Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB 57

Yésus Marèkké Bocah Wadon lan Wong Lanang sing Budheg

Yésus Marèkké Bocah Wadon lan Wong Lanang sing Budheg

MATIUS 15:21-31 MARKUS 7:24-37

  • YÉSUS MARÈKKÉ ANAKÉ WONG WADON FÉNISIA

  • YÉSUS MARÈKKÉ WONG LANANG BUDHEG SING NDUWÉ GANGGUAN WICARA

Sakwisé ngelokké wong-wong Farisi merga nggawé tradhisi mung kanggo keuntungané dhéwé, Yésus lunga karo para muridé menyang dhaérah Tirus lan Sidon ing Fénisia, pirang-pirang kilomèter adohé menyang arah barat laut.

Yésus mlebu ing sawijiné omah, lan ora péngin ana wong sing ngerti dhèwèké ing kono. Nanging, tetep waé wong-wong padha ngerti. Salah sijiné yaiku wong wadon Yunani sing lair ing dhaérah kuwi. Dhèwèké nyuwun marang Yésus, ”Welasana aku, Gusti, Putrané Daud. Anakku wadon sengsara banget merga kesurupan roh jahat.”​—Matius 15:22; Markus 7:26.

Ora let suwé, murid-muridé kandha marang Yésus, ”Kongkonen wong wadon kuwi lunga, merga dhèwèké terus-terusan mbengok karo ngetutké awaké dhéwé.” Yésus nerangké alesané ora nggagas wong wadon kuwi, ”Aku mung diutus marang wong Israèl sing kaya wedhus gèmbèl sing kesasar.” Nanging, wong wadon kuwi ora nyerah. Dhèwèké marani lan sujud ing sikilé Yésus, karo nyuwun, ”Gusti, aku nyuwun tulung.”​—Matius 15:23-25.

Mungkin merga péngin ngerti sepira gedhéné imané wong wadon kuwi, Yésus kandha, ”Ora sakmesthiné njupuk rotiné bocah-bocah banjur diuncalké marang kirik.” (Matius 15:26) Wektu kuwi, wong Yahudi ngrèmèhké wong-wong saka bangsa liya. Mula wektu nggunakké tembung ”kirik”, Yésus nduduhké nèk dhèwèké perduli karo wong-wong saka bangsa liya, lan kuwi uga kétok saka wajah lan swarané Yésus.

Wong wadon kuwi ora lara ati karo omongané Yésus. Dhèwèké ngakoni lan kanthi andhap asor kandha, ”Bener Gusti, nanging sakjané kirik-kirik mangan rontogan roti sing tiba saka méja majikané.” Yésus ngerti nèk wong wadon kuwi nduwé ati sing tulus. Mula Yésus kandha, ”Imanmu gedhé banget. Apa sing kok péngini bakal kelakon.” (Matius 15:27, 28) Senajan ora ana ing kana, nanging anaké wong wadon kuwi mari. Wektu wong wadon kuwi mulih, dhèwèké ndelok anaké lagi turu ing ambèn, lan ”roh jahat kuwi wis lunga”.​—Markus 7:30.

Saka Fénisia, Yésus lan para muridé lunga menyang arah Kali Yordan. Yésus lan para muridé kayané nyebrang Kali Yordan saka panggonan sing ana ing sisih loré Laut Galiléa, banjur lunga menyang dhaérah Dékapolis. Ing kana, Yésus lan para muridé munggah gunung, nanging wong akèh nemokké dhèwèké. Wong-wong sing lumpuh, cacad, wuta, lan bisu digawa ing cedhak sikilé Yésus, lan Yésus marèkké wong-wong mau. Akèh wong padha nggumun, lan ngluhurké Gusti Allahé Israèl.

Yésus kususé nggatèkké wong lanang budheg sing nduwé gangguan wicara. Bayangna perasaané wong lanang kuwi wektu ana ing antarané wong akèh. Mungkin merga ngerti nèk wong lanang iki ndredheg, Yésus nggawa wong kuwi ngedoh saka liyané. Wektu ora ana wong liya, Yésus nduduhké apa sing bakal ditindakké marang wong lanang kuwi. Yésus nglebokké drijiné ing kupingé wong kuwi, lan sakwisé ngidu, Yésus ndemèk ilaté wong kuwi. Yésus banjur ndhangak lan kandha, ”Effata,” sing tegesé ”Mengaa”. Wong kuwi langsung isa krungu lan cetha anggoné omongan. Yésus ora péngin kedadéan iki dicritak-critakké. Yésus péngin wong-wong percaya marang dhèwèké merga ndelok lan krungu dhéwé piwulangé.​—Markus 7:32-36.

Mukjijaté Yésus marèkké wong mau nggawé  akèh wong ”padha nggumun banget”. Wong-wong kuwi kandha, ”Kabèh sing dhèwèké tindakké nggumunké tenan. Malah dhèwèké nggawé wong budheg isa krungu lan wong bisu isa ngomong.”​—Markus 7:37.