Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 77

Yésus Mènèhi Naséhat bab Bandha

Yésus Mènèhi Naséhat bab Bandha

LUKAS 12:1-34

  • UMPAMA BAB WONG SING SUGIH

  • YÉSUS NGREMBUG BAB MANUK GAGAK LAN KEMBANG LILI

  • ”KELOMPOK CILIK” BAKAL MRÉNTAH ING SWARGA

Saksuwéné Yésus maem ing omahé wong Farisi, éwonan wong padha ngentèni ing njaba. Iki padha kaya sing tau dialami Yésus ing Galiléa. (Markus 1:33; 2:2; 3:9) Saiki ing Yudéa, akèh sing péngin ndelok lan ngrungokké Yésus. Sikapé wong-wong iki béda banget karo wong Farisi sing maem bareng karo Yésus.

Sing sepisanan diomongké Yésus wektu kuwi penting banget kanggo para muridé, ”Waspadaa marang raginé wong-wong Farisi, yaiku kelakuané sing munafik.” Yésus wis tau mènèhi pangéling-éling iki sakdurungé, nanging apa sing didelok Yésus pas acara maem iki nduduhké nèk naséhat iki luwih penting manèh saiki. (Lukas 12:1; Markus 8:15) Wong Farisi mungkin nyoba nutupi kejahatané nganggo sikapé sing sok suci. Nanging, kuwi ora isa terus ditutup-tutupi. Yésus kandha, ”Kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni.”​—Lukas 12:2.

Akèh-akèhé wong sing ana ing kana kuwi mungkin wong Yudéa sing durung tau krungu piwulangé Yésus ing Galiléa. Mula, Yésus mbalèni manèh bab-bab penting saka piwulangé. Yésus kandha, ”Aja wedi marang wong sing isa matèni badan nanging sakwisé kuwi ora isa nindakké apa-apa manèh.” (Lukas 12:4) Kaya sakdurungé, Yésus nandheské manèh nèk para pengikuté kudu percaya Gusti Allah bakal nggatèkké lan mbantu wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ya kudu ngakoni Putrané manungsa.​—Matius 10:19, 20, 26-33; 12:31, 32.

Salah siji wong lanang saka kumpulan wong kuwi kandha, ”Guru, kongkonen kakangku mbagi warisané karo aku.” (Lukas 12:13) Hukum Taurat sakjané wis cetha: Anak lanang mbarep nduwé hak kanggo nampa warisan rong bagéan. (Pangandharing Torèt 21:17) Mula, kayané wong lanang iki péngin éntuk warisan luwih akèh. Yésus kanthi wicaksana ora gelem mihak salah siji. Yésus takon, ”Sapa sing ngangkat aku dadi hakim utawa dadi panengah kanggo kowé lan kakangmu?”​—Lukas 12:14.

Yésus banjur mènèhi naséhat kanggo kabèh wong, ”Padha sing waspada, lan edohana saben jenis keserakahan, merga senajan wong nduwé bandha akèh, nanging bandha kuwi ora mènèhi dhèwèké urip.” (Lukas 12:15) Ora masalah sepira akèhé bandhané, nèk mati, wong kuwi bakal ninggalké kabèh bandhané. Yésus banjur nandheské bab iki nganggo umpama sing nduduhké ajiné nduwé jeneng sing apik ing ngarsané Gusti Allah:

”Ana wong sugih sing lemahé ngasilké panènan sing akèh banget. Dadi dhèwèké mulai mikir, ’Aku ora nduwé panggonan kanggo ngumpulké panènanku. Terus aku kudu piyé?’ Banjur dhèwèké mikir manèh, ’Iki sing bakal tak tindakké: Aku bakal ngrubuhké gudhang-gudhangku lan mbangun sing luwih gedhé. Ing kono, aku bakal nyimpen kabèh gandum lan barang-barangku, lan aku bakal kandha marang awakku dhéwé: ”Kowé wis nglumpukké akèh bandha sing isa kok enggo urip nganti pirang-pirang taun manèh. Mula saiki kowé isa lèrèn, mangan, ngombé, lan seneng-seneng.”’ Nanging Gusti Allah ngendika marang dhèwèké, ’Wong sing ora masuk akal! Wengi iki kowé bakal kélangan nyawamu. Mula sapa sing bakal nduwèni barang-barang sing kok simpen?’ Iya kaya ngono kuwi dadiné wong sing nglumpukké bandha kanggo awaké dhéwé, nanging ora sugih ing ngarsané Gusti Allah.”​—Lukas 12:16-21.

 Para muridé Yésus lan wong liyané sing krungu iki isa waé kegodha kanggo nglumpukké bandha. Utawa, dadi ora ngabdi marang Yéhuwah merga nguwatirké kebutuhan uripé saben dina. Mula, Yésus mbalèni manèh naséhat apik sing wis tau diomongké siji setengah taun sakdurungé, pas Yésus Ceramah ing Gunung:

”Aja kuwatir manèh bab uripmu yaiku apa sing arep kok pangan, utawa bab badanmu yaiku apa sing arep kok enggo. . . . Coba gatèkna manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar winih utawa manèn, lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, nanging Gusti Allah maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé luwih aji ketimbang manuk-manuk, ta? . . . Gatèkna piyé kembang lili thukul: Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé utawa njahit, nanging aku kandha marang kowé, senajan Salomo sugih banget, sandhangané ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi. . . . Mula aja kuwatir manèh bab apa sing arep kok pangan lan apa sing arep kok ombé, lan aja terlalu kuwatir manèh.  . . Bapakmu pirsa nèk kowé mbutuhké kuwi.  . . Terus utamakna dhisik Kratoné Allah, lan perkara-perkara iki bakal diparingké marang kowé.”​—Lukas 12:22-31; Matius 6:25-33.

Yésus banjur nduduhké nèk ana ”kelompok cilik” sing cacahé 144.000 sing bakal ngutamakké dhisik Kratoné Allah. Apa sing bakal ditampa wong-wong kuwi? Yésus kandha, ”Bapakmu wis kersa kanggo maringi kowé Kraton kuwi.” Wong-wong iki ora ngoyak bandha ing bumi, sing isa dicolong maling. Nanging, wong-wong kuwi ngupaya ”bandha ing swarga sing ora bakal entèk”, yaiku kesempatan kanggo mréntah bareng Kristus.​—Lukas 12:32-34.