Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Niru Para Abdiné Yéhuwah sing Setya

Niru Para Abdiné Yéhuwah sing Setya

”Apa kang dadi pepundhutané Pangéran Yéhuwah marang kowé: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamanèh andhap-asor ana ing ngarsané Allahmu!”​—MI. 6:8.

LAGU: 18, 43

1, 2. Apa buktiné nèk Dawud setya karo Gusti Allah? (Deloken gambar ndhuwur.)

SAUL lan 3.000 prajurité ngupaya matèni Dawud sing ana ing padhang pasir Yudéa. Mbengi-mbengi, Dawud lan kanca-kancané nemokké panggonan turuné Saul lan prajurité. Wong-wong kuwi lagi turu angler, dadi Daud lan Abisai isa ngliwati para prajurit kuwi lan nyedhaki Saul. Abisai mbisiki Dawud, ”Kula sampéyan lilani numbak piyambakipun ngantos tembus ing siti, sepisan kémawon, mboten prelu ngaping kalihi.” Dawud ora ngéntukké Abisai matèni Saul. Dawud kandha, ”Aja! Aja kokganggu! Gusti Allah mesthi bakal ngukum wong sing tumindak ala marang raja sing dipilih déning Allah.” Dawud banjur kandha, ”Gusti Allah menggak enggonku arep matèni raja sing dipilih déning Allah!”​—1 Sa. 26:8-12, Basa Jawi Padintenan.

2 Dawud ngerti nèk kudu setya karo Yéhuwah, lan ngajèni Saul. Dhèwèké malah ora tau mikir arep nglarani Saul. Lha  ngapa? Merga Gusti Allah wis milih Saul dadi raja Israèl. Nganti saiki, Yéhuwah péngin kabèh abdiné setya karo Yéhuwah, lan ngajèni wong-wong sing dikèki wewenang Yéhuwah.​—Wacanen Mikha 6:8.

3. Apa buktiné nèk Abisai setya karo Dawud?

3 Abisai ngajèni Dawud merga ngerti nèk Dawud dipilih Gusti Allah dadi raja. Ning, sakwisé dadi raja, Dawud nindakké dosa. Dhèwèké laku jina karo bojoné Uria, lan ngongkon Yoab ngatur bèn Uria mati wektu perang. (2 Sa. 11:2-4, 14, 15; 1 Bb. 2:16) Yoab kuwi adhiné Abisai, dadi Abisai mesthiné ngerti kelakuané Dawud. Ning, Abisai tetep ngajèni Dawud. Abisai kuwi pemimpin prajurit sing nduwèni wewenang. Isa waé dhèwèké ngrebut jabatané Dawud dadi raja, ning kuwi ora ditindakké. Dhèwèké malah ngabdi lan njaga Dawud saka mungsuh-mungsuhé.​—2 Sa. 10:10; 20:6; 21:15-17.

4. (a) Apa sebabé Dawud dadi tuladha? (b) Apa sing bakal dirembug?

4 Sakjegé urip, Dawud setya karo Yéhuwah. Wektu enom, dhèwèké matèni Goliat sing ngécé Yéhuwah lan bangsa Israèl. (1 Sa. 17:23, 26, 48-51) Wektu dadi raja, nabiné Yéhuwah yaiku Natan, nduduhké salahé Dawud. Dawud ngakoni nèk dosa, banjur mertobat. (2 Sa. 12:1-5, 13) Wektu Dawud wis tuwa, dhèwèké nyepakké kabèh sing dibutuhké kanggo mbangun omahé Yéhuwah. (1 Bb. 29:1-5) Dadi, senajan Dawud wis tau nglakoni dosa, dhèwèké tetep setya karo Yéhuwah. (Ms. 51:6, 12; 86:2) Wulangan iki bakal ngrembug carané niru Dawud lan liyané, anggoné setya karo Yéhuwah, ora karo liyané. Uga, arep ngrembug sipat-sipat kanggo mbantu tetep setya.

APA KOWÉ SETYA KARO YÉHUWAH?

5. Saka kesalahané Abisai, awaké dhéwé isa ngerti apa?

5 Wektu Abisai péngin matèni Saul, sakjané kuwi bukti nèk dhèwèké setya karo Dawud. Ning, Dawud ora ngéntukké merga nèk matèni Saul, Abisai matèni wong sing dipilih Yéhuwah. Kuwi tumindak salah. (1 Sa. 26:8-11) Mula, nèk mutuské arep setya karo sapa, kudu mikirké dhisik pathokané Alkitab.

6. Senajan lumrah setya karo keluarga lan kanca, apa sebabé kudu ati-ati?

6 Kuwi lumrah nèk awaké dhéwé setya karo wong sing ditresnani, kaya kanca utawa keluarga. Ning, merga ora sampurna, perasaané awaké dhéwé sok ora bener. (Ym. 17:9) Nèk wong sing ditresnani kuwi tumindak dosa lan ninggalké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu éling nèk luwih penting setya karo Yéhuwah, timbang karo liyané.​—Wacanen Matéus 22:37.

7. Critakna pengalamané sedulur wédok sing tetep setya?

7 Nèk keluargamu ditokké saka jemaat, kowé isa nduduhké karo Yéhuwah, nèk kowé tetep setya. Contoné, ibuné Marni, sing ditokké saka jemaat, nilpun Marni lan ngomong nèk arep mara ing omahé. [1] (Deloken katrangan ing kaca 30.) Ibuné ngomong nèk sedhih merga ora dijak omong keluargané. Marni ya sedhih lan janji arep nulis surat kanggo ibuné. Ning, sakdurungé nulis, Marni mikirké dhisik pathokané Alkitab. (1 Kr. 5:11; 2 Yo. 9-11) Ing suraté, Marni nerangké nganggo cara sing apik, nèk ibuné wis ninggal keluargané wektu nindakké dosa lan ora gelem mertobat. Marni ngomong, nèk ibuné péngin urip seneng manèh, dhèwèké kudu bali dadi Seksi Yéhuwah.​—Yb. 4:8.

8. Sipat-sipat apa sing isa mbantu tetep setya karo Yéhuwah?

 8 Para abdiné Gusti Allah sing setya ing jamané Dawud, kudu andhap asor, apikan, lan wani. Saiki bakal dirembug piyé carané sipat-sipat iki isa mbantu tetep setya karo Yéhuwah.

KUDU ANDHAP ASOR

9. Apa sebabé Abnèr péngin matèni Dawud?

9 Yonatan, anaké Saul, lan Abnèr, pemimpiné prajurit Israèl, ndelok Dawud ngekèkké sirahé Goliat marang Prabu Saul. Yonatan dadi kanca lan setya karo Dawud. (1 Sa. 17:57–18:3) Ning, Abnèr ora. Dhèwèké malah mbantu Saul sing arep matèni Dawud. (1 Sa. 26:1-5; Ms. 54:4) Dadi, Yonatan lan Abnèr ngerti nèk Gusti Allah péngin Dawud nggantèni Saul dadi raja. Ning, sakwisé Saul mati, Abnèr ora ndhukung Dawud. Malahan, ngupaya bèn Isybosèt dadi raja. Mbokmenawa Abnèr péngin dadi raja, mula turu karo para seliré Prabu Saul. (2 Sa. 2:8-10; 3:6-11) Apa sebabé perasaané Yonatan marang Dawud béda karo perasaané Abnèr? Merga Yonatan andhap asor lan setya karo Yéhuwah, ning Abnèr ora.

10. Apa sebabé Absalom ora setya karo Gusti Allah?

10 Absalom, anaké Prabu Dawud, ora setya karo Yéhuwah merga ora andhap asor. Dhèwèké péngin dadi raja, mula nyepakké ”kréta sajarané lan wong sèket kang njajari”. (2 Sa. 15:1) Dhèwèké uga ngakali wong Israèl bèn dadi balané. Lan uga, malah ngupaya matèni bapaké, senajan ngerti nèk Yéhuwah sing milih Dawud dadi raja.​—2 Sa. 15:13, 14; 17:1-4.

11. Apa sing isa disinaoni saka Abnèr, Absalom, lan Barukh?

11 Nèk ana wong sing ora andhap asor lan péngin nduwé wewenang sing luwih gedhé manèh, dhèwèké angèl setya karo Gusti Allah. Nèk nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé ora péngin mentingké awaké dhéwé lan jahat, kaya Abnèr lan Absalom. Kudu ati-ati bèn ora mulai péngin ngeruk dhuwit akèh, utawa ngupaya gawéan sing bakal nggawé awaké dhéwé rumangsa penting. Kuwi bahaya kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Barukh, juru tulisé Yérémia, wis tau péngin urip mulya lan rumangsa  ora tentrem uripé wektu ngabdi marang Yéhuwah. Yéhuwah kandha karo Barukh, ”Lah, apa kang Sunyasa, bakal Sunbubrah, lan apa kang Suntanem bakal Sunbedholi, malah sanadyan nganti saindenging nagara! Sira aja ngarah marang prakara kang muluk-muluk kanggo sira dhéwé! Poma aja sira gayuh!” (Ym. 45:4, 5) Barukh ngrungokké Yéhuwah. Awaké dhéwé uga kudu ngrungokké Yéhuwah, merga Yéhuwah bakal nyingkirké donya sing jahat iki.

12. Terangna nèk mentingké awaké dhéwé, kuwi bukti nèk ora setya karo Gusti Allah.

12 Sedulur Daniel saka Meksiko, kudu mutuské arep setya karo sapa. Dhèwèké arep nikah karo wong wédok sing dudu Seksi Yéhuwah. Daniel kandha, ”Aku terus surat-suratan karo dhèwèké senajan aku wis dadi perintis.” Ning, banjur Daniel mikir nèk tumindaké kuwi mentingké awaké dhéwé. Dhèwèké ora setya karo Yéhuwah lan perlu dadi andhap asor. Dhèwèké crita karo pinituwa bab wong wédok kuwi. Daniel crita, ”Pinituwa kuwi nduduhké, nèk aku arep setya karo Gusti Allah, kudu mandheg hubungan karo wong wédok kuwi. Kuwi sing tak tindakké sakwisé ndonga lan nangis-nangis. Ora suwé, aku tambah seneng nindakké gawéan nginjil.” Saiki, Daniel dadi pinituwané wilayah lan nduwé bojo sing nresnani Yéhuwah.

NÈK SETYA, ISA APIKAN

Nèk ngerti kancamu nindakké dosa gedhé, apa kowé bakal ngandhani lan ngongkon dhèwèké lapor pinituwa? (Deloken paragraf 14)

13. Apa buktiné nèk Natan tetep setya karo Gusti Allah lan Dawud, wektu Dawud nindakké dosa?

13 Sakliyané setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé iya kudu setya lan mbantu liyané. Nabi Natan setya karo Yéhuwah lan Dawud. Sakwisé Dawud ngrebut bojoné wong lan matèni sing lanang, Yéhuwah ngongkon Natan ngandhani Dawud. Natan wani lan manut karo Yéhuwah, ning wicaksana lan alus wektu ngomong karo Dawud. Natan péngin Dawud ngerti nèk dosané gedhé banget. Mula, dhèwèké nyritakké nèk ana wong lanang sugih nyolong wedhusé wong mlarat, padhahal mung nduwé siji. Wektu krungu crita kuwi, Dawud nesu banget karo wong sugih mau. Natan banjur kandha, ”Inggih panjenengan dalem punika tiyangipun!” Dawud lagi ngerti nèk dosa karo Yéhuwah.​—2 Sa. 12:1-7, 13.

14. Piyé carané setya karo Yéhuwah, kanca, utawa keluarga?

 14 Nèk kowé apikan, kuwi tegesé setya karo Yéhuwah lan liyané. Contoné, mbokmenawa kowé nduwé bukti nèk ana sedulur nindakké dosa gedhé. Kowé péngin setya karo dhèwèké, merga mbokmenawa dhèwèké kanca akrab utawa keluarga. Ning, kowé ngerti nèk setya karo Yéhuwah kuwi luwih penting. Dadi, kaya Natan, manuta karo Yéhuwah lan tindakna sing apik karo sedulurmu. Omonga karo dhèwèké kon cepet-cepet lapor pinituwa. Nèk dhèwèké wegah, kowé sing kudu lapor. Nèk kuwi ditindakké, tegesé kowé setya karo Yéhuwah. Kowé apikan karo sedulurmu, merga pinituwa isa mbantu dhèwèké nduwèni hubungan sing akrab karo Yéhuwah manèh. Para pinituwa bakal ngandhani, kanthi cara sing nyenengké.​—Wacanen Kaimaman 5:1; Galati 6:1.

KUDU WANI BÈN ISA SETYA

15, 16. Apa sebabé Husai kudu wani bèn tetep setya karo Yéhuwah?

15 Husai kuwi kancané Prabu Dawud sing setya. Wektu wong-wong péngin ndadèkké Absalom raja, Husai kudu wani bèn tetep setya karo Dawud lan Yéhuwah. Dhèwèké ngerti nèk Absalom mara ing Yérusalèm karo prajurité, lan Dawud mlayu. (2 Sa. 15:13; 16:15) Husai tumindak apa? Apa ninggalké Dawud lan ndhukung Absalom? Ora. Senajan Dawud wis tuwa lan akèh sing arep matèni, Husai tetep setya karo Dawud, merga Yéhuwah sing milih Dawud dadi raja. Mula, Husai nemoni Dawud ing gunung Jaitun.​—2 Sa. 15:30, 32.

16 Dawud ngongkon Husai mulih ing Yérusalèm, lan éthok-éthok dadi kancané Absalom, kanggo ngakali Absalom bèn percaya omongané Husai, ora percaya manèh karo Akhitofèl. Husai wani lan nindakké préntahé Dawud, senajan bahaya kanggo uripé. Dawud ndonga bèn Yéhuwah mbantu Husai, lan kuwi kelakon. Absalom ngrungokké omongané Husai, timbang Akhitofèl.​—2 Sa. 15:31; 17:14.

17. Kudu wani, bèn isa setya. Apa buktiné?

17 Awaké dhéwé kudu wani bèn isa setya lan luwih manut karo Yéhuwah, timbang keluarga, kanca kerja, lan sing mréntah negara. Contoné, Taro saka Jepang, kèt cilik mesthi nindakké kabèh sing nyenengké wong tuwané. Dhèwèké manut lan setya karo wong tuwané, ora mung merga kewajiban, ning merga tresna. Ning, wektu mulai sinau karo Seksi-Seksi Yéhuwah, wong tuwané ngongkon mandheg. Taro sedhih lan angèl nerangké karo wong tuwané nèk dhèwèké mutuské lunga ing pakumpulan ibadah. Taro kandha, ”Wong tuwaku nesu banget lan nganti pirang-pirang taun aku ora éntuk bali omah. Aku ndonga bèn wani nindakké keputusanku. Saiki wong tuwaku wis apikan, lan isa ajeg tak tiliki.”​—Wacanen Wulang Bebasan 29:25.

18. Apa gunané wulangan iki kanggomu?

18 Kaya Dawud, Yonatan, Natan, lan Husai, mbokmenawa awaké dhéwé uga krasa seneng nèk setya karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ora péngin kaya Abnèr lan Absalom sing ora setya. Pancèn awaké dhéwé ora sampurna lan kerep nggawé salah, ning buktèkna karo Yéhuwah nèk tumindak setya kuwi bab sing paling penting kanggo awaké dhéwé.

^ [1] (paragraf 7) Jeneng-jeneng ing kéné wis diganti.