Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 25

Yésus Marèkké Wong Lara Kusta

Yésus Marèkké Wong Lara Kusta

MATIUS 8:1-4 MARKUS 1:40-45 LUKAS 5:12-16

  • YÉSUS MARÈKKÉ WONG LANANG SING LARA KUSTA

Yésus lan papat muridé terus martakké kabar apik ing ”sinagogé-sinagogé ing kabèh dhaérah Galiléa”, lan kabar bab mukjijat sing ditindakké Yésus uga wis nyebar ing ngendi-endi. (Markus 1:39) Ana wong lanang sing lara kusta uga krungu bab kabar kuwi. Lukas sing dadi dokter kandha nèk wong kuwi, ”lara kusta sak awak”. (Lukas 5:12) Iki penyakit sing medèni, merga nèk wis parah, wong kuwi bakal kélangan anggota badané.

Dadi, kahanané wong kuwi mesakké tenan lan dhèwèké kudu ngedoh saka wong liya. Nèk ana sing nyedhak, dhèwèké kudu mbengok ”Najis, najis!” supaya wong liya kuwi ngedoh lan ora ketularan. (Kaimaman 13:45, 46) Nanging, apa sing ditindakké wong lanang kusta kuwi? Dhèwèké mara nyedhaki Yésus lan nyuwun karo sujud, ”Gusti, nèk panjenengan kersa, panjenengan isa marèkké aku.”​—Matius 8:2.

Imané wong lanang kuwi gedhé banget! Merga penyakité kuwi, dhèwèké mesthi kudu ngupaya tenanan kanggo marani Yésus. Piyé tanggepané Yésus? Nèk ana ing kana, apa sing bakal panjenengan tindakké? Merga mesakké, Yésus ngulungké tangané lan ndemèk wong lanang kuwi. Yésus kandha, ”Aku gelem. Dadia séhat.” (Matius 8:3) Ing wektu kuwi uga kustané ilang. Iki mesthi nggumunké banget!

Apa panjenengan seneng nduwé raja sing welas asih lan sanggup mbantu wong-wong? Saka carané marèkké wong kusta iki, kita yakin nèk wektu Yésus mréntah dadi raja saklumahing bumi, ramalan iki bakal kelakon, ”Panjenenganipun badhé ngéman dhateng tiyang ingkang ringkih saha tiyang mlarat, badhé ngentas nyawanipun tiyang mlarat.” (Jabur 72:13) Yésus gelem lan bakal mbantu kabèh wong sing sengsara.

Sakdurungé, pelayanané Yésus wis nggawé akèh wong padha nggumun. Saiki, wong-wong bakal krungu mukjijaté Yésus marèkké wong lara kusta kuwi. Nanging, Yésus ora péngin wong-wong nduwé iman marang dhèwèké mung merga krungu crita saka wong-wong. Yésus ngerti ramalan sing kandha nèk dhèwèké ”ora bakal ngumbar swara ana ing dedalan”. Maksudé, Yésus ora bakal ngunggul-unggulké awaké. (Yésaya 42:1, 2) Mula, Yésus mréntahké wong sing wis mari saka kustané kuwi, ”Aja kandha sapa-sapa. Nanging lungaa lan duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna kurban kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa.”​—Matius 8:4.

Nanging, merga saking senengé wis dimarèkké, wong lanang kuwi ora isa mandheg nyritakké apa sing wis dhèwèké alami. Dhèwèké lunga lan nyebarké kuwi ing ngendi-endi. Iki nggawé wong-wong dadi saya penasaran lan péngin ketemu Yésus. Yésus dadi ora isa mlebu kutha tanpa dititèni wong-wong. Mula, kanggo sawetara wektu, Yésus lunga menyang panggonan sing ora dienggoni wong. Nanging, wong-wong saka ngendi-endi tetep padha marani Yésus kanggo diwulang lan dimarèkké.