Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 40

Piwulang bab Ngapurani

Piwulang bab Ngapurani

LUKAS 7:36-50

  • WONG WADON DOSA MBLONYOHI SIKILÉ YÉSUS

  • UMPAMA BAB PANGAPURA

Gumantung kahanan atiné, tanggepané wong marang pelayanané Yésus kuwi béda-béda. Iki kétok cetha saka kedadéan ing sawijiné omah ing Galiléa. Wong Farisi sing jenengé Simon ngundang Yésus mangan bareng, mungkin merga péngin luwih kenal karo Yésus sing wis nindakké akèh mukjijat. Sakdurungé iki, Yésus uga tau nampa undangan mangan bareng karo petugas pajeg lan wong dosa. Mula, Yésus gelem nampa undangan kuwi, mungkin merga ngerti iki kesempatan kanggo mulang.

Nanging, Yésus ora ditampa kanthi ramah kaya sing sakmesthiné. Ing Palestina, wong biasané nganggo sandhal. Sakwisé ngliwati dalan-dalan sing akèh bledugé, sikilé isa kepanasen lan reged. Mula, wis dadi kebiasaan sing nduwé omah ngwijiki sikilé tamuné nganggo banyu adhem. Nanging, ora ana sing ngwijiki sikilé Yésus wektu kuwi. Lan ora ana sing ngambung Yésus kanggo nyambut dhèwèké utawa nglengani rambuté, kaya sing kuduné ditindakké marang para tamu.

Jamuan mangan kuwi banjur dimulai. Kabèh tamu padha lungguh lan mangan. Wektu padha mangan, ana wong wadon sing ora diundang, meneng-meneng mlebu ing ruangan kuwi. Dhèwèké ”dikenal dadi wong dosa”. (Lukas 7:37) Kabèh wong pancèn dosa, nanging wong wadon iki kayané uripé ora nggenah, mungkin dhèwèké pelacur. Wong wadon iki isa waé wis krungu piwulangé Yésus, klebu janjiné Yésus sing bakal nggawé seger manèh ’kabèh sing mikul beban abot’. (Matius 11:28, 29) Merga trenyuh karo omongan lan tumindaké Yésus, wong wadon kuwi nggolèki Yésus.

Wong wadon iki banjur jèngkèng ing cedhak sikilé Yésus. Eluhé nètès nganti nelesi sikilé Yésus, banjur dhèwèké ngusapi sikilé Yésus nganggo rambuté. Dhèwèké ngambung sikilé Yésus lan mblonyohi nganggo lenga wangi sing dhèwèké gawa. Simon ora seneng, dhèwèké mbatin, ’Nèk wong iki bener-bener nabi, kuduné dhèwèké ngerti sapa lan kaya apa wong wadon sing ndemèk dhèwèké. Wong wadon kuwi wong dosa.’​—Lukas 7:39.

Merga ngerti apa sing dipikirké Simon, Yésus kandha, ”Simon, ana sing arep tak omongké karo kowé.” Simon njawab, ”Apa, Guru?” Yésus kandha, ”Ana wong loro sing nduwé utang marang salah siji wong. Sing siji utangé 500 dinar, sing sijiné 50 dinar. Wektu wong loro kuwi ora nduwé apa-apa kanggo nglunasi utangé, wong sing ngutangi mbébaské utangé wong loro mau. Dadi, saka antarané wong loro kuwi, sapa sing bakal luwih nresnani wong mau?” Mungkin karo wajah sing ora pati seneng, Simon njawab, ”Miturutku, wong sing utangé luwih gedhé.”​—Lukas 7:40-43.

Yésus setuju. Banjur karo nyawang wong wadon kuwi, Yésus ngandhani Simon, ”Apa kowé weruh wong wadon iki? Aku teka ing omahmu lan kowé ora mènèhi aku banyu kanggo ngwijiki sikilku. Nanging wong wadon iki nelesi sikilku nganggo eluhé, lan ngusapi nganggo rambuté. Kowé ora ngambung aku kanggo nyambut aku, nanging wong wadon iki terus ngambungi sikilku wiwit aku teka. Kowé ora ngesokké lenga ing sirahku, nanging wong wadon iki ngesokké lenga wangi ing sikilku.” Yésus isa ngerti nèk wong wadon kuwi bener-bener mertobat. Mula Yésus nyimpulké, ”Aku ngandhani kowé, senajan wong wadon iki dosané gedhé, nanging kuwi wis diapura, merga dhèwèké nduduhké katresnan sing gedhé. Nanging wong sing diapura sithik, mung nduduhké katresnan sing sithik.”​—Lukas 7:44-47.

 Yésus ora nyetujoni tumindaké wong wadon kuwi sing ora nggenah. Sewaliké, Yésus nduduhké pangertèn sing welas asih marang wong-wong sing nindakké dosa sérius nanging bener-bener mertobat lan njaluk bantuané Kristus. Wong wadon kuwi mesthi ngrasa lega banget wektu Yésus kandha, ”Dosa-dosamu wis diapura. . . . Imanmu wis nylametké kowé. Lungaa kanthi tentrem.”​—Lukas 7:48, 50.