Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 43

Umpama-Umpama bab Kratoné Allah

Umpama-Umpama bab Kratoné Allah

MATIUS 13:1-53 MARKUS 4:1-34 LUKAS 8:4-18

  • YÉSUS MÈNÈHI UMPAMA BAB KRATONÉ ALLAH

Yésus kétoké ana ing Kapernaum wektu dhèwèké ngelokké wong Farisi. Banjur ing dina kuwi, Yésus lunga menyang Laut Galiléa sing ora adoh saka kono. Ing kono, akèh wong padha ngumpul. Yésus numpak prau, rada ngedoh saka pantai, banjur mulai mulang wong-wong bab Kraton swarga nggunakké akèh umpama. Yésus nggunakké conto-conto lan bab-bab sing dingertèni akèh wong, lan kuwi nggawé wong-wong dadi paham akèh perkara bab Kratoné Allah.

Kapisan, Yésus nyritakké bab petani sing nyebar winih. Ana winih sing tiba ing pinggir dalan banjur dithotholi manuk. Winih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Oyodé ora jero, lan pas kena panasé srengéngé, thukulan kuwi dadi garing lan alum. Winih liyané tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé, lan njiret thukulan kuwi. Akiré ana winih sing tiba ing lemah sing subur lan ngasilké woh, ”ana sing tikel 100, ana sing tikel 60, lan ana sing tikel 30”.​—Matius 13:8.

Ing umpama liyané, Yésus madhakké Kratoné Allah kaya wong sing nyebar winih. Ing umpama iki, embuh wong kuwi turu utawa tangi, winihé thukul lan saya dhuwur. Nanging piyé kuwi isa kelakon, ”dhèwèké ora ngerti”. (Markus 4:27) Winih-winih kuwi thukul dhéwé lan ngasilké gandum sing isa dipanèn.

Yésus banjur nyritakké umpama katelu bab petani sing nyebar winih gandum. ”Wektu wong-wong isih padha turu”, mungsuhé nyebar winih alang-alang ing antarané gandum. Budhak-budhaké petani kuwi takon apa perlu njabuti alang-alang kuwi. Petani kuwi njawab, ”Aja,  nèk alang-alangé kok jabuti, mengko gandumé isa mèlu kejabut. Ejarna loro-loroné thukul bareng nganti mangsa panèn. Ing mangsa panèn, aku bakal ngongkon wong-wong sing manèn: Klumpukna dhisik alang-alangé lan talènana, banjur obongen. Sakwisé kuwi, klumpukna gandum lan gawanen ing gudhang.”​—Matius 13:24-30.

Akèh wong sing ngrungokké Yésus ngerti bab pertanian. Saiki, Yésus nyebutké bab wiji sesawi sing cilik banget, sing thukul dadi wit sing gedhé banget, nganti manuk-manuk isa nggawé susuh ing pang-pangé. Yésus kandha, ”Kraton swarga kuwi kaya wiji sesawi sing dijupuk lan ditandur wong ing ladhangé.” (Matius 13:31) Yésus ora lagi mulang bab carané nandur wiji sesawi. Nanging, Yésus lagi nerangké bab pertumbuhan sing nggumunké tenan, yaiku bab sing cilik banget isa thukul dadi bab sing gedhé banget.

Yésus banjur nyritakké bab sing uga dingertèni akèh wong sing ngrungokké. Yésus madhakké Kraton swarga kaya ”ragi sing dijupuk wong wadon lan dicampur karo glepung sing akèhé telung takeran gedhé”. (Matius 13:33) Senajan ragi kuwi ora kétok, nanging ragi kuwi nyebar rata lan nggawé adonan dadi ngembang. Iki ngasilké perkembangan lan owah-owahan sing nyata senajan ora langsung kétok mata.

Sakwisé mulang nganggo akèh umpama, Yésus mbubarké kumpulan wong mau lan bali menyang panggonané Yésus nginep. Ora let suwé, para muridé marani Yésus merga péngin ngerti tegesé kabèh umpama kuwi.

PAÉDAH SAKA UMPAMA SING DIWULANGKÉ YÉSUS

Sakdurungé, para murid wis tau krungu Yésus nggunakké umpama, nanging ora tau akèh banget kaya saiki. Mula para murid banjur takon, ”Apa sebabé panjenengan mulang wong-wong kuwi nggunakké umpama?”​—Matius 13:10.

Salah siji alesané yaiku kanggo netepi ramalan ing Alkitab. Matius nulis, ”Nèk Yésus mulang mesthi nganggo umpama, supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat nabi, yaiku, ’Aku bakal mulang nggunakké umpama. Aku bakal nduduhké perkara-perkara sing durung dingertèni wiwit mbiyèn.’”​—Matius 13:34, 35; Jabur 78:2.

Nanging, alesan liyané yaiku kanggo nyingkapké sikapé wong-wong kuwi. Akèh wong seneng karo Yésus merga dhèwèké pinter mulang lan isa nggawé mukjijat. Nanging, wong-wong kuwi ora gelem manut lan nggawé pangurbanan kanggo dadi pengikuté Yésus. (Lukas 6:46, 47) Wong-wong kuwi nutup atiné lan ora gelem ngowahi cara mikir utawa tumindaké.

Yésus njawab murid-muridé, ”Kuwi sebabé, aku mulang wong-wong kuwi nggunakké umpama. Merga, wong-wong kuwi ndeleng, nanging padha ora weruh, lan wong-wong kuwi krungu, nanging padha ora ngerti, lan ora paham artiné. Ramalané Nabi Yésaya iki kelakon ing wong-wong kuwi. Kandhané, ’. . . Atiné wong-wong kuwi ora tanggap.’”​—Matius 13:13-15; Yésaya 6:9, 10.

Nanging, ora kabèh wong sing ngrungokké Yésus kaya ngono. Yésus kandha, ”Bungaha kowé merga mripatmu weruh lan kupingmu krungu. Merga saktenané aku kandha marang kowé, akèh nabi lan wong sing bener péngin banget ndelok perkara-perkara sing kok delok, nanging ora weruh. Wong-wong kuwi uga péngin banget ngrungokké perkara-perkara sing kok rungokké, nanging ora krungu.”​—Matius 13:16, 17.

 Rolas rasul lan murid-muridé liyané sing setya nduwé ati sing tanggap. Mula, Yésus kandha, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kraton swarga, nanging wong-wong kuwi ora.” (Matius 13:11) Merga para murid tulus lan kepéngin banget ngerti tegesé umpama bab petani mau, akiré Yésus nerangké tegesé.

Yésus kandha, ”Winih kuwi yaiku pangandikané Gusti Allah.” (Lukas 8:11) Lemah nggambarké atiné wong-wong. Nèk ngerti rong bab iki, kita bakal ngerti tegesé umpama sing diwulangké Yésus.

Bab winih sing tiba ing lemah ing pinggir dalan, Yésus njelaské, ”Iblis teka lan ngrampas pangandika kuwi saka njero atiné, supaya wong-wong kuwi ora percaya lan ora dislametké.” (Lukas 8:12) Bab lemah sing akèh watuné panggonan winih kuwi tiba, maksudé Yésus yaiku wong-wong sing nampa pangandika kuwi kanthi bungah, nanging pangandika kuwi ora ngoyod ing njero atiné. ”Sakwisé ngalami kasangsaran utawa dianiaya merga warta kuwi”, wong-wong kuwi dadi ora nduwé iman manèh. Dadi ”wektu ngadhepi ujian ing urip”, mungkin tentangan saka anggota keluarga utawa wong liya, imané dadi ilang.​—Matius 13:21; Lukas 8:13.

Piyé bab winih sing tiba ing antarané suket eri? Yésus kandha nèk suket eri panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong sing ngrungokké pangandika nanging dikalahké karo ”kekuwatiran urip ing donya iki lan daya apus-apusé kasugihan”. (Matius 13:22) Wong-wong kuwi nduwé pangandika ing atiné, nanging pangandika kuwi kejiret lan ora ngasilké woh.

Jenis lemah sing pungkasan sing disebutké Yésus yaiku lemah sing subur. Iki maksudé wong sing ngrungokké pangandika kuwi lan nyimpen ing atiné. Apa hasilé? Wong-wong kuwi ”ngasilké woh”. Merga kahanan sing béda-béda, contoné umur utawa keséhatan, ora kabèh isa ngasilké woh sing padha. Ana sing tikel 100, ana sing tikel 60, lan ana sing tikel 30. Gusti Allah bakal mberkahi wong sing ”sakwisé ngrungokké pangandika kuwi, dhèwèké nyimpen kuwi ing atiné lan ngasilké woh kanthi tekun.”​—Lukas 8:15.

 Omongané Yésus kuwi mesthi nggawé para murid seneng banget, merga saiki para murid nduwé pangertèn sing luwih jero bab umpama sing diwulangké Yésus. Yésus péngin para muridé paham, supaya isa mulangké kuwi marang wong liya. Yésus kandha, ”Lampu minyak ora didèlèhké ing ngisor kranjang utawa ngisor ambèn, ta? Mesthiné kuwi didèlèhké ing panggonan sing dhuwur.” Yésus banjur mènèhi naséhat, ”Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”​—Markus 4:21-23.

DIBERKAHI NGANGGO LUWIH AKÈH KATRANGAN

Sakwisé nampa penjelasan saka umpama sing diwulangké Yésus bab petani, para murid péngin ngerti luwih akèh manèh. Para murid kandha, ”Terangna apa tegesé umpama bab alang-alang ing ladhang.”​—Matius 13:36.

Kanthi takon kaya ngono, para murid nduduhké nèk sikapé béda karo kumpulan wong ing pantai mau. Kumpulan wong kuwi ngrungokké, nanging ora péngin ngerti tegesé umpama sing diwulangké Yésus uga carané ngetrapké. Wong-wong kuwi puas mung karo katrangan sing sithik saka umpama mau. Yésus mbandhingké wong-wong kuwi karo para muridé sing marani Yésus supaya isa éntuk luwih akèh katrangan.

Yésus kandha, ”Gatèkna tenanan apa sing kok rungokké iki. Sepira akèhé sing kok wènèhké, ya semono kuwi uga sing bakal kok tampa, malah kowé bakal nampa luwih akèh.” (Markus 4:24) Para murid nggatèkké tenanan lan nduduhké minat sing gedhé marang piwulangé Yésus. Hasilé, para murid diberkahi nganggo luwih akèh katrangan sing luwih cetha. Sakwisé kuwi, Yésus njawab pitakonané para murid bab gandum lan alang-alang.

Yésus kandha, ”Petani sing nyebar winih gandum kuwi Putrané manungsa, ladhang kuwi donya. Winih gandum kuwi wong-wong sing bakal mlebu ing Kraton swarga, alang-alang kuwi anak-anaké Sétan, lan mungsuh sing nyebar winih alang-alang kuwi Iblis. Mangsa panèn kuwi dina-dina pungkasané jaman, lan sing manèn kuwi para malaékat.”​—Matius 13:37-39.

Sakwisé nerangké saben bagéan saka umpama mau, Yésus banjur nerangké hasil akiré. Yésus kandha nèk ing dina-dina pungkasané jaman, sing manèn utawa para malaékat, bakal misahké wong Kristen palsu sing kaya alang-alang saka ”wong-wong sing bakal mlebu ing Kraton swarga”. Wektu kuwi ”wong-wong sing bener” bakal diklumpukké lan dadi padhang kaya srengéngé ”ing Kratoné Bapaké”. Banjur, ”anak-anaké Sétan” piyé? Wong-wong kuwi bakal disirnakké lan kuwi nyebabké ’wong-wong kuwi nangis lan gela banget’.​—Matius 13:41-43.

Yésus banjur mberkahi para muridé nganggo telung umpama manèh. Kapisan, Yésus kandha,  ”Kraton swarga kuwi kaya harta karun sing kependhem ing ladhang. Banjur ditemokké wong lan dipendhem manèh. Merga saking senengé, dhèwèké lunga lan ngedol kabèh barang sing diduwèni, banjur ladhang mau dituku.”​—Matius 13:44.

Yésus kandha manèh, ”Kraton swarga kuwi uga kaya pedagang sing njlajah ing ngendi-endi kanggo nggolèk mutiara sing aji banget. Sakwisé nemokké siji mutiara sing aji banget, dhèwèké langsung lunga lan ngedol kabèh sing diduwèni, banjur mutiara mau dituku.”​—Matius 13:45, 46.

Nganggo rong umpama kuwi, Yésus nduduhké bab sipat lila kanggo nggawé pangurbanan supaya isa éntuk perkara sing aji. Pedagang kuwi langsung ngedol ”kabèh sing diduwèni” kanggo éntuk mutiara sing aji banget. Wong lanang sing nemokké harta karun sing kependhem ing ladhang uga ”ngedol kabèh barang sing diduwèni” supaya éntuk harta kuwi. Wong-wong kuwi ngedol kabèh sing diduwèni supaya isa éntuk bab sing aji banget. Iki isa dipadhakké kaya pangurbanané wong supaya isa luwih cedhak karo Gusti Allah. (Matius 5:3) Sapérangan wong sing ngrungokké Yésus wis nindakké kuwi. Wong-wong kuwi wis nggawé pangurbanan sing gedhé supaya isa luwih cedhak karo Gusti Allah lan dadi pengikuté Yésus sing sejati.​—Matius 4:19, 20; 19:27.

Sing pungkasan, Yésus madhakké Kraton swarga kaya jala sing éntuk kabèh jenis iwak. (Matius 13:47) Wektu iwak-iwaké dipisahké, iwak-iwak sing apik dilebokké ing wadhah, nanging sing èlèk dibuwang. Yésus kandha nèk kaya ngono kuwi sing bakal kelakon ing dina-dina pungkasané jaman. Wektu kuwi, para malaékat bakal misahké wong-wong sing jahat saka wong-wong sing bener.

Wektu ngundang para muridé sing sepisanan kanggo dadi ”tukang njala manungsa”, Yésus dadi tukang njala iwak ing bab rohani. (Markus 1:17) Nanging, Yésus kandha nèk umpama bab jala iki bakal kelakon sukmbèn, yaiku ”ing dina-dina pungkasané jaman”. (Matius 13:49) Mula, para rasul lan murid liyané ngerti nèk sukmbèn bakal ana kedadéan-kedadéan sing nggumunké.

”Wektu mung karo murid-muridé”, Yésus njelaské kabèh. Mula, para rasul lan murid liyané isa éntuk luwih akèh paédah. (Markus 4:34) Yésus kuwi ”kaya wong sing nduwé omah, sing ngetokké barang anyar lan barang lawas saka panggonan kanggo nyimpen bandhané”. (Matius 13:52) Tujuané Yésus mènèhi umpama ora kanggo nduduhké nèk pinter mulang, nanging merga péngin mbagi wulangan sing bener, sing aji banget, marang para muridé. Dadi, ora ana guru liya sing kaya Yésus.