Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 85

Kabungahan Merga Ana Siji Wong Dosa sing Mertobat

Kabungahan Merga Ana Siji Wong Dosa sing Mertobat

LUKAS 15:1-10

  • UMPAMA BAB WEDHUS GÈMBÈL SING KESASAR LAN DHUWIT RÈCÈH SING ILANG

  • PARA MALAÉKAT ING SWARGA PADHA BUNGAH

Saksuwéné pelayanané, Yésus nandheské pentingé nduwé sipat andhap asor. (Lukas 14:8-11) Yésus péngin banget nggolèki wong-wong andhap asor sing péngin ngabdi marang Gusti Allah. Ing antarané wong-wong kuwi mungkin isih dikenal dadi wong dosa.

Wong Farisi lan para ahli Taurat ngrèmèhké wong-wong kaya ngono kuwi, lan ya ngerti nèk wong-wong dosa kuwi seneng karo Yésus lan piwulangé. Wong Farisi lan ahli Taurat kandha, ”Dhèwèké nampa wong dosa lan mangan bareng karo wong-wong kuwi.” (Lukas 15:2) Wong Farisi lan para ahli Taurat uga rumangsa luwih unggul lan rakyat biasa dianggep kaya regedan ing sikilé. Para pemimpin agama ngrèmèhké lan nyebut wong-wong kaya ngono kuwi am haarets. Kuwi sebutan ing basa Ibrani sing nduduhké pandhangan sing ngrèmèhké banget.

Sewaliké, Yésus ngajèni, apikan, lan welas asih marang wong-wong kaya ngono. Akèh wong sing dianggep rèmèh, klebu wong-wong sing dikenal dadi wong dosa, padha péngin ngrungokké Yésus. Nanging, piyé perasaan lan tanggepané Yésus wektu Yésus dilokké merga sikapé kuwi?

Yésus mènèhi umpama sing nrenyuhké ati, padha kaya umpama sing wis tau diomongké wektu ana ing Kapernaum. (Matius 18:12-14) Ing umpama iki, wong Farisi dipadhakké kaya wedhus sing apik lan dilindhungi ing kelompok wedhus-wedhusé Gusti Allah. Sewaliké, wong-wong sing dirèmèhké diumpamakké kaya wedhus sing ilang lan kesasar.

Yésus kandha, ”Nèk ing antaramu ana sing nduwé wedhus gèmbèl 100, lan ana siji sing ilang, mesthiné wong kuwi bakal ninggalké sing 99 ing padhang belantara lan nggolèki sing ilang kuwi nganti ketemu, ta? Lan sakwisé nemokké wedhusé, wong kuwi bakal manggul wedhus kuwi ing pundhaké lan ngrasa bungah. Wektu wis tekan omah, dhèwèké nyeluk kanca-kancané lan tangga-tanggané banjur kandha, ’Mèlua bungah bareng aku, merga wedhusku sing ilang wis ketemu.’”​—Lukas 15:4-6.

Yésus banjur nerangké maksudé umpama kuwi, ”Semono uga, aku kandha marang kowé, ing swarga bakal ana luwih akèh kabungahan merga siji wong dosa sing mertobat, ketimbang 99 wong bener sing ora perlu mertobat.”​—Lukas 15:7.

 Omongané Yésus bab pertobatan kuwi mesthi nggawé kagèt wong Farisi. Wong Farisi rumangsa wis bener lan ora perlu mertobat. Wektu ana wong Farisi sing ngelokké Yésus merga maem bareng karo petugas pajeg lan wong dosa, Yésus kandha, ”Aku teka ora kanggo ngundang wong sing bener, nanging wong-wong sing dosa.” (Markus 2:15-17) Merga ora gelem mertobat, wong Farisi ora nggawé kabungahan ing swarga. Sewaliké, wektu siji wong dosa mertobat, ing swarga ana kabungahan.

Kanggo nandheské bab kuwi, Yésus mènèhi umpama liyané, ”Nèk ana wong wadon sing nduwé sepuluh dhuwit rècèh drakhma lan ana siji sing ilang, dhèwèké mesthi bakal ngurubké lampu minyak, nyapu omahé, lan nggolèki kanthi tliti nganti ketemu, ta? Lan sakwisé nemokké dhuwité, dhèwèké nyeluk kanca-kancané lan tangga-tanggané banjur kandha, ’Mèlua bungah bareng aku, merga dhuwitku sing ilang wis ketemu.’”​—Lukas 15:8, 9.

Piwulang saka umpama iki padha kaya umpama bab wedhus sing kesasar. Yésus kandha, ”Semono uga, aku kandha marang kowé, malaékat-malaékat ing swarga padha bungah nèk ana siji wong dosa sing mertobat.”​—Lukas 15:10.

Bayangna, para malaékaté Gusti Allah seneng banget wektu ana siji wong dosa sing mertobat. Apa manèh nèk wong sing mertobat kuwi wong sing bakal mréntah ing Kraton swarga lan bakal nduwé kedudukan sing luwih dhuwur ketimbang para malaékat. (1 Korintus 6:2, 3) Para malaékat babar blas ora iri. Mula, piyé perasaan kita nèk ana wong dosa sing mertobat?