntuk jatah. (Kis. 6:1) Kuwi mungkin merga prasangka. Para rasul langsung ngrampungi masalah kuwi. Lan milih sedulur lanang pitu sing réputasiné apik kanggo ngedumké panganan kanthi adil. Sedulur lanang pitu kuwi nduwé jeneng Yunani, mbokmenawa bèn para randha mau isa ngrasa ayem.

15. Piyé akhiré Pétrus isa sinau bab ora mbédak-mbédakké wong? (Deloken gambar ing kaca 9.)

15 Ing taun 36 M, para muridé Yésus mulai nginjil marang wong-wong saka kabèh bangsa. Sakdurungé, rasul Pétrus biyasané mung srawung karo wong  Yahudi. Terus, Yéhuwah mulang nèk wong-wong Kristen ora éntuk mbédak-mbédakké. Banjur Pétrus nginjil marang Kornélius, prajurit Romawi. (Wacanen Kisah 10:28, 34, 35.) Sakwisé kuwi, Pétrus gelem srawung lan mangan bareng karo wong-wong Kristen sing dudu Yahudi. Ning, pirang-pirang taun sakbanjuré, Pétrus ora gelem mangan bareng manèh karo wong Kristen sing dudu Yahudi ing Antiokhia. (Gal. 2:11-14) Paulus ngélikké Pétrus, lan Pétrus gelem dinaséhati. Buktiné, wektu nulis suraté sing kapisan kanggo wong-wong Kristen Yahudi lan sing dudu Yahudi ing Asia Kecil, Pétrus nyebutké bab pentingé nresnani kabèh sedulur.​—1 Ptr. 1:1; 2:17.

16. Wong-wong Kristen abad kapisan dikenal merga apa?

16 Dadi, para rasul isa sinau saka tuladhané Yésus bab nresnani ”kabèh wong”. (Yoh. 12:32; 1 Tim. 4:10) Senajan ora gampang, tapi para murid suwé-suwé isa ngowahi pandhangané. Malah, wong-wong Kristen abad kapisan dikenal merga nresnani siji lan sijiné. Kira-kira taun 200 M, penulis sing jenengé Tertullian ngutip omongané wong-wong bab wong Kristen, ”Wong-wong kuwi nresnani siji lan sijiné lan malah siap mati kanggo liyané.” Wong-wong Kristen kuwi wis nganggo ”kepribadian sing anyar”, dadi isa nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah sing nganggep nèk kabèh wong kuwi padha.​—Kol. 3:10, 11.

17. Piyé carané bèn isa mbuwang prasangka? Wènèhana conto.

17 Mbokmenawa kita uga butuh wektu kanggo mbuwang prasangka. Ana sedulur wédok saka Prancis sing crita, ”Yéhuwah wis ngajari aku carané nresnani lan loma marang kabèh wong.  Ning aku isih kudu sinau carané mbuwang prasangka, lan kuwi ora gampang. Mula aku terus ndonga.” Sedulur wédok liyané saka Spanyol kandha, ”Kadhang aku isa, tapi aku kudu terus ngupaya mbuwang prasangka. Aku maturnuwun marang Yéhuwah merga isa dadi bagéan saka keluarga sing nyawiji.” Kita kabèh kudu mikirké tenanan, ’Apa aku isih kudu mbuwang prasangka saka ati?’

KATRESNAN ISA NGALAHKÉ PRASANGKA

18, 19. (a) Apa alesané kita kudu nampa kabèh wong? (b) Piyé carané nindakké kuwi?

18 Kita kudu terus éling nèk mbiyèn kita adoh saka Yéhuwah. (Éf. 2:12) Nanging merga tresnané, Yéhuwah narik kita bèn dadi umaté. (Hs. 11:4; Yoh. 6:44) Yésus uga nampa kita bèn isa dadi bagéan saka keluargané Gusti Allah. (Wacanen Roma 15:7.) Senajan kita ora sampurna, ning Yésus gelem nampa kita. Mula aja nganti kita nolak wong liya.

Kita isa rukun lan nresnani siji lan sijiné merga ”kawicaksanan saka ndhuwur” (Deloken paragraf 19)

19 Ing dina-dina pungkasan, saya akèh wong sing ora rukun, nduwé prasangka, lan sengit marang wong liya. (Gal. 5:19-21; 2 Tim. 3:13) Ning, umaté Yéhuwah ngupaya nduwé ”kawicaksanan saka ndhuwur” sing nggawé kita dadi seneng rukun lan ora mbédak-mbédakké. (Yak. 3:17, 18) Kita seneng kekancan karo wong-wong saka negara-negara liya, ngajèni kebiasaané, lan mbokmenawa isa sinau basané. Hasilé, kita ngrasakké katentreman sing ”kaya kali” lan keadilan ”sing kaya ombaking sagara”.​—Yé. 48:17, 18.

20. Apa pengaruhé katresnan karo cara mikir lan perasaan kita?

20 Ana sedulur wédok saka Australia sing isa mbuwang kabèh prasangka lan rasa sengité merga sinau Alkitab. Dhèwèké isa malih merga nduwé katresnan. Sedulur lanang saka Kanada sing basané Prancis kandha nèk wong-wong biasané sengit karo wong liyané, merga durung kenal karo wong kuwi. Dhèwèké kandha nèk ”sipat-sipaté wong kuwi ora ditemtokké karo dhaérah asalé”. Dhèwèké akhiré nikah karo sedulur wédok sing basané Inggris. Kuwi kabèh bukti nèk katresnan isa ngalahké prasangka. Lan katresnan kuwi bener-bener isa ’nggawé wong-wong nyawiji’.​—Kol. 3:14.

Para muridé Yésus kudu ngowahi pandhangané bèn isa tetep rukun