Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah

Pilih basa Jawa

 BAB WOLU

Dhèwèké Tetep Setya Senajan Ngrasakké Gela

Dhèwèké Tetep Setya Senajan Ngrasakké Gela

1. Apa sebabé wong-wong ing Silo sedhih banget lan ngrasa kélangan?

SAMUÈL ngrasakké sedhihé wong-wong ing Silo. Kutha kuwi kaya-kayané banjir luh. Embuh ana pirang omah sing isiné wong wadon lan bocah-bocah sing padha nangis, merga krungu kabar nèk bapak, bojo, anak lanang lan sedulur lanangé ora bakal bali manèh. Israèl kélangan 30.000 prajurit merga kalah perang karo wong-wong Filisti, padhahal sakdurungé Israèl bar kélangan 4.000 wong merga perang liyané.​—1 Sa. 4:1, 2, 10.

2, 3. Apa waé kedadéan sing ngisin-isinké lan nggawé Silo ora diurmati manèh?

2 Kuwi salah siji kedadéan saka akèh bencana liyané. Anaké Imam Agung Èli yaiku Hofni lan Pinéhas, maju perang saka Silo karo nggawa pethi prajanjiané Yéhuwah. Pethi suci kuwi biyasané didèlèhké ing papan maha suci sing ana ing kémah suci, yaiku téndha kanggo ngibadah. Pethi Suci kuwi nggambarké nèk Yéhuwah ana ing antarané umaté. Wong Israèl nggawa Pethi Suci kuwi pas perang, ngira nèk kuwi isa dadi jimat lan marahi menang. Nanging, wong-wong Filisti ngrebut Pethi Suci kuwi, lan matèni Hofni uga Pinéhas.​—1 Sa. 4:3-11.

3 Kémah suci ing Silo mauné diurmati nganti pirang-pirang atus taun merga ana Pethi Suci. Nanging saiki pethi kuwi wis ora ana. Pas krungu kabar iki, Èli sing umuré 98 taun nggeblag saka kursi lan mati. Dina kuwi, mantuné Èli sing lagi waé dadi randha, mati sakwisé nglairké anaké. Sakdurungé mati, dhèwèké kandha, ”Kaluhuran wus sumingkir saka ing Israèl.” Silo ora bakal dadi panggonan sing padha kaya mbiyèn manèh.​—1 Sa. 4:12-22.

4. Apa sing bakal dirembug ing bab iki?

4 Ing bab iki, awaké dhéwé bakal ngrembug jawaban saka pitakonan-pitakonan iki. Piyé tanggepané Samuèl pas ngadhepi rasa gela sing gedhé? Apa imané bakal cukup kuwat kanggo mbantu bangsa Israèl, sing wis ora dilindhungi lan ora disenengi Yéhuwah manèh? Awaké dhéwé saiki isa waé ngalami kasusahan lan rasa gela sing dadi ujian iman. Mula ayo sinau saka imané Samuèl.

 Dhèwèké ”Nindakaké Pangadilan”

5, 6. Sakdurungé nyritakké manèh bab Samuèl, apa sing dicritakké Alkitab saksuwéné 20 taun, lan saksuwéné kuwi Samuèl sibuk nindakké apa?

5 Crita Alkitab bar kuwi, nyritakké bab Pethi suci sing akiré dibalèkké wong Filisti merga wong Filisti dadi sengsara sakwisé ngrebut Pethi kuwi. Alkitab nyritakké manèh bab Samuèl kira-kira 20 taun sakwisé kedadéan kuwi. (1 Sa. 7:2) Apa sing ditindakké Samuèl saksuwéné kuwi? Alkitab ngandhani jawabané.

Piyé Samuèl isa mbantu wong Israèl ngadhepi rasa gela lan kélangan sing gedhé?

6 Alkitab ngandhani nèk sakdurungé mangsa 20 taun kuwi diwiwiti, ”Pangandikané Nabi Samuèl nyrambahi [utawa, nyebar] ing sawaratané tanah Israèl”. (1 Sa. 4:1) Alkitab ngandhani manèh nèk sakwisé 20 taun kuwi, Samuèl nduwé kebiyasaan nekani telung kutha ing Israèl saben taun, kanggo ngatasi masalah lan njawab pitakonan. Bar kuwi, Samuèl bali manèh ing kuthané ing Rama. (1 Sa. 7:15-17) Iki cetha nduduhké nèk ing mangsa kira-kira 20 taun suwéné, Samuèl sibuk banget.

Senajan Alkitab ora nyebutké bab Samuèl nganti 20 taun, nanging awaké dhéwé yakin nèk Samuèl tetep sibuk ngabdi marang Yéhuwah

7, 8. (a) Sakwisé 20 taun ngupaya, apa kandhané Samuèl marang wong Israèl? (b) Piyé tanggepané wong Israèl sakwisé diyakinké karo Samuèl?

7 Tumindak saru lan bejat sing ditindakké anak-anaké Èli wis nggawé imané wong Israèl ilang. Akibaté, akèh sing nyembah brahala. Nanging, sakwisé 20 taun ngupaya, Samuèl kandha, ”Manawa kowé padha mratobat marang Sang Yéhuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyané lan para Asytorèt saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yéhuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yéhuwah; Panjenengané banjur bakal mitulungi kowé saka ing tangané wong Filisti.”​—1 Sa. 7:3.

8 ”Tangané wong Filisti” nindhes wong Israèl. Bar ngalahké pasukan Israèl, wong Filisti ngrasa nèk isa tumindak sakarepé dhéwé nindhes umaté Yéhuwah. Nanging Samuèl ngyakinké wong Israèl lan kandha nèk kahanané isa malih nèk wong Israèl nyembah Yéhuwah manèh. Piyé tanggepané wong Israèl? Wong Israèl padha nyingkirké kabèh brahalané lan ”mung ngabekti marang Sang Yéhuwah”, kuwi nggawé atiné Samuèl seneng. Samuèl nganakké pertemuan gedhé ing Mizpa, kutha ing pegunungan sisih loré Yérusalèm. Bangsa kuwi ngumpul, pasa, lan mertobat saka kabèh dosa nyembah brahala.​—Wacanen 1 Samuèl 7:4-6.

Wong Filisti ngira nèk pertemuan umaté Yéhuwah sing mertobat dadi kesempatan kanggo nindhes bangsa kuwi

9. Kesempatan apa sing didelok wong Filisti, lan piyé tanggepané bangsa Israèl wektu krungu bab warta sing mbebayani kuwi?

 9 Wong Filisti ngerti bab pertemuan kuwi. Kanggoné wong Filisti, kuwi kesempatan kanggo matèni umaté Yéhuwah. Mula, wong Filisti ngirim tentara menyang Mizpa. Wektu krungu bab kuwi, wong Israèl dadi wedi. Banjur, bangsa Israèl njaluk Samuèl ndonga. Samuèl terus ndonga karo mènèhi kurban kanggo Yéhuwah. Wektu Samuèl isih mènèhi kurban, wong Filisti teka. Yéhuwah njawab dongané Samuèl. Yéhuwah kaya-kayané nggero wektu ”ndhatengaké gludhug kang swarané ngébat-ébati ing sandhuwuré bangsa Filisti” lan wong-wong Filisti dadi gègèr.​—1 Sa. 7:7-10.

10, 11. (a) Apa sebabé swara gludhug saka Yéhuwah kanggo wong Filisti kuwi dudu swara gludhug biyasa? (b) Apa hasil saka perang sing diwiwiti ing Mizpa?

10 Wong Filisti kuwi prajurit sing pengalaman lan kuwat, kuduné ora wedi wektu krungu swara gludhug. Merga sing biyasané wedi swara gludhug terus ndhelik ing mburiné ibuné kuwi cah cilik. Nèk nganti wong Filisti wedi, kuwi mesthi merga durung tau krungu gludhug kaya ngéné iki sakdurungé. Apa merga gludhug iki ”swarané ngébat-ébati”? Apa kuwi kedadéan wektu langité ora mendhung, utawa apa padha bingung merga swara kuwi ngumandhang ing bukit-bukit? Sing jelas, swara kuwi nggawé wong Filisti wedi banget. Merga bingung, wong Filisti ora nyerang malah diserang. Wong Israèl padha sumebar metu saka Mizpa, ngalahké, lan nguber wong Filisti nganti adohé pirang-pirang kilomèter ing sisih barat daya Yérusalèm.​—1 Sa. 7:11.

11 Perang kuwi penting banget kanggo umaté Yéhuwah. Merga bar kuwi, saksuwéné Samuèl dadi hakim, wong Filisti ora tau menang nglawan Israèl. Kutha-kutha direbut manèh karo bangsa Israèl.​—1 Sa. 7:13, 14.

12. Apa tegesé Samuèl ”nindakaké pangadilan”, lan sipat apa sing nggawé dhèwèké suksès?

12 Atusan taun bar kuwi, rasul Paulus nulis nèk Samuèl kuwi salah sijiné hakim lan nabi sing nduwé iman, sing ”nindakaké pangadilan”. (Ib. 11:32, 33) Tegesé, Samuèl nindakké apa sing apik lan bener miturut Yéhuwah, lan mbantu wong liya nindakké sing padha. Dhèwèké suksès merga sabar ngentèni Yéhuwah, tetep setya nindakké tugasé senajan ngrasakké gela. Samuèl uga nduduhké rasa ngajèni sing gedhé. Sakwisé menang ing Mizpa, Samuèl nggawé tugu kanggo ngéling-éling carané Yéhuwah mbantu umaté.​—1 Sa. 7:12.

13. (a) Sipat apa waé sing isa disinaoni saka Samuèl? (b) Kapan wektu sing apik kanggo nguwatké sipat-sipat kaya Samuèl?

 13 Apa panjenengan péngin ”nindakaké pangadilan”? Nèk iya, panjenengan kudu sinau saka sipaté Samuèl sing sabar, andhap asor, lan ngajèni. (Wacanen 1 Pétrus 5:6.) Awaké dhéwé mesthi butuh sipat kuwi, ta? Samuèl nguwatké lan nduduhké sipat-sipat kuwi wiwit isih enom, lan kuwi apik banget kanggo mbésuké wektu ngadhepi rasa gela sing luwih gedhé.

”Putra-Putra Panjenengan Tindak-Tandukipun Boten Kados Panjenengan”

14, 15. (a) Rasa gela apa manèh sing dirasakké Samuèl pas ”wis sepuh”? (b) Apa Samuèl kuwi bapak sing ora tegas kaya Èli? Terangna.

14 Bab Samuèl Alkitab kandha, ”Samuèl wis sepuh.” Wektu kuwi, Samuèl nduwé anak lanang loro sing wis diwasa, jenengé Yoèl lan Abia. Wong loro kuwi dikèki tanggung jawab kanggo mbantu Samuèl dadi hakim. Nanging, jebulé Samuèl klèru merga wis percaya karo anak-anaké. Senajan Samuèl jujur lan adil, nanging anak-anaké nggunakké jabatané kanggo kepentingané dhéwé, nggawé sing salah dadi bener lan sewaliké, uga nampa suap.​—1 Sa. 8:1-3.

15 Ing sawijiné dina, para tuwa-tuwa Israèl marani nabi sing wis  sepuh iki kanggo protès. Kandhané, ”Putra-putra panjenengan tindak-tandukipun boten kados panjenengan.” (1 Sa. 8:4, 5) Apa Samuèl ngerti bab iki? Alkitab ora crita. Nanging, ora kaya Èli, Samuèl kuwi bapak sing tegas. Yéhuwah nyenèni lan ngukum Èli merga ora ndisiplin anak-anaké sing jahat, sebab luwih ngajèni anaké ketimbang Gusti Allah. (1 Sa. 2:27-29) Nanging, Yéhuwah ngerti nèk Samuèl ora tumindak kaya Èli.

Piyé Samuèl ngadhepi rasa gela merga nduwé anak-anak sing jahat?

16. Piyé perasaané wong tuwa nèk anak-anaké mbrontak, lan piyé wong tuwa isa éntuk panglipur uga tuntunan saka tuladhané Samuèl?

16 Sakwisé ngerti tumindak bejat anak-anaké Samuèl, Alkitab ora nyritakké perasaané Samuèl, sing mungkin isin, kuwatir, utawa gela. Nanging, akèh wong tuwa mesthi isa mbayangké perasaané Samuèl wektu kuwi. Ing jaman saiki, anak-anak kerep mbrontak karo wewenang lan disipliné wong tuwa. (Wacanen 2 Timotéus 3:1-5.) Wong tuwa sing ngalami rasa sedhih kaya ngono isa éntuk akèh panglipur lan tuntunan nèk nggatèkké tuladhané Samuèl. Pendhiriané Samuèl tetep kuwat senajan anak-anaké tumindak ora setya. Élinga, senajan anak-anak ora isa dikandhani nganggo omongan lan disiplin, tuladhané wong tuwa isa dadi cara sing ampuh. Kaya Samuèl, wong tuwa mesthi nduwé kesempatan kanggo nggawé atiné Yéhuwah, Bapak ing swarga ngrasa seneng banget.

”Mugi Kaparenga Njumenengaken Ratu”

17. Para tuwa-tuwa Israèl njaluk apa marang Samuèl, lan piyé tanggepané Samuèl?

17 Anak-anaké Samuèl ora mikir nèk sipat srakah lan mung mikirké kepentingané dhéwé kuwi gedhé pengaruhé. Para tuwa-tuwa Israèl kandha karo Samuèl, ”Mugi kaparenga njumenengaken ratu ingkang ngerèh [utawa, mréntah] kula kados déné bangsa sanès-sanèsipun.” Apa bangsa kuwi nolak Samuèl? Samuèl wis makili Yéhuwah kanggo ngakimi bangsa kuwi puluhan taun. Sing dijaluk wong-wong kuwi dudu nabi kaya Samuèl, nanging raja. Bangsa-bangsa liya nduwé raja, lan wong Israèl ya péngin kaya ngono. Piyé tanggepané Samuèl? ”Tembung iku ora dadi renané Nabi Samuèl.”​—1 Sa. 8:5, 6.

18. Piyé Yéhuwah nglipur Samuèl lan nduduhké gedhéné dosa bangsa Israèl?

18 Gatèkna jawabané Yéhuwah wektu Samuèl ndonga bab kuwi, ”Turutana panyuwuné bangsa iku ing bab sakèhing prakara kang diaturaké marang sira, amarga dudu sira kang ditampik, nanging Ingsun kang ditampik supaya aja ngratoni manèh marang bangsa iku.” Samuèl kelipur, nanging bangsa kuwi wis ngrèmèhké Gusti Allah sing Mahakuwasa. Liwat nabiné, Yéhuwah ngandhani wong Israèl akibat sing bakal ditampa nèk nduwé raja manungsa. Pas Samuèl kandha bab iki, bangsa kuwi tetep ngèyèl, ”Boten, kedah wonten ratu  ingkang ngerèh kula.” Samuèl mesthi manut karo Yéhuwah, mula dhèwèké nglantik raja sing dipilih Yéhuwah.​—1 Sa. 8:7-19.

19, 20. (a) Piyé sikapé Samuèl wektu nglantik Saul dadi raja Israèl? (b) Piyé Samuèl terus mbantu umaté Yéhuwah?

19 Nanging, piyé sikapé Samuèl wektu nindakké kuwi? Apa karo nggrundel utawa wegah-wegahan? Apa Samuèl ngejarké rasa gela lan sengit saya gedhé ing atiné? Akèh wong mungkin bakal kaya ngono, nanging Samuèl ora. Dhèwèké nglantik lan ngakoni nèk Saul kuwi pilihané Yéhuwah. Samuèl ngambung Saul, kuwi tandha nèk dhèwèké ndhukung lan ngurmati Saul. Terus, Samuèl kandha, ”Sawangen, wong kang kapilih déning Sang Yéhuwah iku. Amarga saka sakèhing bangsa iku ora ana wong siji baé kang madhani.”​—1 Sa. 10:1, 24.

20 Samuèl ndelok sipat apiké wong sing wis dipilih Yéhuwah, dudu kekurangané. Saksuwéné urip, Samuèl terus nindakké sing bener miturut Yéhuwah ketimbang mung nuruti karepé manungsa sing kadhang molah malih. (1 Sa. 12:1-4) Dhèwèké uga setya nindakké tugasé, yaiku mènèhi naséhat marang umaté Allah bab bebaya rohani sing isa waé diadhepi. Samuèl uga nguwatké bangsa Israèl bèn tetep setya marang Yéhuwah. Naséhaté mlebu atiné wong-wong Israèl, akiré wong-wong kuwi njaluk Samuèl ndonga makili bangsa kuwi. Samuèl njawab, ”Muga adoha saka ing dosa marang Sang Yéhuwah, nganti lèrèn anggonku ndongakaké kowé; aku bakal nuduhaké kowé marang dalan kang becik lan bener.”​—1 Sa. 12:21-24.

Tuladhané Samuèl ngélingké bèn ora ngejarké rasa mèri utawa jèngkèl ngoyod ing ati

21. Wektu wong liya dipilih éntuk kedhudhukan lan pakurmatan, piyé tuladhané Samuèl mbantu panjenengan?

21 Apa panjenengan tau ngrasa gela wektu wong liya dipilih kanggo éntuk kedhudhukan lan pakurmatan? Tuladhané Samuèl kuwi ampuh banget bèn awaké dhéwé ora ngejarké rasa mèri utawa jèngkèl ngoyod ing ati. (Wacanen Wulang Bebasan 14:30.) Gusti Allah nduwé akèh banget gawéan kanggo saben abdiné sing setya.

”Sapira Lawasé Anggonira Nandhang Prihatin, Marga saka Saul?”

22. Apa sebabé pandhangané Samuèl bab Saul pancèn bener?

22 Pandhangané Samuèl bab Saul pancèn bener, merga Saul kuwi wong sing nggumunké. Awaké gedhé dhuwur lan dhèwèké kendel uga pinter, nanging Saul tetep apa anané lan andhap asor wektu mulai dadi raja. (1 Sa. 10:22, 23, 27) Sakliyané kuwi, Saul  uga nduwé kebébasan kanggo milih, yaiku kesanggupan kanggo milih arep urip kaya apa lan isa nggawé keputusan dhéwé. (PT. 30:19) Apa Saul nggunakké kesanggupan kuwi nganggo cara sing bener?

23. Sipat apik apa sing paling cepet ilang saka Saul, lan piyé Saul nduduhké nèk dhèwèké dadi saya sombong?

23 Sayangé, wektu wong éntuk kekuwasaan sing gedhé lan akèh, sipat apik sing paling cepet ilang yaiku andhap asor. Ora let suwé, Saul mulai dadi sombong. Dhèwèké milih ora manut préntahé Yéhuwah sing dikandhakké liwat Samuèl. Ing sawijiné dina, Saul dadi ora sabar terus mènèhi kurban. Padhahal sing kuduné mènèhi kurban sakjané Samuèl. Samuèl ngélikké Saul nganggo omongan sing tegas, lan ngramalké nèk kekuwasaan dadi raja ora bakal diteruské karo keluargané Saul. Nanging, Saul ora sinau saka disiplin iki, malah dhèwèké saya ora manut.​—1 Sa. 13:8, 9, 13, 14.

24. (a) Piyé Saul ora manut pas perang nglawan wong Amalèk? (b) Piyé tanggepané Saul wektu diélikké, lan apa keputusané Yéhuwah?

24 Liwat Samuèl, Yéhuwah mréntahké Saul maju perang nglawan wong Amalèk. Yéhuwah uga mréntahké supaya Agag, rajané sing jahat, dipatèni. Nanging, Saul malah ngejarké Agag tetep urip lan njupuk jarahan sing paling apik, padhahal kuwi kudu disirnakké. Sipaté Saul bener-bener wis malih, kuwi kétok wektu Samuèl ngélikké dhèwèké. Saul ora andhap asor, nanging malah golèk-golèk alesan kanggo mbenerké tumindaké, nyepèlèkké masalahé, uga nyalahké rakyaté. Wektu Saul ngrèmèhké lan nolak disiplin, dhèwèké kandha nèk sebagéan saka jarahan kuwi arep diwènèhké kanggo kurban marang Yéhuwah. Pas Saul kandha kuwi, Samuèl njawab, ”Mbangun-turut dhateng Allah, langkung saé tinimbang saos kurban.” Samuèl kendel ngélikké Saul lan kandha bab keputusané Yéhuwah, yaiku kekuwasaan dadi raja bakal dijupuk saka Saul, lan dikèkké marang wong liya sing luwih apik. *1 Sa. 15:1-33.

25, 26. (a) Apa sebabé Samuèl nelangsa banget, lan piyé Yéhuwah ngélikké Samuèl? (b) Pangéling-éling apa sing diparingké Yéhuwah marang Samuèl pas lunga menyang omahé Isai?

25 Samuèl ngrasa sedhih merga tumindaké Saul. Dhèwèké nyritakké  isi atiné marang Yéhuwah sewengi muput. Samuèl nelangsa banget. Sakjané Samuèl ndelok akèh potènsi sing apik saka Saul, nanging saiki kuwi siya-siya. Saul saiki wis malih, dhèwèké kélangan sipat-sipat apiké lan nglawan Yéhuwah. Samuèl ora gelem ketemu manèh karo Saul. Sakwisé kuwi, nganggo cara sing alus, Yéhuwah ngélikké Samuèl, ”Sapira lawasé anggonira nandhang prihatin, marga saka Saul? Wong iku rak wus Suntampik anggoné dadi ratuné Israèl? Wadhahira sungu isènana lenga lan mangkata. Sira Sunutus menyang ing omahé Isai, wong Bètléhèm, awit anaké ana kang Sunpilih dadi ratu tumrap Ingsun.”​—1 Sa. 15:34, 35; 16:1.

26 Kersané Yéhuwah ora gumantung karo manungsa sing ora sampurna lan kadhang kala ora setya. Nèk ana wong sing ora setya, Yéhuwah isa nggunakké wong liyané kanggo nindakké kersané. Mula, Samuèl dadi ora sedhih manèh merga Saul. Manut karo tuntunané Yéhuwah, Samuèl lunga menyang Bètléhèm, ing omahé Isai. Ing kana, Samuèl ketemu karo akèh anak lanangé Isai sing pawakané apik. Nanging sakdurungé, Yéhuwah ngélingké Samuèl bèn ora mung ndelok dhuwur lan bagusé waé. (Wacanen 1 Samuèl 16:7.) Akiré, Samuèl ketemu karo anak ragilé Isai, sing jenengé Dawud, iya kuwi pilihané Yéhuwah.

Samuèl sinau nèk kabèh masalah, kahanan, lan perasaan sing nyusahké ati isa dirampungké, malah digawé dadi berkah karo Yéhuwah

27. (a) Apa sing nggawé imané Samuèl saya kuwat? (b) Piyé perasaané panjenengan wektu maca bab tuladhané Samuèl?

27 Ing taun-taun pungkasan uripé, Samuèl saya ngerti nèk keputusané Yéhuwah milih Dawud kanggo nggantèni Saul kuwi pancèn bener. Saul saya mèri nganti péngin matèni Dawud, dhèwèké uga dadi murtad. Nanging, Dawud nduduhké sipat-sipat sing apik banget, yaiku kendel, setya, nduwé iman, lan ngabdi saktulusé ati. Pas arep mati, imané Samuèl uga saya kuwat. Samuèl ngerti dhéwé nèk kabèh masalah, kahanan, lan perasaan sing nyusahké ati isa dirampungké karo Yéhuwah. Yéhuwah malah isa nggawé kuwi malih dadi berkah. Uripé Samuèl sing digunakké kanggo ngabdi marang Yéhuwah mèh satus taun, dadi piwulang sing apik sing isa disinaoni. Ora nggumun nèk kabèh wong Israèl nangis wektu Samuèl mati. Ing jaman saiki, umaté Yéhuwah kudu mikirké tenanan, ’Apa aku arep niru imané Samuèl?’

^ par. 24 Samuèl dhéwé sing ngukum mati Agag. Raja Agag sing jahat lan keluargané ora pantes dimesakké. Atusan taun sakwisé kuwi, ”Haman, turuné Agag”, ngupaya mbasmi umaté Allah.—Ès. 8:3. Deloken Bab 15 lan 16 buku iki.