Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 73

Wong Samaria Kebukti Dadi Pepadha sing Sejati

Wong Samaria Kebukti Dadi Pepadha sing Sejati

LUKAS 10:25-37

  • CARANÉ ÉNTUK WARISAN URIP SAKLAWASÉ

  • KISAHÉ WONG SAMARIA SING APIK ATI

Wektu Yésus isih ana ing cedhak Yérusalèm, wong-wong Yahudi marani Yésus. Ana sing péngin ngrungokké piwulangé, nanging ana uga sing mung péngin nguji. Salah siji saka antarané wong-wong kuwi, sing pinter Hukum Taurat takon, ”Guru, apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?”​—Lukas 10:25.

Yésus ngerti nèk wong lanang kuwi sakjané wis nduwé pendapat dhéwé, mula dhèwèké ora takon bèn éntuk jawaban. Wong kuwi péngin jawaban sing diwènèhké Yésus nggawé nesu wong Yahudi. Mula, kanthi wicaksana Yésus mènèhi jawaban sing akiré nduduhké apa sing ana ing njero pikirané wong lanang iki.

Yésus takon, ”Apa sing ditulis ing Taurat? Apa sing kok ngertèni?” Wong lanang iki sinau Hukumé Gusti Allah, mula jawabané nyuplik saka Pangandharing Torèt 6:5 lan Kaimaman 19:18. Wong kuwi kandha, ”’Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, sakwutuhé kekuwatanmu, lan sakwutuhé pikiranmu’ lan ’tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.’” (Lukas 10:26, 27) Apa jawaban kuwi bener?

Yésus ngandhani wong lanang kuwi, ”Jawabanmu bener. Terusa nindakké kuwi lan kowé bakal nampa urip.” Nanging, apa rembugané mandheg tekan kono? Ora. Wong lanang iki ora mung péngin jawaban kaya ngono, nanging dhèwèké ya péngin Yésus setuju karo pendapat lan carané dhèwèké tumindak marang wong liya. Dadi, wong kuwi péngin ”mbuktèkké nèk dhèwèké bener”. Mula, dhèwèké takon, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” (Lukas 10:28, 29) Kuwi kayané pitakonan sing sedherhana nanging sakjané penting. Apa sebabé?

Miturut wong Yahudi, sing disebut ”pepadha” kuwi mung wong-wong sing nindakké tradhisi Yahudi, lan kayané kuwi cocog karo Kaimaman 19:18. Malah, ana wong Yahudi sing mungkin nganggep nèk srawung karo wong-wong sing dudu Yahudi kuwi ”ora éntuk”. (Kisah 10:28) Dadi, wong lanang iki lan mungkin sebagéan muridé Yésus rumangsa nèk sing bener kuwi tumindak apik mung karo sing padha-padha wong Yahudi waé. Nanging, nèk karo wong sing dudu Yahudi ora perlu apikan.

Piyé carané Yésus ngluruské pendapat iki tanpa nggawé wong lanang kuwi lan wong Yahudi liyané nesu? Yésus crita, ”Ana wong lanang sing mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho, lan dirampok. Para perampok kuwi ngrampas klambi lan bandhané, nggebugi wong kuwi nganti arep mati, banjur ninggalké wong kuwi. Ndilalah ana imam sing uga mudhun liwat dalan kuwi. Nanging wektu ndelok wong lanang mau, imam kuwi mlaku terus ing sebrang dalan. Semono uga wong Lèwi. Wektu tekan ing panggonan kuwi lan ndelok wong lanang mau, wong Lèwi kuwi mlaku terus ing sebrang dalan. Nanging, ana wong Samaria sing liwat ing dalan kuwi. Wektu ndelok wong lanang mau, dhèwèké ngrasa mesakké.”​—Lukas 10:30-33.

Wong lanang sing takon mau mesthi ngerti nèk akèh imam lan wong Lèwi manggon ing Yérikho. Nèk bali saka bait, wong-wong kuwi kudu ngliwati dalan mudhun sing adohé kira-kira 23 kilomèter. Dalan iki mbebayani merga ana akèh rampok sing nyegat ing kono. Nèk imam lan wong Lèwi ndelok sing padha-padha wong Yahudiné butuh bantuan, apa ya bakal mbantu? Ing crita iki, wong-wong iki ora gelem mbantu. Sing mbantu malah wong Samaria sing diedohi wong Yahudi.​—Yohanes 8:48.

Piyé carané wong Samaria iki mbantu wong  Yahudi mau? ”Wong Samaria kuwi nyedhaki wong lanang mau, terus ngesokké lenga lan anggur ing luka-lukané, banjur diperban. Sakwisé kuwi, wong Samaria kuwi ngunggahké wong lanang mau ing ndhuwur keledainé, nggawa dhèwèké menyang penginepan, lan ngrumat dhèwèké. Ing dina sakbanjuré, wong kuwi ngetokké dhuwit rong dinar, banjur mènèhké marang wong sing nduwé penginepan, lan kandha, ’Rumaten wong iki, lan nèk ragad sing kok wetokké luwih saka iki, aku bakal ngijoli wektu aku bali.’”​—Lukas 10:34, 35.

Sakwisé nyritakké kisah iki, Yésus, Guru sing Agung, nakoni wong lanang mau, ”Miturutmu, saka antarané wong telu mau, endi sing dadi pepadhané wong sing dirampok kuwi?” Mungkin merga ngrasa ora pénak nèk njawab ”wong Samaria”, wong lanang kuwi kandha, ”Wong sing nduduhké welas asih marang wong sing dirampok mau.” Yésus banjur nyimpulké, ”Lungaa lan tindakna sing padha.”​—Lukas 10:36, 37.

Iki cara mulang sing apik banget! Nèk Yésus langsung ngandhani wong lanang kuwi nèk wong sing dudu Yahudi kuwi uga pepadhané, apa wong lanang kuwi lan wong Yahudi liyané bakal nampa piwulangé Yésus? Kayané ora. Nanging, merga Yésus nyritakké kisah sedherhana lan gampang dingertèni, jawaban saka pitakonan, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” dadi cetha. Wong sing kebukti dadi pepadha sing sejati yaiku wong sing nduduhké katresnan lan apik ati kaya sing dipréntahké ing Kitab Suci.