Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 92

Sepuluh Wong Kusta Dimarèkké, Siji sing Matur Nuwun

Sepuluh Wong Kusta Dimarèkké, Siji sing Matur Nuwun

LUKAS 17:11-19

  • YÉSUS MARÈKKÉ SEPULUH WONG KUSTA

Merga Sanhèdrin nduwé rencana kanggo matèni Yésus, Yésus lunga menyang kutha Éfraim, ing sisih timur-lauté kutha Yérusalèm. Yésus manggon ing kana karo para muridé, ngedoh saka para mungsuhé. (Yohanes 11:54) Nanging, sedhéla manèh ana Riyaya Paskah taun 33 M, mula ora suwé manèh Yésus bakal lunga. Yésus nindakké perjalanan menyang arah lor ing Galiléa liwat Samaria. Iki pungkasané Yésus marani dhaérah kuwi sakdurungé dhèwèké séda.

Ing wiwitan perjalanané, wektu lagi marani désa-désa, Yésus ketemu karo wong lanang cacahé sepuluh sing lara kusta. Ana jenis kusta sing isa marahi wong kélangan anggota badané, contoné driji tangan lan sikilé, utawa kupingé. (Wilangan 12:10-12) Miturut Hukumé Gusti Allah, wong sing lara kusta kudu mbengok, ”Najis, najis!” lan ora éntuk manggon bareng karo wong liyané.​—Kaimaman 13:45, 46.

Mula, sepuluh wong kusta kuwi ora wani nyedhaki Yésus. Nanging, padha mbengok, ”Yésus, Guru, welasana aku kabèh!” Wektu ndelok wong-wong kuwi, Yésus kandha, ”Padha lungaa lan duduhna awakmu marang imam.” (Lukas 17:13, 14) Yésus nduduhké nèk ngajèni Hukumé Gusti Allah, sing mènèhi wewenang marang para imam kanggo nemtokké apa wong sing lara kusta wis mari tenan. Banjur, wong kuwi éntuk manggon bareng manèh karo wong liyané sing séhat.​—Kaimaman 13:9-17.

Sepuluh wong kusta kuwi percaya karo kuwasané Yésus kanggo nggawé mukjijat. Mula wong-wong kuwi lunga kanggo nemoni para imam, malah sakdurungé dimarèkké. Wektu isih padha mlaku menyang kana, imané wong-wong kuwi marang Yésus diberkahi. Wong-wong kuwi ndelok lan ngrasakké nèk awaké wis mari.

Sanga wong kusta sing wis dimarèkké kuwi banjur neruské perjalanané. Nanging, ana wong siji, yaiku wong lanang Samaria, bali manèh kanggo nggolèki Yésus. Apa sebabé? Wong lanang iki bener-bener matur nuwun marang apa sing wis Yésus tindakké. Dhèwèké ”ngluhurké Gusti Allah nganggo swara seru”, merga ngerti nèk Gusti Allah sing marèkké dhèwèké. (Lukas 17:15) Wektu ketemu karo Yésus, dhèwèké sujud lan matur nuwun marang Yésus.

Yésus banjur takon marang wong-wong ing kono, ”Ana wong sepuluh sing dimarèkké, ta? Nanging sing sanga liyané ana ing ngendi? Ngapa kok wong-wong kuwi ora bali kanggo ngluhurké Gusti Allah? Mung wong saka bangsa liya iki sing bali mréné manèh.” Yésus ngandhani wong Samaria kuwi, ”Ngadega lan lungaa. Imanmu wis nggawé kowé mari.”​—Lukas 17:17-19.

Yésus nduduhké nèk dhèwèké didhukung Yéhuwah wektu marèkké sepuluh wong kusta kuwi. Siji wong lara kusta sing matur nuwun kuwi ora mung wis dimarèkké saka larané, nanging kayané uga éntuk urip langgeng. Kita ora urip ing jaman wektu Gusti Allah, liwat Yésus, marèkké wong nganggo cara mukjijat. Nanging, nèk nduwé iman marang Yésus, kita isa éntuk urip langgeng. Apa kita bakal nduduhké rasa matur nuwun kaya wong lanang Samaria mau?