Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Bédané Wong-Wong sing Nyembah Yéhuwah lan sing Ora

Bédané Wong-Wong sing Nyembah Yéhuwah lan sing Ora

’Sira bakal padha nyumurupi bédané wong kang mursid karo wong duraka.’​—ML. 3:18.

LAGU: 29, 53

1, 2. Tantangan apa sing diadhepi karo para abdiné Yéhuwah? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

AKÈH dokter lan perawat kerja ing antarané para pasièn sing kena penyakit menular. Wong-wong kuwi nambani para pasièné merga péngin nulungi. Ning, dokter lan perawat uga perlu ngati-ati bèn ora ketularan penyakit sing padha. Semono uga, para abdiné Yéhuwah urip lan kerja bareng karo wong-wong sing nduwé sikap lan sipat sing béda banget karo sipat-sipaté Yéhuwah. Kuwi ora gampang diadhepi.

2 Ing jaman saiki, akèh wong sing ora nresnani Gusti Allah lan ora manut karo pathokan-pathokané. Ing suraté marang Timotéus, rasul Paulus nerangké sipat-sipat èlèk saka wong-wong kuwi. Paulus kandha nèk sipat-sipat èlèk kuwi bakal saya lumrah ing pungkasané jaman. (Wacanen 2 Timotéus 3:1-5, 13.) Senajan kita isa waé ora seneng karo sipat-sipat èlèk kuwi, kita isih isa kena pengaruh saka cara mikir, omongan, lan tumindaké wong-wong kuwi. (WB. 13:20) Ing artikel iki, kita bakal sinau bédané sipat-sipat èlèk kuwi karo sipat-sipaté para abdiné Yéhuwah. Kita uga bakal ngrembug carané ngati-ati bèn ora ketularan karo sipat-sipat èlèk kuwi  wektu kita mbantu wong liya kenal karo Yéhuwah.

3. Kaya apa sipaté wong-wong sing ditulis ing 2 Timotéus 3:2-5?

3 Paulus nulis nèk ing dina-dina pungkasan bakal ana ”mangsa kang rekasa”. Banjur, Paulus nyebutké 19 sipat èlèk sing bakal dadi saya lumrah ing jaman kita. Sipat-sipat kuwi mirib karo sing ditulis Paulus ing Rum 1:29-31. Ning, daftar sing ditulis Paulus kanggo Timotéus nggunakké tembung-tembung sing ora ana ing ayat-ayat liya saka Kitab-Kitab Yunani. Paulus miwiti omongané nggunakké ukara ”merga wong-wong bakal”. Ning, kuwi ora ateges nèk kabèh wong nduwé sipat-sipat èlèk kaya ngono, merga wong-wong Kristen nduwé sipat-sipat sing béda banget.​—Wacanen Maléakhi 3:18.

CARA PANDHANG SING BENER MARANG AWAKÉ DHÉWÉ

4. Kaya apa biasané wong sing sombong kuwi?

4 Sakwisé kandha nèk bakal ana akèh wong sing nresnani awaké dhéwé lan nresnani dhuwit, Paulus uga nulis nèk wong-wong bakal gumunggung, mamèraké dhiri pribadi, lan kumenthus. Wong-wong sing nduwé sipat-sipat kuwi biasané mikir nèk dhèwèké luwih apik timbang wong liya merga penampilané, apa sing ditindakké, apa sing diduwèni, utawa pangkaté. Wong-wong sing kaya ngono kuwi péngin banget dialem. Salah siji sarjana kandha nèk wong sing sombong kuwi kaya nyembah awaké dhéwé. Ana uga sing kandha nèk sipat sombong kuwi èlèk banget nganti wong sing sombong waé ora seneng nèk ndelok wong liya sombong.

5. Piyé para abdiné Yéhuwah sing setya isa dadi sombong?

5 Yéhuwah gething karo sipat sombong. Alkitab kandha nèk Yéhuwah sengit karo ”mripat gumunggung”. (WB. 6:16, 17) Malah, sipat sombong nggawé kita dadi adoh saka Yéhuwah. (Ms. 10:4) Sombong kuwi sipaté Sétan. (1 Tm. 3:6) Sayangé, ana para abdiné Yéhuwah sing setya uga ketularan karo sipat kuwi. Contoné, Raja Uzia saka Yéhuda kuwi setya nganti pirang-pirang taun. Ning, Alkitab kandha, ”Bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung lan nindakaké bab kang gawé rusak. Panjenengané ora setya manèh marang Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahé.” Uzia mara ing bait lan ngobong dupa, padahal kuwi dudu haké. Ana uga Raja Hizkia sing dadi sombong, senajan mung sawetara wektu.​—2 Bb. 26:16; 32:25, 26.

6. Apa waé sing isa nggawé Dawud dadi sombong? Ning, apa sebabé dhèwèké tetep andhap asor?

6 Ana wong sing dadi sombong merga nggantheng utawa ayu, kondhang, pinter main musik, awaké gagah, utawa dialem wong liya. Kuwi kabèh diduwèni karo Dawud, ning dhèwèké tetep andhap asor sakjégé uripé. Contoné, sakwisé matèni Goliat, Raja Saul kandha nèk Dawud isa dadi mantuné. Ning, Dawud kandha, ”Kawula punika sinten ta lan sinten sanak sadhèrèk kawula, kulawarganipun bapak kawula, ing antawisipun tiyang Israèl, kok kawula ngantos dados mantuning ratu?” (1 Sa. 18:18) Apa sing nggawé Dawud tetep andhap asor? Dawud ngerti nèk kesanggupan lan hak istiméwa sing diduwèni kuwi merga Yéhuwah  andhap asor lan gelem nggatèkké dhèwèké. (Ms. 113:5-8) Dawud ngerti nèk kabèh bab apik sing dhèwèké duwèni kuwi asalé saka Yéhuwah.​—Bandhingna 1 Korinta 4:7.

Wong-wong isa dadi percaya marang Yéhuwah merga para abdiné nduwé sipat andhap asor

7. Apa sing isa mbantu kita andhap asor?

7 Kaya Dawud, para abdiné Yéhuwah saiki ngupaya andhap asor. Kita mesthi trenyuh wektu ngerti nèk Yéhuwah, pribadi sing Mahaluhur, uga andhap asor. (Ms. 18:35, Terjemahan Dunia Baru) Kita péngin ngetrapké ayat iki, ”Padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebudèn lan sabar.” (Kl. 3:12) Kita uga ngerti nèk katresnan kuwi ”ora gumunggung lan kumenthus”. (1 Kr. 13:4) Kaya wong lanang sing akiré dadi abdiné Yéhuwah merga tumindaké bojoné sing apik, wong-wong uga isa dadi percaya marang Yéhuwah merga para abdiné nduwé sipat andhap asor.​—1 Pt. 3:1.

TUMINDAK KITA MARANG WONG LIYA

8. (a) Piyé pandhangané wong-wong saiki bab ora manut karo wong tuwa? (b) Apa préntahé Alkitab kanggo anak-anak?

8 Paulus nerangké piyé tumindaké wong-wong marang siji lan sijiné ing dina-dina pungkasan. Paulus nulis nèk anak-anak bakal wani karo wong tuwa. Saiki, akèh buku, film, lan acara TV sing nggawé anak-anak mikir nèk ora manut karo wong tuwa kuwi wis lumrah lan ora salah. Ning, nyatané nèk ora manut kuwi isa ngrusak keluarga. Wis suwé wong-wong ngerti bab iki. Contoné, ing Yunani kuna, wong sing mukul wong tuwané bakal kélangan hak-hak dadi warga negara ing kana. Nurut hukum Roma, wong sing mukul bapaké isa waé éntuk hukuman sing padha kaya wong sing matèni wong liya. Ing Kitab-Kitab Ibrani lan Yunani uga ana préntah kanggo anak-anak supaya ngajèni wong tuwané.​—Pa. 20:12; Éf. 6:1-3.

9. Apa sing isa mbantu anak-anak manut karo wong tuwané?

9 Apa sing isa mbantu anak-anak manut karo wong tuwané senajan liyané ora kaya ngono? Anak-anak perlu mikirké kabèh tumindak apiké wong tuwané kanggo dhèwèké. Kuwi nggawé anak-anak dadi ngajèni lan péngin manut karo wong tuwané. Anak-anak uga perlu ngerti nèk Yéhuwah, sing dadi Bapak kita kabèh, péngin anak-anak manut karo wong tuwané. Nèk anak-anak ngomongké sing apik bab wong tuwané, kuwi isa mbantu kanca-kancané luwih ngajèni wong tuwané dhéwé. Pancèn, nèk wong tuwa ora bisa atindak tresna, anak-anak bakal dadi luwih angèl kanggo manut karo wong tuwa. Ning, nèk anak-anak ngrasa disayangi, kuwi isa mbantu dhèwèké kanggo manut senajan angèl. Ana sedulur lanang enom sing jenengé Austin kandha, ”Senajan aku kerep kegodha kanggo nindakké sing salah, wong tuwaku mènèhi aturan sing masuk akal, nerangké apa sebabé aturan kuwi digawé,  lan ngupaya bèn gampang dijak omongan. Kuwi mbantu aku kanggo manut. Aku ngrasa nèk wong tuwaku sayang karo aku lan kuwi nggawé aku péngin nyenengké wong tuwaku.”

10, 11. (a) Sipat-sipat èlèk apa sing nduduhké nèk wong-wong ora nresnani siji lan sijiné? (b) Sepira gedhéné katresnané wong-wong Kristen sejati marang wong liya?

10 Paulus uga nyebutké sipat-sipat liyané sing nduduhké nèk wong-wong ora nresnani siji lan sijiné. Sakwisé nyebutké ”wani karo wong tuwa”, Paulus nyebutké ora nduwé panarima. Kuwi masuk akal, merga wong-wong sing ora nduwé rasa matur nuwun kuwi ora ngajèni tumindak apiké wong liya kanggo dhèwèké. Paulus uga kandha nèk wong-wong kuwi bakal ora gelem rukun karo wong liya. Wong-wong kuwi uga seneng cidra [ngianati] sarta seneng ngala-ala wong liya lan malah Gusti Allah. Lan wong-wong kuwi bakal dadi tukang mitenah, yaiku ngrusak réputasiné wong liya. *—Deloken katrangan ing ngisor.

11 Ora kaya akèh-akèhé wong ing donya iki, para abdiné Yéhuwah nresnani wong liya kanthi tulus. Yésus kandha nèk tresna marang wong liya kuwi préntah kapindho sing paling penting ing Hukum Musa sakwisé préntah kanggo nresnani Gusti Allah. (Mt. 22:37-39) Yésus uga kandha nèk wong-wong Kristen sejati bakal dikenal merga nresnani siji lan sijiné. (Wacanen Yokanan 13:34, 35.) Malah, wong-wong Kristen sejati uga nresnani para mungsuhé.​—Mt. 5:43, 44.

12. Piyé Yésus nduduhké katresnané marang wong liya?

12 Yésus nresnani wong-wong kanthi tulus. Buktiné, Yésus gelem martakké injil bab Kratoné Allah ing akèh kutha. Dhèwèké nambani wong wuta, lumpuh, bisu, lan lara kusta sarta nguripké manèh wong mati. (Lk. 7:22) Malah, Yésus uga gelem mati kanggo nylametké manungsa, senajan akèh sing nggethingi dhèwèké. Yésus niru katresnané Yéhuwah kanthi sampurna. Seksi-Seksi Yéhuwah ing saklumahing bumi uga niru Yésus lan nduduhké katresnan marang wong liya.

13. Apa sebabé nèk nresnani wong liya isa nggawé wong-wong péngin kenal karo Yéhuwah?

13 Katresnan sing kita duduhké marang wong liya isa nggawé wong-wong péngin kenal karo Yéhuwah. Contoné, ana wong lanang ing Thailand mèlu kebaktian gabungan wilayah lan trenyuh wektu ndelok para sedulur nresnani siji lan sijiné. Sakwisé mulih, dhèwèké njaluk sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah seminggu ping pindho. Banjur, dhèwèké nginjil marang seduluré dhéwé. Mung enem sasi sakwisé kuwi, wong lanang kuwi nyampèkké tugas maca Alkitab sing sepisanan ing Balé Ibadah. Apa kita nresnani wong liya? Kita isa mikir, ’Apa aku ngupaya mbantu wong-wong ing keluargaku, jemaatku, lan wektu nginjil? Apa aku nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah bab wong liya?’

SERIGALA LAN ANAK WEDHUS

14, 15. Sipat-sipat èlèk apa sing diduduhké akèh wong? Piyé wong-wong kuwi ngowahi sipat-sipaté?

14 Ing dina-dina pungkasan, wong-wong uga nduduhké sipat-sipat èlèk liyané  sing kudu diedohi. Contoné, akèh sing ora seneng marang kang becik lan malah gething karo kuwi. Wong-wong kuwi ora bisa ngendhalèni dhiri, ambek siya [kejem], lan ora mulur budiné [ngèyèl]. Tumindaké wong-wong kuwi tanpa dipikir lan ora perduli karo akibat tumindaké marang wong liya.

15 Akèh wong sing mbiyèné kejem kaya kéwan buwas wis ngowahi sipat-sipaté. Owah-owahan kaya ngono kuwi wis diramalké ing Alkitab. (Wacanen Yésaya 11:6, 7.) Ing ayat kuwi disebutké nèk kéwan-kéwan buwas, contoné serigala lan singa, isa rukun karo kéwan ingon-ingon, contoné anak wedhus lan anak sapi. Apa sebabé kéwan-kéwan kuwi isa rukun? Ramalan sakbanjuré nerangké, ”Amarga saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yéhuwah.” (Yé. 11:9) Kéwan-kéwan ora isa sinau bab Yéhuwah. Mula, ramalan kuwi nggambarké wong-wong sing ngowahi sipat-sipaté.

Pathokan-pathokané Alkitab isa ngowahi urip (Deloken paragraf 16)

16. Piyé Alkitab mbantu wong-wong ngowahi sipat-sipaté?

Ora gampang kanggo nggawé owah-owahan, ning roh suciné Yéhuwah bakal mbantu wong-wong sing péngin nyenengké Yéhuwah

16 Akèh sedulur sing mbiyèné kejem, ning saiki dadi seneng rukun. Panjenengan isa maca pengalaman-pengalaman kaya ngono ing sèri ”Alkitab Mengubah Kehidupan”, sing ana ing jw.org. Wong-wong kuwi béda karo wong-wong sing ora kenal karo Yéhuwah, sing nindakké pangibadah mung lairé baé, yaiku éthok-éthoké ngibadah marang Gusti Allah ning tumindaké ora cocog. Malah, akèh umaté Yéhuwah wis ngowahi  tumindaké kanthi ”ngrasuk kamanungsan anyar, kang wus tinitahaké manut karo karsaning Allah ing kabeneran lan kasucèn kang nyata”. (Éf. 4:23, 24) Wektu sinau bab Yéhuwah, wong-wong kuwi ngerti nèk kudu ngetrapké pathokan-pathokané. Mula, wong-wong kuwi ngowahi apa sing dipercayani, cara mikiré, lan tumindaké. Kuwi ora gampang, ning roh suciné Yéhuwah bakal mbantu wong-wong sing péngin nyenengké Yéhuwah.

”DOHANA WONG-WONG KANG KAYA MANGKONO IKU!”

17. Piyé carané bèn kita ora ketularan wong-wong sing nduwé sipat-sipat èlèk?

17 Bédané umaté Yéhuwah karo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah dadi saya cetha. Kita kudu ngati-ati bèn ora ketularan karo sipat-sipat èlèk saka wong-wong kuwi. Kita péngin manut karo arahané Yéhuwah kanggo ngedohi wong-wong sing ditulis ing 2 Timotéus 3:2-5. Pancèn, kita ora isa ngedohi babar blas wong-wong sing nduwé sipat-sipat sing èlèk. Kita isa waé kudu kerja, sekolah, utawa manggon bareng karo wong-wong kuwi. Ning, kita kuduné ora niru cara mikir lan tumindaké. Piyé carané? Kita kudu nguwatké hubungan karo Yéhuwah liwat sinau Alkitab lan kekancan akrab karo wong-wong sing nresnani Yéhuwah.

18. Apa sebabé omongan lan tumindak kita isa nggawé wong liya péngin kenal karo Yéhuwah?

18 Kita uga péngin mbantu wong liya kenal karo Yéhuwah. Golèka kesempatan kanggo mènèhi kesaksian lan nyuwuna bantuané Yéhuwah bèn isa ngomongké bab sing cocog ing wektu sing pas. Wong liya kudu ngerti nèk kita Seksi-Seksi Yéhuwah. Banjur, tumindak kita sing apik isa ngluhurké Yéhuwah, dudu awaké dhéwé. Yéhuwah mulang ”supaya kita ninggal pamblasar lan kamélikan kadonyan sarta supaya kita duwéa laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki”. (Tt. 2:11-14) Nèk kita niru Yéhuwah lan nindakké kersané, wong liya bakal nggatèkké kuwi lan isa waé kandha, ”Kula sami badhé tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil déning Gusti Allah!”​—Za. 8:23.

^ par. 10 Tembung Yunani kanggo ”tukang mitenah” utawa ”tukang nudhuh” yaiku di·aʹbo·los. Ing Alkitab, tembung kuwi dadi sebutan kanggo Sétan, sing kanthi kejem mitenah Gusti Allah.