Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

Cathetan

Cathetan

1 YÉHUWAH

Asmané Gusti Allah kuwi Yéhuwah lan tegesé ’Yéhuwah isa dadi apa waé kanggo mujudké kersané’. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing Mahakuwasa, lan sing nggawé apa waé. Gusti Allah uga nduwé kuwasa kanggo nindakké apa waé sing dikersakké.

Ing basa Ibrani, asmané Gusti Allah ditulis patang hurup. Ing basa Inggris ditulis dadi YHWH utawa JHVH. Ing tulisan asliné Alkitab, yaiku basa Ibrani, jeneng kuwi ditulis kira-kira ping 7000. Wong-wong ing donya nyebut asmané Gusti Allah nganggo cara sing béda-béda, manut basa sing digunakké.

Bab 1, par. 15

2 ALKITAB KUWI ”DIWANGSITAKÉ DÉNING GUSTI ALLAH”

Sing ngarang Alkitab kuwi Gusti Allah, ning Gusti Allah nggunakké wong kanggo nulis. Kuwi kaya bos sing ngongkon sekretarisé nulis surat sing isiné pikirané bosé. Gusti Allah nggunakké roh suciné kanggo nuntun wong-wong nulis apa sing dipikirké Gusti Allah, nganggo cara werna-werna. Kadhang kala nganggo wahyu utawa mimpi.

Bab 2, par. 5

3 PATHOKAN

Pathokan yaiku wulangan sing bener saka Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener. Contoné, pathokan bab ”sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik”, ngandhani nèk kanca-kanca sing awaké dhéwé pilih, isa nggawé awaké dhéwé tumindak becik utawa ala. (1 Korinta 15:33) Lan pathokan ”awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dienèni”, mulang nèk awaké dhéwé mesthi nampa akibat saka tumindaké awaké dhéwé.​—Galati 6:7.

Bab 2, par. 12

  4 RAMALAN

Ramalan kuwi pangandikané Gusti Allah. Isa waé isiné katrangan bab kersané Gusti Allah, wulangan sing mbantu awaké dhéwé ngerti endi tumindak sing becik lan ala, préntah, uga paukuman. Isa uga bab apa sing bakal kedadéan mbésuk. Ana akèh banget ramalan ing Alkitab sing wis kelakon.

Bab 2, par. 13

5 RAMALAN BAB SANG MÈSIH

Akèh ramalané Alkitab bab Sang Mèsih sing wis kelakon ing uripé Yésus. Deloken kothak, ” Ramalan bab Sang Mèsih”.

Bab 2, par. 17, cathetan ing ngisor.

6 KERSANÉ GUSTI ALLAH KANGGO BUMI

Yéhuwah nggawé bumi dadi pirdus bèn isa dienggoni wong-wong sing nresnani Yéhuwah. Kersané isih tetep padha. Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal nyirnakké kabèh sing jahat, lan maringi urip saklawasé kanggo umaté.

Bab 3, par. 1

7 SÉTAN SI IBLIS

Sétan kuwi malaékat sing mbrontak nglawan Gusti Allah. Sebutan Sétan tegesé ”Sing Nglawan”, merga Sétan nglawan Gusti Allah. Sétan uga disebut Iblis, sing tegesé ”Tukang Mitenah”. Dhèwèké nduwé sebutan kaya ngono merga ngomong sing ora bener bab Gusti Allah uga seneng mblasukké wong-wong.

Bab 3, par. 4

  8 PARA MALAÉKAT

Yéhuwah nggawé malaékat sakdurungé nggawé bumi. Ana atusan yuta malaékat sing urip ing swarga. (Dhanièl 7:10) Malaékat-malaékat kuwi nduwé jeneng lan sipat sing béda-béda, ning malaékat sing setya ora gelem disembah manungsa. Malaékat nduwé golongan lan tugas sing béda-béda. Contoné, ana sing ngabdi ing dhamparé Yéhuwah, ngandhakké pangandikané Gusti Allah, ngayomi lan nuntun umaté Gusti Allah ing bumi, nindakké paukuman saka Gusti Allah, lan ndhukung gawéan nginjil. (Jabur 34:8; Wahyu 14:6; 22:8, 9) Ing pungkasané donya, malaékat bakal mèlu perang bebarengan karo Yésus ing perang Harmagédhon.​—Wahyu 16:14, 16; 19:14, 15.

Bab 3, par. 5; Bab 10, par. 1

9 DOSA

Dosa kuwi pikiran, tumindak, utawa perasaan sing ora cocog karo Yéhuwah lan kersané. Merga dosa iki isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Gusti Allah, mula Yéhuwah maringi hukum lan pathokan bèn awaké dhéwé ora nindakké dosa sing disengaja. Saka wiwitané, apa waé sing digawé Yéhuwah kuwi sampurna, ning pas Adam lan Kawa milih ora manut karo Yéhuwah, dhèwèké dadi nduwé dosa lan ora sampurna manèh. Dhèwèké dadi tuwa lan mati. Awaké dhéwé éntuk warisan dosa saka Adam, mula awaké dhéwé saiki isa tuwa lan mati.

Bab 3, par. 7; Bab 5, par. 3

10 HARMAGÉDHON

Harmagédhon kuwi perangé Gusti Allah sing bakal nyirnakké donya sing dikuwasani Iblis lan kabèh sing jahat.

Bab 3, par. 13; Bab 8, par. 18

 11 KRATONÉ GUSTI ALLAH

Kratoné Gusti Allah kuwi pamréntahan sing ana ing swarga. Yésus Kristus sing dadi Rajané. Sukmbèn, Yéhuwah bakal nggunakké Kratoné kanggo nyirnakké kabèh sing jahat. Lan Kratoné Gusti Allah bakal mréntah bumi.

Bab 3, par. 14

12 YÉSUS KRISTUS

Gusti Allah nggawé Yésus sakdurungé nggawé liyané. Yéhuwah ngutus Yésus ing bumi kanggo nebus kabèh manungsa. Sakwisé Yésus dipatèni, Yéhuwah nguripké Yésus manèh. Saiki, Yésus wis mréntah dadi Raja ing Kratoné Gusti Allah.

Bab 4, par. 2

13 RAMALAN BAB 70 MINGGU

Alkitab ngramal utawa ngandhani kapan Sang Mèsih bakal teka yaiku ing pungkasané 69 minggu. Wektu iki diwiwiti taun 455 SM lan bakal rampung taun 29 M.

Piyé carané awaké dhéwé ngerti nèk kuwi rampung taun 29 M? 69 minggu diwiwiti taun 455 SM wektu Néhémia teka ing Yérusalèm lan mulai mbangun manèh kutha kuwi. (Dhanièl 9:25; Néhémya 2:1, 5-8) Kayadéné tembung ”lusin” ngélingké awaké dhéwé karo angka 12, tembung ”seminggu” ngélingké awaké dhéwé karo angka 7. Seminggu ing ramalan iki suwéné ora pitung dina, ning pitung taun, itungané ”sadina diétung setaun”. (Wilangan 14:34; Yéheskièl 4:6) Iki tegesé nèk saben minggu kuwi suwéné pitung taun. Lan 69 minggu dadiné 483 taun (69 x 7). Nèk awaké dhéwé ngitung 483 taun wiwit taun 455 SM, ketemu taun 29 M. Iya pas taun kuwi Yésus dibaptis lan dadi Sang Mèsih.​—Lukas 3:1, 2, 21, 22.

 Ana seminggu manèh sing disebutké ing ramalan kuwi, iki tegesé ditambah pitung taun manèh. Ing antarané minggu ke 70 kuwi Sang Mèsih dipatèni, yaiku taun 33 M. Banjur, taun 36 M, kabar apik bab Kratoné Gusti Allah diwartakké kanggo kabèh bangsa, ora mung bangsa Israèl.​—Dhanièl 9:24-27.

Bab 4, par. 7

 14 TRITUNGGAL KUWI WULANGAN SING SALAH

Alkitab mulang nèk Yéhuwah kuwi sing nggawé apa waé. Yéhuwah nggawé Yésus sakdurungé liya-liyané. (Kolosé 1:15, 16) Yésus dudu Gusti Allah sing Mahakuwasa. Yésus ora tau ngaku-ngaku drajaté padha karo Gusti Allah. Malahan Yésus ngendika, ”Sang Rama iku ngluwihi Aku” (Yokanan 14:28; 1 Korinta 15:28) Ning, ana agama-agama sing mulang bab Tritunggal sing tegesé Gusti Allah kuwi telu dadi siji: Bapak, Putra, lan roh suci. Tembung ”Tritunggal” ora tau ana ing Alkitab. Kuwi wulangan sing salah.

Roh suci kuwi tenagané Gusti Allah sing ora kétok, sing digunakké Yéhuwah kanggo mujudké kersané. Contoné, wong-wong Kristèn jaman ndhisik ’padha kapenuhan ing roh suci’ lan Yéhuwah kandha, ’Ingsun bakal ngesokaké rohingSun marang sakabèhing manungsa’.​—Lelakoné Para Rasul 2:1-4, 17.

Bab 4, par. 12; Bab 15, par. 17

15 SALIB

Wong Kristen sejati ora nggunakké salib wektu ngibadah marang Gusti Allah. Apa sebabé?

  1. Salib wis suwé banget digunakké ing agama palsu. Jaman ndhisik, salib digunakké kanggo nyembah alam utawa ritual sèks kafir. Saksuwéné 300 taun sakwisé Yésus séda, wong Kristen ora nggunakké salib kanggo ngibadah. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Kaisar Roma Konstantin ndadèkké salib dadi lambangé wong Kristen. Lambang kuwi digunakké supaya agama Kristen dadi saya kondhang. Ning, salib ora ana hubungané karo Yésus. Buku New Catholic Encyclopedia kandha, ”Salib kuwi ditemokké sakdurungé ana agama Kristen lan dienggo karo agama sing dudu Kristen.”

  2. Yésus ora mati ing salib. Basa Yunaniné sing diterjemahké ”salib” sakjané tegesé ”cagak lurus”, ”cagak kayu” utawa ”wit”. The Companion Bible njelaské, ”Ora ana tembung Yunani [New Testament] sing ngandhakké kayu sing cacahé loro.” Yésus séda ing cagak kayu.

  3.   Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé nggunakké gambar utawa lambang kanggo ngibadah.​—Pangentasan 20:4, 5; 1 Korinta 10:14.

Bab 5, par. 12

16 ACARA PÈNGETAN

Yésus mènèhi préntah supaya murid-muridé mèngeti sédané. Kuwi dianakké saben taun pas tanggal 14 Nisan, padha kaya tanggalé bangsa Israèl wektu ngrayakké Paskah. Roti lan anggur sing nggambarké awaké lan getihé Yésus, diédarké karo kabèh sing teka ing acara pèngetan. Sing maem roti lan ngombé anggur bakal mréntah bareng Yésus ing swarga. Sing nduwé pengarep-arep urip saklawasé ing bumi ora maem lan ngombé lambang kuwi, ning tetep teka kanggo ngajèni acara kuwi.

Bab 5, par. 21

17 JIWA

Tembung Ibrani lan Yunani sing diterjemahké ”jiwa” digunakké ing Alkitab kanggo njelaské (1) manungsa, (2) kéwan, utawa (3) uripé manungsa lan uripé kéwan. Mula ing Alkitab Basa Jawa tembung ”jiwa” diterjemahké langsung nganggo tembung wong, kéwan, lan nyawa utawa uripé wong, utawa uripé kéwan. Contoné:

  • Manungsa. ”Para leluhurmu anggoné menyang ing tanah Mesir cacah-jiwané pitung puluh, nanging saiki Pangéran Yéhuwah Gusti Allahmu, wus ndadèkaké cacah-jiwamu kaya lintang ing langit.” (Pangandharing Torèt 10:22) Ing kéné tembung ”jiwa” maksudé wong, yaiku keluargané Yakub.

  • Kéwan. ”Gusti Allah tumuli ngandika: ’Ing banyu anaa mahkluk urip [”jiwa”, NW] kang pating kruwel uyel-uyelan lan bangsa manuk mabura ing sadhuwuré bumi ngliwati pepenthèngan.’ Sakbanjuré kuwi Gusti Allah ngendika, ’Bumi iki metokna mahkluk kang urip [”jiwa”, NW] warna-warna, kéwan ingon-ingon, kéwan kang rumangkang, lan gumremet  sarta kéwan alasan warna-warna.’ Banjur iya kelakon kaya mangkono.”​—Purwaning Dumadi 1:20, 24.

  • Uripé manungsa utawa kéwan. Yéhuwah tau ngendika karo Musa, ”Sakèhé wong kang nedya matèni sira [”mburu jiwamu”, NW] iku wus padha mati” (Pangentasan 4:19) Pas Yésus urip ing bumi, Yésus uga tau ngendika, ”Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané [”jiwa”, NW] kanggo wedhus-wedhusé”.​—Yokanan 10:11.

    Sakliyané kuwi, pas ana wong sing tumindak sak ’gumolonging nyawané’, iki tegesé dhèwèké ngupaya kanggo nindakké sing paling apik ing uripé. (Matéus 22:37; Pangandharing Torèt 6:5) Tembung ”jiwa” uga isa nggambarké rasa pepénginané wong. Wong sing wis mati disebut jiwa sing mati.​—Wilangan 6:6; Wulang Bebasan 23:2; Yésaya 56:11; Hagai 2:13.

Bab 6, par. 5; Bab 15, par. 17

18 ROH

Tembung Ibrani lan Yunani sing diterjemahké dadi ”roh” ing Alkitab New World Translation basa Inggris, tegesé isa béda-béda. Ning, kuwi mesthi maksudé bagéan sing ora isa didelok, contoné angin, utawa napasé manungsa utawa kéwan. Maksudé tembung iki uga isa mahkluk roh lan tenagané Gusti Allah yaiku roh suci. Alkitab ora mulang nèk ana bagéan sing isih tetep urip sakwisé wong kuwi mati.​—Pangentasan 35:21; Jabur 104:29; Matéus 12:43; Lukas 11:13.

Bab 6, par. 5; Bab 15, par. 17

19 GÉHÉNA

Géhéna kuwi jenengé lembah ing sakcedhaké kutha Yérusalèm, panggonan kanggo ngobong sampah. Ora ana bukti nèk pas jamané Yésus, kéwan utawa manungsa sing isih urip disiksa nganggo cara dibakar ing kono. Géhéna dudu lambang panggonan sing ora kétok kanggo nyiksa lan mbakar  wong mati saklawasé. Pas Yésus ngendika bab wong-wong sing diuncalké ing Géhéna, kuwi maksudé wong-wong kuwi ora bakal diuripké manèh.​—Matéus 5:22; 10:28, NW.

Bab 7, par. 20

20 DONGA RAMA KAWULA

Iki donga sing diwulangké Yésus pas murid-muridé takon piyé carané ndonga. Donga iki kerep disebut donga Rama Kawula, lan dadi conto kanggo ndonga. Yésus mulang awaké dhéwé kanggo ndonga:

  • ”Asma Paduka mugi kasucèkaken”

    Awaké dhéwé ndonga bèn Yéhuwah tumindak supaya asmané dadi suci, lan bébas saka pitenah. Iki tegesé kabèh ing swarga lan bumi bakal ngluhurké lan ngajèni asmané Gusti Allah.

  • ”Kraton Paduka mugi rawuh”

    Awaké dhéwé ndonga supaya Kratoné Gusti Allah cepet nyingkirké donya sing dikuwasani Iblis, terus mréntah bumi, lan ndadèkké bumi dadi pirdus.

  • ”Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi”

    Awaké dhéwé ndonga supaya kersané Gusti Allah kanggo bumi cepet kelakon. Wong sing manut lan sampurna bakal urip saklawasé ing Pirdus, kaya kersané Yéhuwah sing sepisanan.

Bab 8, par. 2

21 TEBUSAN

Yéhuwah wis maringi tebusan kanggo nylametké manungsa saka dosa lan pati. Tebusan kuwi rega sing kudu dibayar kanggo apa sing wis diilangké Adam yaiku urip sing sampurna, lan isa nggawé hubungané manungsa raket manèh karo Gusti Allah. Gusti Allah ngutus Yésus ing bumi kanggo nebus kabèh manungsa sing dosa. Merga tebusané Yésus, kabèh manungsa isa nduwé kesempatan urip langgeng lan sampurna.

Bab 8, par. 21; Bab 9, par. 13

 22 APA SEBABÉ TAUN 1914 KUWI PENTING?

Ramalan sing dicathet ing kitab Dhanièl bab 4 mulang nèk Gusti Allah bakal ngedegké Kratoné taun 1914.

Ramalan: Yéhuwah mènèhi Raja Nebukadnézar ramalan sing wujudé mimpi bab wit sing gedhé lan dhuwur sing ditegor. Ing mimpi kuwi, wité ditalèni ranté wesi lan tembaga bèn ora isa thukul manèh nganti ”pitung mangsa”. Sakwisé kuwi, wité thukul manèh.​—Dhanièl 4:1, 10-16.

Apa tegesé ramalan kuwi kanggo awaké dhéwé: Wit mau nggambarké pamréntahané Gusti Allah. Yéhuwah nggunakké wakil, utawa raja ing Yérusalèm kanggo mréntah bangsa Israèl. (1 Babad 29:23) Ning, akèh rajané dadi ora setya manèh, lan pamréntahané bubrah. Yérusalèm disingkirké taun 607 SM, kuwi wiwitané ”pitung mangsa”. (2 Para Raja 25:1, 8-10; Yéheskièl 21:25-27) Wektu Yésus ngendika, ”Kutha Yérusalèm bakal kaicak-icak déning bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampungé jamané bangsa-bangsa iku”, Yésus ngendika bab ”pitung mangsa”. (Lukas 21:24) Dadi, ”pitung mangsa” durung rampung pas Yésus ana ing bumi. Yéhuwah janji bakal maringi wewenang dadi raja pas pungkasané ”pitung mangsa”. Raja sing anyar yaiku Yésus, bakal maringi berkah kanggo kabèh umaté Gusti Allah ing bumi nganti saklawasé.​—Lukas 1:30-33.

Suwéné ”pitung mangsa”: ”Pitung mangsa” kuwi suwéné 2.520 taun. Nèk awaké dhéwé ngitung 2.520 taun saka 607 SM, ketemu taun 1914. Ing taun iki, Yéhuwah maringi wewenang karo Yésus yaiku Sang Mèsih bèn dadi Raja Kratoné Gusti Allah ing swarga.

Piyé awaké dhéwé isa ketemu angka 2.520? Alkitab kandha telu setengah mangsa suwéné 1.260 dina. (Wahyu 12:6, 14) Dadi, pitung mangsa kuwi ping loroné telu setengah mangsa, utawa 2.520 dina. 2.520 dina padha karo 2.520 taun merga ”sadina diétung setaun”.​—Wilangan 14:34; Yéheskièl 4:6.

Bab 8, par. 23

 23 MIKHAÈL PANGGEDHÉNÉ PARA MALAÉKAT

Tembung ’panggedhéné para malaékat’ tegesé pemimpin para malaékat. Alkitab kandha nèk mung siji panggedhéné para malaékat, lan asmané kuwi Mikhaèl.​—Dhanièl 12:1; Yudas 9.

Mikhaèl kuwi pemimpin pasukané Gusti Allah sing isiné para malaékat sing setya. Wahyu 12:7 kandha, ”Sang Mikhaèl lan para malaékaté padha perang nglawan naga mau, sarta si naga iku kabantu déning para malaékaté.” Dadi Mikhaèl kuwi jeneng liyané Yésus, merga ing buku Wahyu kandha nèk pemimpin pasukané Gusti Allah kuwi Yésus.​—Wahyu 19:14-16.

Bab 9, par. 4

24 DINA PUNGKASAN

Tembung iki njelaské kedadéan-kedadéan sing utama, sakdurungé Kratoné Gusti Allah nyingkirké donya sing dikuwasani Iblis. Tembung liyané dina pungkasan, contoné ’dina wekasan’ lan ”rawuhé Putraning Manungsa”, digunakké ing ramalané Alkitab kanggo nduduhké wektu sing padha. (Matéus 24:3, 27, 37) ”Dina-dina wekasan” dimulai pas Kratoné Gusti Allah madeg ing swarga taun 1914, lan bakal rampung pas donya sing dikuwasani Iblis disingkirké ing Harmagédhon.​—2 Timotéus 3:1; 2 Pétrus 3:3.

Bab 9, par. 5

 25 WONG MATI DIURIPKÉ MANÈH

Wong sing wis mati, bakal diuripké manèh karo Gusti Allah. Ing Alkitab, dicathet ana sanga conto bab wong-wong sing wis diuripké manèh. Sing nindakké mukjijat iki yaiku Élia, Élisa, Yésus, Pétrus, lan Paulus. Mukjijat kuwi mung isa ditindakké merga kekuwatané Gusti Allah. Yéhuwah janji nèk ”tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal” bakal diuripké manèh ing bumi. (Lelakoné Para Rasul 24:15) Alkitab uga kandha bab wong-wong sing diuripké manèh ing swarga. Iki mung kanggo wong-wong sing wis dipilih Gusti Allah, bèn isa urip ing swarga bareng Yésus.​—Yokanan 5:28, 29; 11:25; Filipi 3:11; Wahyu 20:5, 6.

Bab 9, par. 13

26 SPIRITISME

Spiritisme kuwi tegesé nyoba nggawé hubungan karo roh-roh, carané isa langsung utawa liwat wong liya, contoné dhukun utawa wong pinter. Wong-wong sing nindakké iki percaya nèk wong mati rohé tetep urip lan dadi memedi sing rosa banget. Kuwi wulangan sing salah. Dhemit-dhemit uga isa nggawé manungsa ora manut karo Gusti Allah. Contoné spiritisme yaiku ramalan bintang, ilmu ramal, ilmu sihir, ilmu gaib. Kuwi ana ing akèh buku-buku, majalah, ramalan, film, gambar-gambar, uga ana ing lagu-lagu. Kabèh sarana kuwi nduduhké nèk hubungan karo dhemit-dhemit kétoké ora mbebayani, ning malah nyenengké. Akèh kebiyasaan pas layatan, contoné mènèhi sajèn, upacara layatan, slametan telung dina nganti sèwu dina, lan liya-liyané uga klebu tumindak sing ana hubungané karo dhemit-dhemit. Wong-wong uga kerep nganggo obat bius pas nggunakké kekuwatané dhemit-dhemit.​—Galati 5:20; Wahyu 21:8.

Bab 10, par. 10; Bab 16, par. 4

 27 WEWENANGÉ YÉHUWAH

Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing Mahakuwasa, lan Yéhuwah sing nggawé kabèh sing ana ing jagat iki. (Wahyu 15:3) Mula, Yéhuwah sing nduwèni apa waé, lan nduwé wewenang sing gedhé. (Jabur 24:1; Yésaya 40:21-23; Wahyu 4:11) Yéhuwah wis nggawé hukum kanggo kabèh sing digawé. Yéhuwah uga nduwé wewenang kanggo milih sapa waé dadi panguwasa. Nèk manut lan nresnani Yéhuwah, kuwi tegesé awaké dhéwé ndhukung kuwasané Yéhuwah kanggo mréntah.​—1 Babad 29:11.

Bab 11, par. 10

28 ABORSI

Aborsi kuwi tegesé sengaja nggugurké bakal bayi sing durung lair. Iki ora merga kena cilaka utawa kedadéan sing alami saka manungsa. Wiwit ana pembuahan, bayi kuwi wis dadi manungsa sing kepisah, ora mung bagéan saka awaké ibuné.

Bab 13, par. 5

29 TRANFUSI GETIH

Tranfusi getih yaiku tata cara mèdis sing nglebokké getih wutuh utawa salah siji bagéan saka getih kuwi, marang badané wong sing kekurangan getih. Tranfusi getih uga isa dijupuk saka getih sing wis disimpen. Bagéan getih sing utama kuwi cacahé ana papat, yaiku plasma, sèl darah mérah, sèl darah putih, lan keping darah.

Bab 13, par. 13

 30 DISIPLIN

Ing Alkitab, tembung ”pamerdi” utawa disiplin tegesé dudu hukuman. Pas diwènèhi disiplin, awaké dhéwé diwulang, didhidhik, uga dikandhani sing salah lan sing bener. Yéhuwah ora tau nggunakké cara-cara sing kasar lan kejem pas maringi disiplin. (Wulang Bebasan 4:1, 2) Yéhuwah maringi conto sing apik banget kanggo para wong tuwa. Pas Yéhuwah maringi disiplin, kuwi mesthi cocog karo sing dibutuhké lan ana paédahé, dadi umaté isa nresnani disiplin saka Yéhuwah. (Wulang Bebasan 12:1) Yéhuwah tresna banget karo umaté, mula Yéhuwah ndhidhik umaté. Yéhuwah maringi tuntunan supaya wong sing tumindak klèru, isa ngowahi tumindaké bèn isa nyenengké Yéhuwah. Kanggo para wong tuwa, disiplin kuwi klebu mbantu bocah-bocah bèn ngerti apa paédahé nèk manut. Kuwi uga klebu ndhidhik bèn isa tresna karo Yéhuwah lan sabdané, uga ngerti bab pathokan-pathokané.

Bab 14, par. 13

31 PARA DHEMIT

Para dhemit ora isa didelok, nduwé sipat sing jahat lan kekuwatan sing gedhé. Para dhemit kuwi malaékat sing jahat. Dhèwèké dadi jahat merga ora manut karo Gusti Allah lan saiki dadi mungsuhé Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 6:2; Yudas 6) Para dhemit iki mèlu-mèlu Iblis sing mbrontak marang Yéhuwah.​—Pangandharing Torèt 32:17; Lukas 8:30; Lelakoné Para Rasul 16:16; Yakobus 2:19.

Bab 16, par. 4