Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB LIMA

”Wong Wadon kang Becik”

”Wong Wadon kang Becik”

1, 2. (a) Gawéan apa sing dilakoni Rut? (b) Bab apik apa sing disinaoni Rut saka Hukumé Yéhuwah lan wong-wong sing nyembah Yéhuwah?

RUT jèngkèng ing jèjèré tumpukan barli sing wis ditalèni lan diklumpukké dina kuwi. Wektu kuwi wis soré, lan wong-wong sing nyambut gawé ing ladhang sakiwa-tengené Bètléhèm akèh sing mlaku karo lemes menyang gapura kutha cilik sing ana ing pucuk lèrèng bukit. Awaké Rut mesthi wis kesel banget merga wis sedina muput nyambut gawé. Nanging, dhèwèké tetep nggepuk-nggepuk barli mau nganggo kayu bèn wijiné prothol. Senajan gawéané abot, nanging dina kuwi Rut seneng, merga éntuk hasil sing luwih akèh ketimbang sing diarep-arep.

2 Apa kahanané randha enom iki luwih apik? Kaya sing wis dirembug ing bab sakdurungé, Rut milih kanggo mèlu Naomi, ibu maratuwané. Rut uga janji bakal terus ngancani Naomi lan nyembah Gusti Allahé Naomi sing asmané Yéhuwah. Wong wadon loro sing isih sedhih merga kélangan bojoné iki lunga bareng saka Moab menyang Bètléhèm. Rut wong Moab kuwi akiré ngerti nèk ing Hukumé Yéhuwah ana aturan sing apik lan ngajèni wong mlarat ing Israèl, klebu pendhudhuk asing. Saiki, atiné sing lagi sedhih isa kelipur merga ngrasakké dhéwé sipat apik atiné wong-wong sing nyembah Yéhuwah lan sing manut Hukumé.

3, 4. (a) Piyé carané Boas nguwatké Rut? (b) Ing jaman saiki sing saya angèl nggolèk dhuwit, piyé awaké dhéwé isa niru tuladhané Rut?

3 Salah sijiné yaiku Boas, wong sugih sing wis umur, sing nduwé ladhang panggonané Rut njupuki sisa panèn. Dina kuwi, Boas nduduhké rasa perduliné karo Rut kaya bapak marang anaké. Rut mésam-mèsem nèk kèlingan omongané Boas sing apik ati pas ngalem Rut merga wis ngopèni Naomi, lan merga milih Yéhuwah, Gusti Allah sing sejati dadi pangayomané.​—Wacanen Rut 2:11-14.

4 Nanging, mbokmenawa Rut mikirké piyé uripé mbésuk. Dhèwèké wong asing sing mlarat, lan ora nduwé bojo utawa anak. Piyé carané Rut isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan Naomi mbésuké? Apa cukup mung njupuki sisa panèn? Lan, sapa sing  bakal ngopèni Rut wektu tuwa mengko? Wis lumrah nèk Rut kuwatir bab iki. Ing jaman saiki, wektu saya angèl nggolèk dhuwit, akèh wong ngadhepi rasa kuwatir kaya ngono. Nèk sinau piyé imané Rut wis mbantu dhèwèké ngadhepi kasusahan kuwi, awaké dhéwé bakal isa niru tuladhané Rut.

Kok Isa Disebut Keluarga?

5, 6. (a) Ing dina kapisan nggolèk wiji barli ing ladhangé Boas, Rut éntuk apa waé? (b) Piyé tanggepané Naomi wektu ndelok Rut?

5 Wektu Rut wis rampung nggepuk-nggepuk lan nglumpukké wiji-wiji kuwi, jebulé Rut éntuk sak éfa utawa 22 liter barli, sing aboté kira-kira 14 kilogram. Wiji-wiji kuwi dibungkus nganggo kain banjur disunggi, lan Rut bali menyang Bètléhèm wektu wis surup.​—Rt. 2:17.

6 Naomi seneng ndelok mantuné sing ditresnani bali, lan mbokmenawa Naomi kagèt pas ndelok Rut nggawa akèh wiji barli. Rut uga nggawa panganan sing sengaja disisihké kanggo Naomi. Panganan kuwi saka Boas kanggo para pegawé. Banjur, Rut lan Naomi maem panganan sing sedherhana kuwi. Naomi takon, ”Ana ing ngendi anggonmu ngasag [utawa, nggolèk sisa panènan] sadina iki lan anggonmu nyambut-gawé ana ing ngendi? Kaberkahana wong kang nggatèkaké kowé iku.” (Rt. 2:19) Naomi langsung ngerti nèk Rut mulih nggawa akèh panganan. Kuwi mbuktèkké nèk ana wong sing nggatèkké lan ngajèni randha enom iki.

7, 8. (a) Naomi nganggep nèk sipat apik atiné Boas asalé saka sapa, lan apa sebabé? (b) Piyé Rut nduduhké katresnan sing langgeng marang ibu maratuwané?

7 Wong loro kuwi mulai omong-omongan, lan Rut crita karo Naomi bab sipat apik atiné Boas. Naomi trenyuh lan kandha, ”Wong iku muga kaberkahana déning Sang Yéhuwah, kang karsa ngatingalaké sih-kamirahané marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” (Rt. 2:20) Naomi nganggep sipat apik atiné Boas asalé saka Yéhuwah. Yéhuwah ndhawuhi para abdiné kanggo apik ati lan njanjèkké berkah kanggo umaté sing apik ati. *Wacanen Wulang Bebasan 19:17.

8 Naomi ngongkon Rut nampa sing ditawakké Boas, yaiku kanggo terus njupuk sisa panèn ing ladhangé, lan tetep cedhak karo pegawé wadoné Boas bèn ora diganggu pegawé liyané. Rut  ngrungokké naséhaté Naomi. Rut uga tetep ”manggon . . .  karo maratuwané”. (Rt. 2:22, 23) Saka ayat iki, awaké dhéwé isa ndelok sipaté Rut sing utama, yaiku katresnan sing langgeng. Tuladhané Rut isa nggawé awaké dhéwé mikir, apa awaké dhéwé ngajèni hubungan keluarga, setya ndhukung wong sing ditresnani, lan mbantu nèk wong kuwi butuh bantuan. Katresnan sing langgeng sing kaya ngono digatèkké karo Yéhuwah.

Contoné Rut lan Naomi ngélingké awaké dhéwé kanggo ngajèni keluargané awaké dhéwé

9. Apa sing isa disinaoni saka Rut lan Naomi bab keluarga?

9 Apa Rut lan Naomi isa disebut keluarga? Akèh wong nganggep sing disebut ”keluarga” kuwi nèk ana bapak, ibu, anak lanang, anak wadon, mbah kakung, mbah putri, lan liyané. Nanging, tuladhané Rut lan Naomi nduduhké nèk senajan wong loro waé, isa tetep disebut keluarga nèk rukun, apik ati, lan nresnani siji lan sijiné. Apa panjenengan nganggep aji keluargané panjenengan? Yésus ngélingké para muridé nèk jemaat Kristen isa dadi keluarga kanggo wong-wong sing ora nduwé keluarga.​—Mk. 10:29, 30.

Rut lan Naomi mbantu lan nguwatké siji lan sijiné

”Wong Iku . . .  kang Wajib Nebus Kita”

10. Apa sing péngin ditindakké Naomi kanggo Rut?

10 Saka panèn barli sasi April nganti panèn gandum sasi Juni, Rut njupuki sisa panèn ing ladhangé Boas. Saya suwé, Naomi mesthi mikirké apa sing isa dhèwèké tindakké kanggo mantuné. Pas ing Moab, Naomi tau kandha nèk dhèwèké ora bakal isa nggolèkké bojo manèh kanggo Rut. (Rt. 1:11-13) Saiki, Naomi mikir sewaliké. Naomi kandha karo Rut, ”Hé anakku enggèr, apa ora prayoga aku nggolèkaké pangayoman kowé, murih kabegjanmu?” (Rt. 3:1) Wektu kuwi, wong tuwa biyasa nggolèkké bojo kanggo anaké, lan Rut wis kaya anak wadoné Naomi. Naomi péngin nggolèkké Rut ”pangayoman”, maksudé rasa aman sing bakal disedhiyakké wong lanang sing dadi bojoné Rut. Nanging, apa sing bakal ditindakké Naomi?

11, 12. (a) Hukum apa sing dimaksud Naomi wektu nyebut Boas ”kang wajib nebus kita”? (b) Piyé Rut nanggepi naséhaté Naomi?

11 Pas Rut sepisanan nyritakké bab Boas, Naomi kandha, ”Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalané kang wajib nebus kita.” (Rt. 2:20) Apa maksudé? Ing Hukumé Allah kanggo bangsa Israèl, ana aturan sing welas asih kanggo keluarga sing ngadhepi masalah merga mlarat utawa anggota keluargané mati. Wong wadon sing dadi randha sakdurungé nduwé anak, mesthi  sedhih banget merga jenengé bojoné lan garis keturunané bakal mandheg. Nanging, Hukumé Allah ngéntukké kakangé utawa adhiné bojoné sing wis mati kuwi nikah karo randha mau, dadi tetep isa nduwé keturunan sing bakal neruské jenengé bojoné, lan isa ngopèni tanah warisan keluargané. *PT. 25:5-7.

12 Naomi kandha karo Rut bab rencanané. Bayangna Rut sing saya nggumun wektu ngrungokké rencana kuwi. Rut mung ngerti sithik bab hukum lan kebiyasaané bangsa Israèl. Nanging, Rut ngajèni banget Naomi, dadi Rut ngrungokké tenanan pas Naomi ngomong. Naséhaté Naomi kuwi kétoké anèh utawa ngisin-isini, malah isa nggawé Rut dicap èlèk. Nanging, Rut tetep setuju lan kandha, ”Punapa sapangandika panjenengan badhé kula lampahi sadaya.”​—Rt. 3:5.

13. Apa tuladhané Rut bab nampa naséhat saka wong sing luwih tuwa? (Deloken uga Ayub 12:12.)

13 Kadhang kala, cah enom angèl ngrungokké naséhat saka wong sing luwih tuwa lan luwih pengalaman. Cah enom isa waé mikir nèk wong sing luwih tuwa ora paham masalah lan tantangané cah enom. Tuladhané Rut sing andhap asor ngélingké awaké dhéwé nèk ngrungokké naséhat wicaksana saka wong sing luwih tuwa kuwi akèh paédahé. Merga wong sing luwih tuwa nresnani lan péngin sing paling apik kanggo awaké dhéwé. (Wacanen Jabur  71:17, 18.) Apa naséhaté Naomi, lan apa Rut bener-bener éntuk paédah merga manut karo naséhaté Naomi?

Rut ing Papan Panuton

14. Apa papan panuton kuwi, lan apa waé sing ditindakké ing kono?

14 Wengi kuwi, Rut mlaku menyang papan panuton, yaiku panggonan sing rata lan padhet, wong tani mara mrono kanggo ngidak-idak lan napèni wiji. Panggonan kuwi biyasané ing dhaérah pegunungan, merga nèk wayah soré lan arep surup, panggonan kuwi anginé gedhé. Bèn wijiné isa kepisah karo kulit lan pangé, wong sing lagi napèni biyasané nganggo garpu gedhé utawa sekop kanggo nyawurké, bèn kulité kabur kena angin lan wiji sing abot gogrog ing lemah.

15, 16. (a) Critakna kahanan wektu Boas wis rampung kerja wengi kuwi. (b) Piyé Boas ngerti nèk Rut turu ing cedhak sikilé?

15 Wengi kuwi, Rut meneng-meneng nggatèkké wong-wong sing wis mèh rampung napèni wiji barli. Boas ngawasi gawéan iki. Suwé-suwé wijiné saya akèh nganti kaya gunung. Bar mangan télap-tèlep, Boas turu ing pojokan salah siji tumpukan wiji kuwi. Biyasané wong turu ing kono kanggo njaga bèn wiji kuwi ora dimaling lan dirampok. Rut ndelok Boas sing mulai angler. Saiki wektuné kanggo nindakké rencanané Naomi.

16 Rut nyedhaki alon-alon, dhèwèké dheg-dhegan. Rut ndelok nèk Boas wis angler banget turuné. Bar kuwi, kaya sing dikandhakké Naomi, Rut mbukak kemul ing sikilé Boas terus mapan turu ing cedhak sikilé. Dhèwèké nunggu. Kanggoné Rut iki rasané suwé banget. Akiré kira-kira wektu tengah wengi, Boas tangi.  Merga kadhemen, Boas mbenakké kemulé kanggo nutupi sikilé manèh. Pas kuwi, ”Lah kok ana wong wadon teturon ing sandhing sampéyané [utawa, sikilé].”​—Rt. 3:8.

17. Wong sing njelaské nèk tumindak lan omongané Rut ana hubungané karo sèks, ora nggatèkké rong fakta apa?

17 Boas takon, ”Sapa kowé iku?” Rut njawab, mungkin karo ndredheg, ”Kula punika ingkang abdi Rut; panjenengan mugi karsaa ngegaraken swiwi panjenengan saha ngayomi dhateng ingkang abdi, amargi panjenengan ingkang wajib nebus kula.” (Rt. 3:9) Ana penerjemah jaman saiki sing nganggep nèk tumindak lan omongané Rut ana hubungané karo sèks. Nanging, wong kuwi ora nggatèkké rong fakta. Kapisan, tumindaké Rut cocog karo kebiyasaan jaman kuwi, sing ora dingertèni wong-wong jaman saiki. Dadi, awaké dhéwé ora isa nganggep nèk tumindaké Rut kuwi ana hubungané karo sèks merga ora ngerti kebiyasaan jaman kuwi. Kapindho, tanggepané Boas nduduhké nèk tumindaké Rut apik lan pantes dialem.

Alesané Rut nyedhaki Boas kuwi tulus, dudu mikirké kepentingané dhéwé

18. Boas ngomong apa bèn Rut tenang, lan rong katresnané Rut sing endi sing dimaksudké Boas?

18 Boas ngomong nganggo cara sing alus lan mesthi iki nggawé Rut dadi tenang, ”Hé anakku enggèr! Kowé binerkahana déning Sang Yéhuwah. Katresnanmu kang saiki iki ngluwihi kang dhisik, amarga kang koktutburi dudu wong nom-noman kang miskin utawa kang sugih.” (Rt. 3:10) Katresnan ”kang dhisik” maksudé katresnané Rut sing langgeng karo Naomi pas ngancani Naomi bali menyang Israèl, lan nyukupi kebutuhané Naomi. Katresnan ”kang saiki” maksudé ya kedadéan iki. Boas ngerti nèk sakjané wong wadon enom kaya Rut isa gampang éntuk bojo wong lanang sing luwih enom timbang Boas, embuh sugih utawa mlarat. Dadi, Rut ora mung péngin tumindak apik karo Naomi, nanging uga karo bojoné Naomi sing wis mati, bèn tetep isa neruské jenengé ing kutha asalé. Mula, Boas nggumun karo wong wadon sing ora mikirké kepentingané dhéwé iki.

19, 20. (a) Apa sebabé Boas ora langsung nikah karo Rut? (b) Nganggo cara apa waé Boas nduduhké sipat apik ati lan perduli karo jeneng apiké Rut?

19 Boas kandha manèh, ”Lah saikiné, anakku enggèr, aja sumelang atimu; kabèh kang kokaturaké iku bakal daktindakaké tumrap ing kowé; amarga saben wong ing kutha kéné ngreti, manawa kowé iku wong wadon kang becik.” (Rt. 3:11) Boas seneng nèk isa nikah karo Rut, mula dhèwèké iya ora kagèt wektu dijaluki tulung kanggo  nebus Rut. Nanging, Boas kuwi wong apik, dhèwèké dudu wong sing mung nuruti pepénginané dhéwé. Boas kandha karo Rut nèk ana salah siji sanak keluarga sing luwih cedhak karo keluargané bojoné Naomi sing wis mati, sing nduwé hak kanggo nebus. Boas mènèhi wong lanang kuwi kesempatan dhisik bèn isa dadi bojoné Rut.

Merga Rut apik ati lan ngajèni wong liya, Rut nduwé jeneng apik

20 Boas ngongkon Rut mapan turu manèh nganti ésuk mruput, bar kuwi Rut isa bali tanpa ana wong sing ngerti. Boas nindakké kuwi bèn dhèwèké karo Rut tetep nduwé jeneng apik. Sebab, isa waé wong-wong padha ngira nèk Rut karo Boas bar tumindak saru. Akiré Rut turu manèh ing cedhak sikilé Boas, mungkin karo pikiran sing tenang merga Boas wis nanggepi omongané nganggo cara sing apik. Bar kuwi wektu isih peteng, Rut tangi lan Boas ngisèni akèh barli ing sléndhangé Rut. Banjur, Rut mulih menyang Bètléhèm.​—Wacanen Rut 3:13-15.

21. Apa sing nggawé Rut dikenal dadi ”wong wadon kang becik”, lan piyé carané awaké dhéwé niru tuladhané Rut?

21 Rut mesthi seneng banget wektu mikirké omongané Boas. Saka omongané Boas, Rut dadi ngerti jebulé wong-wong nganggep Rut ”wong wadon kang becik”. Rut isa dikenal apik karo wong-wong mesthi merga pepénginané sing gedhé kanggo kenal lan ngabdi marang Yéhuwah. Rut uga wis nduduhké sipat apikan lan gatèkan marang Naomi lan bangsané, buktiné Rut gelem ngowahi kebiyasaan lan tumindaké bèn cocog karo kebiyasaané bangsa Israèl, senajan kuwi ora gampang. Nèk niru imané Rut, awaké dhéwé bakal ngupaya ngajèni wong liya lan kebiyasaané. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal dikenal nduwé jeneng sing apik.

Panggonan Ngaso kanggo Rut

22, 23. (a) Kira-kira, apa maksudé enem taker barli sing dikèkké Boas kanggo Rut? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Naomi ngongkon apa marang Rut?

22 ”Kapriyé, hé anakku enggèr?” Naomi takon karo Rut wektu dhèwèké tekan omah. Naomi takon kaya ngono merga péngin ngerti apa Rut isih randha kaya sakdurungé, utawa bakal nikah. Rut cepet-cepet nyritakké marang ibu maratuwané, kabèh kedadéan antarané dhèwèké lan Boas. Rut uga nduduhké barli sing kanthi loma dikèkké Boas kanggo Naomi. *Rt. 3:16, 17.

23 Nganggo cara sing wicaksana, Naomi ngongkon Rut ing  omah waé dina kuwi, lan ora njupuki sisa barli ing ladhang. Naomi ngyakinké Rut, ”Wong iku mesthi bakal ora lèrèn-lèrèn, yèn durung ngrampungaké prakara iku ing dina iki.”​—Rt. 3:18.

24, 25. (a) Apa buktiné nèk Boas wong sing apik ati lan ora mikirké kepentingané dhéwé? (b) Rut éntuk berkah apa waé?

24 Omongané Naomi kebukti bener. Boas lunga menyang gapura kutha, panggonan para pinituwa rapat. Lan nunggu nganti sanak keluargané Naomi teka. Ing ngarepé para seksi, Boas nawakké kesempatan marang wong lanang sing nduwé hak nebus tanah duwèké Naomi nganggo cara nikahi Rut. Nanging, wong lanang kuwi nolak, alesané merga isa ngrusak tanah pusakané dhéwé. Terus, ing ngarepé para seksi ing gapura kutha kuwi, Boas kandha nèk dhèwèké sing bakal nebus tanahé Élimèlèkh, bojoné Naomi sing wis mati. Boas uga bakal nikahi Rut, randhané Makhlon, anaké Élimèlèkh. Boas nindakké kuwi ”supados nggesangna malih namanipun ingkang sampun tilar tumrap ing siti pusakanipun.” (Rt. 4:1-10) Boas bener-bener wong sing apik ati lan ora mung mikirké kepentingané dhéwé.

25 Boas akiré nikah karo Rut. Bar kuwi, Alkitab kandha, ”Sang Yéhuwah iya nuli paring kamirahan marang Rut, temah bisa ngandheg [utawa, meteng] sarta duwé anak lanang.” Wong wadon ing Bètléhèm padha mberkahi Naomi lan ngalem Rut, uga kandha nèk Rut luwih apik ketimbang anak lanang pitu kanggo Naomi. Bar kuwi, awaké dhéwé sinau nèk anaké Rut dadi leluhuré Raja Dawud sing agung. (Rt. 4:11-22) Terus, Dawud dadi leluhuré Yésus Kristus.​—Mt. 1:1. *

Yéhuwah mberkahi Rut dadi leluhuré Sang Mèsih

26. Tuladhané Rut lan Naomi ngélingké awaké dhéwé bab apa?

26 Rut bener-bener diberkahi, semono uga Naomi, sing mbantu ngurusi anaké Rut kaya anaké dhéwé. Uripé Rut lan Naomi dadi pangéling-éling sing cetha nèk Yéhuwah nggatèkké wong-wong sing gelem nyambut gawé tenanan kanggo nyukupi kebutuhan keluargané, lan wong sing setya ngabdi bareng umaté. Yéhuwah ora bakal lali mberkahi wong-wong sing nduwé iman, kaya Boas, Naomi, lan Rut.

^ par. 7 Kaya sing diomongké Naomi, sipat apik atiné Yéhuwah ora mung kanggo wong sing isih urip, nanging uga kanggo wong sing wis mati. Naomi wis kélangan bojoné lan anaké loro, Rut kélangan bojoné. Wong lanang telu kuwi mesthi penting banget kanggo Naomi lan Rut. Tumindak apik ati sing diduduhké marang Naomi lan Rut sakjané diduduhké marang wong lanang mau. Wong-wong lanang kuwi mesthi péngin kebutuhané Naomi lan Rut dicukupi.

^ par. 11 Hak kanggo nikah karo randha mau, lan hak kanggo éntuk warisan, sepisanan dikèkké marang kakangé utawa adhiné wong lanang sing wis mati. Bar kuwi, lagi dikèkké marang sedulur lanang liyané sing paling cedhak.​—Wi. 27:5-11.

^ par. 22 Boas mènèhi Rut enem taker sing boboté ora disebutké. Iki mungkin nduduhké kaya enem dina kerja, lan bar kuwi ana dina Sabat kanggo ngaso. Dina-dinané Rut dadi randha lan nyambut gawé bakal dipungkasi merga Rut bakal ”ngaso”, sebab Rut bakal nduwé keluarga lan bojo sing isa nyukupi kebutuhané. Nanging isa waé, enem taker, mungkin enem sekop kebak, kuwi mung jumlah sing isa digawa Rut.

^ par. 25 Rut kuwi salah siji saka wong wadon lima sing disebutké Alkitab ing daftar silsilahé Yésus. Sing liyané yaiku Rakhab, ibuné Boas. (Mt. 1:3, 5, 6, 16) Kaya Rut, dhèwèké uga dudu wong Israèl.